Materi Novel Merdeka Xl

 

A Tegese Novel

Tembung novel asale saka basa Italia, novella, tegese samubarang crita utawa sapotong warta. Dadi, tegese novel yaiku salah sawijining karya sastra awujud prosa sing adate ditulis kanthi naratif utawa modhel njlentrehake rerangkening prastawa. Manawa dibandingake karo jinis karya sastra liyane, novel duwe crita sing runtut lan alur utawa dalane crita luwih ganep saengga cacahe kaca saka novel saora-orane 100 lan sawatara tembung-tembung sing dianggo ing antara 40.000 tembung.

Titikane novel sing lumrah, kayata ing ngisor iki.

1.Lumrahe novel duwe tetembungan sing luwih saka 35.000.

2. Duwe alur sing ganep. Tegese, prastawa ing sajroning novel digambarake kanthi runtut, ngrembug prakara kanthi jembar lan luwih nunjem.

3.Tema ing novel ora mung siji, ana sing diarani tema sisihan utawa sampingan.

4.Paraga utawa tokoh ing novel bisa luwih saka siji utawa akeh, nanging duwe porsi sing satimbang.

 

B Jinis Novel

Minangka salah sawijining karya sastra gagrag anyar utawa modhern, novel ditulis adhedhasar gagasan utawa crita sing nggambarake sawijining kedadeyan kang nyata utawa ora nyata. Mula saka kuwi, novel raket karo masarakat amarga kedadeyan sajroning novel biasane ngenani bab sing lumrah dirasakake lan digatekake, utawa dibayangke ana sajroning urip. Kedadeyan sing maneka werna mau banjur ndadekake novel duwe maneka jinis, miturut kedadeyane, genre, sarta isi lan paragane.

1.Miturut kedadeyane, novel kaperang dadi loro, yaiku fiksi lan nonfiksi. Novel fiksi isine crita sing ora ana ing kanyataning urip saengga wujude bab-bab sing dibayangke ana (rerekan). Dene novel non fiksi isi critane adhedhasar kasunyatan urip saengga nalika diwaca, pamaca bisa rumangsa utawa rumesep ing bab-bab sing ana sajroning crita.

2. Miturut genre, novel kaperang dadi lima, yaiku novel romantis sing nyritakake babagan katresnan, novel horor sing duwe alur utawa dalan crita medeni amarga sing dicritakake babagan mistis utawa alam gaib saengga bisa gawe pamaca wedi, novel misteri sing bisa gawe pamaca duwe rasa kepengin ngerti utawa penasaran ing pungkasane crita, novel komedi sing critane lucu saengga bisa gawe pamaca ngguyu, pungkasan yaiku novel inspirasi sing critane bisa didadekake semangat dening pamaca, adate novel iki isine pesen moral.

3.Miturut isi lan paragane, novel kaperang dadi papat, yaiku novel teenlit sing paraga ing critane wong-wong enom, novel songlit sing sumbere saka tembang/lagu, novel chiclit sing paraga lan critane babagan wong wadon kang isih nom, sarta novel jinis diwasa sing isine crita diwasa saengga mung kena diwaca dening wong sing umure wis cukup.

 

C Struktur lan Unsur Novel

Karyasastra mesthine duwe apa sing diarani struktur lan unsur. Struktur lan unsur mau sing bakal mbangun novel supaya prastawa utawa kadadeyan sajroning novel bisa kacaritakake kanthi runtut lan becik. Struktur iku kaya sing diandharake ing ngisor iki.

1.Abstrak

Ringkesanisi saka novel kanggo gambaran kapisan. Struktur iki bisa ana, uga bisa ora manut kabutuhane panulis. Ing perangan iki, adate penulis nepungke para paraga sing wigati jroning novel lan kahanan sing dialami supaya pamaca luwih gampang ngerti critane.

2. Orientasi

Ingstruktur iki, panulis jlentrehake kedadeyan sing miwiti prakara kanthi menehi gegambaraning wektu, swasana, lan panggonan. Kajaba kuwi, panulis uga jlentrehake kagiyatan (sing bakal gegayutan karo wosing masalah) sing adate dilakokake paraga.

