Materi Novel Merdeka Xl
A Tegese Novel Tembung novel asale saka basa Italia, novella, tegese samubarang crita utawa sapotong warta. Dadi, tegese novel yaiku salah sawijining karya sastra awujud prosa sing adate ditulis kanthi naratif utawa modhel njlentrehake rerangkening prastawa. Manawa dibandingake karo jinis karya sastra liyane, novel duwe crita sing runtut lan alur utawa dalane crita luwih ganep saengga cacahe kaca saka novel saora-orane 100 lan sawatara tembung-tembung sing dianggo ing antara 40.000 tembung. Titikane novel sing lumrah, kayata ing ngisor iki. 1.Lumrahe novel duwe tetembungan sing luwih saka 35.000. 2. Duwe alur sing ganep. Tegese, prastawa ing sajroning novel digambarake kanthi runtut, ngrembug prakara kanthi jembar lan luwih nunjem. 3.Tema ing novel ora mung siji, ana sing diarani tema sisihan utawa sampingan. 4.Paraga utawa tokoh ing novel bisa luwih saka siji utawa akeh, nanging duwe porsi sing satimbang. B Jinis Novel Minangka salah sawijining karya sas...