3. Komplikasi

Perangansing jlentrehake prakara-prakara utawa konflik adhedhasar anane sabab lan akibat utawa urut-urutane kedadeyancrita.

4.Evaluasi

Ingstruktur iki, crita mlebu puncaking masalah utawa konflik saengga wong sing maca uga melu rumangsa sumelang.

5. Resolusi

Perangan iki isine candhakan utawa pamecahing masalah saka konflik sing dicritakake jroning novel. Kadhangkala, ana uga pangrasane panulis ngenani konflik mau sing diaturake lumantar paraga.

6. Koda

Kodayaiku struktur sing mungkasani crita. Ing perangan iki bakal dijlentrehake kepriye nasibe paraga sawise ngadhepi prakara. Perangan iki minangka pungkasane novel sing adate isine pesen moral kanggo pamaca.

Sawise ngerti apa wae struktur novel, bab sabanjure sing prelu uga dingerteni, yaiku unsur-unsur sing mbangun novel. Diarani mbangun jalaran crita jroning novel bisa lumaku utawa dibayangke dening pamaca amerga anane unsur iki kabeh. Padha karo karya sastra prosa liyane, novel diwangun saka unsur intrinsik kang asale saka crita iku dhewe lan ekstrinsik kang asale saka njaba crita. Unsur-unsur intrinsik novel yaiku kaya ing ngisor iki.

1. Paraga lan dhapukan, yaiku pawongan sing ana sajroning novel. Paraga iku adate kaperang dadi 3, yaiku protagonis sing duwe watek becik, antagonis sing duwe watek ala, lan tritagonis yaiku paraga tambahan kang nyengkuyung paraga liyane.

2. Tema, yaiku dhasaring pikir sing dadi gagasan utama saka novel. Tema duwe sipat sing kaya padatan, amarga sipate iku pamaca kudu nggoleki dhewe apa sing dadi tema saka kedadeyan sajroning crita.

3. Alur, yaiku urut-urutaning kadadeyan sajroning novel. Jinising alur ana 3, yaiku alur maju utawa progresif, alur mundur utawa regresif, lan alur campuran.

4. Latar, yaiku papan panggonan, wektu, lan swasana jroning novel. Perangan iki menehi gambaran sing asale saka wewayangan wong sing maca ngenani lingkungan sakubenge ing sajroning novel.

5. Punjering crita, yaiku carane panulis nggambarake utawa nyritakake kedadeyan sajroning novel. Punjering crita kaperang dadi loro, yaiku wong kapisan kanthi nyebutake aku, kula,lan sapiturute, sarta wong katelu kanthi nyebutake dheweke, piyambakipun, lan sapiturute.

6. Lelewaning basa, yaiku werna basa sing dianggo dening panulis. Pamilihan warna basa dening panulis ancase supaya dalan utawa alur critane luwih ndhudhut ati jalaran anane pamilihing tembung (dhiksi), struktur ukara, lan werna basa.

7. Amanat, yaiku pesen utawa piwulang sing arep diandharake panulis marang pamacane. Padha karo tema, amanat crita uga ora diaturake kanthi blaka saengga wong sing maca prelu mutusi utawa ngringkes dhewe apa amanat utawa piwulang sing bisa dijupuk saka crita mau.

 

Tuladha Novel

NOVEL 1

Riviera

dening: Sitta M Zein

Siji

"Kae digoleki Minho-mu," kandhane Mafaida karo njawil Riviera.

Krungu kandhane Mafaida, sanalika cewek-cewek kuwi padha ngguyu. Nyawang Farrel lan Riviera gentenan karo mbeda kelorone sing marahi Riviera isin lan salah tingkah.

"Kok Minho, ta? Ketuwan! Chanyeol!" bengoke Cintya terus kesusul guyune kanca liyane.

Rada kikuk Riviera ninggalake kanca-kancane. Marani Farrel sing isih ngadeg nggejejer neng lawang. Saka mburine Riviera keprungu suwara "ihik", "suwit-suwit", lan maneka suwarane kanca-kancane.

"Isih nesu, ta?" takone Farrel nalika Riviera wis ana ngarepe. Riviera ora wangsulan. Mung terus ndhungkluk, nyawang jobin. "Ya... maaf nek marahi kowe mangkel."

Riviera rada ndhangak. Nyawang Farrel. Tanpa esem.

"Aku wingi mung omong apa anane," bacute Farrel.

Riviera babar pisan durung kumecap, nalika bel sing nandhakake pelajaran tambahan bakal diwiwiti, njerit persis neng ndhuwur sirahe. Riviera njingkat. Tanpa kandha piye-piye, bocah wedok kuwi terus minger lan mlangkah bali mlebu kelas. Ditinggal dening Riviera tanpa pamitan, Farrel uga terus mlangkah bali menyang kelase dhewe.

Kanca-kancane sing mau nggrombol neng sisih ngarep utawa mburi kelas, wis bubar. Sebageyan sing melu pelajaran tambahan terus padha mapan neng kursine. Dene sing ora melu, padha ninggalake kelas.

Neng njaba, udan riwis-riwis. Neng daerah tropis, klebu Semarang iki, wulan Januari pancen mangsane udan. Udan sing ora nyawang wayah. Udan sing bisa tiba sawayah-wayah. Kaya dina iki. Udan wiwit esuk mau, persasat durung ana lerene.

Sajrone kahanan sing rada atis iki, pelajaran tambahan diwiwiti. Nanging pasinaon sing diwulangake dening guru awan kuwi babar pisan ora nyanthel neng pikirane Riviera. Bola-bali dheweke nyoba konsentrasi, supaya olehe ucul ragad kanggo mbayar pelajaran tambahan iki ora muspra. Meksa ora kasil. Obrolane karo Farrel rong dina kepungkur, isih ngganggu pikirane.

"Kuliyah ra jaminan gampang entuk gaweyan," kandhane Farrel nalika kuwi. "Nyatane kancane kakangku, sarjana, le mlebu nganggo ijazah SMA. Kan rugi le kuliyah. Rugi biaya, rugi wektu. Lha mbok rasah kuliyah."

"Oraa jaminan, ning nek kuliyah isa milih. Arep kerja nganggo ijazah SMA pa sarjana," wangsulane Riviera.

"Milih ki nggo wong-wong sing nduwe dhuwit. Kaya kancamu si Solana pa Nareswari ngana kae," Farrel ora gelem kalah. "Nek kaya awake dhewe, realistis wae. Kuliyah taun-taunan, lulus rung karuwan terus entuk gaweyan. Mendhing golek kerja."

"Emang nek mung lulus SMA njur luwih gampang entuk kerja?"

"Ya...." Farrel katon mikir sedhela. "Paling ora, ra terlalu pilih-pilih. Lowongan kerja neng pabrik, sing digoleki paling akeh lulusan SMA. Nek sarjana mesthi gengsi arep nglamar. Kejaba kepepet," bacute Farrel.

Riviera meneng. Ora kok ora nduwe argumen, nanging merga wegah nanggapi. Setaun luwih sesambungan, ndadekake dheweke apal karo aten- atene bocah kuwi. Farrel yen wis nduwe penemu, angel nampa penemune wong liya. Apameneh penemune Riviera. Hhh.... Riviera unjal ambegan. Jane kala-kala dheweke risi, ora nyaman karo sikape kuwi. Neng bab apa wae, Farrel mesthi kepengin dominan. Luwih-luwih karo dheweke, sing statuse pacare. Soal dominasi kuwi sing marahi Riviera kala-kala mangkel karo Farrel.

"Kakangku sing neng Bekasi janji arep nggolekke gaweyan. Sesuk kowe ben digolekke sisan. Dadi awake dhewe isa tetep bareng," Farrel ngomong meneh. Bathuke

Riviera sanalika njengkerut krungu ukara kuwi. "Lha aku arep kuliyah kok.”

"Ck! Sesuk nek wis kerja, wis mapan, kuliyah ki gampang."

"Lha aku ki pengin dadi guru! Mosok neng pabrik sik lagi kuliyah! Ya langsung kuliyah ta, ya.”

"Ah! Guru saiki rung karuwan diangkat dadi pegawe negeri."

"Mbuh negeri mbuh ora, arep dadi guru ki kudu kuliyah!"

"Kuliyah... neng Semarang?" pitakone Farrel.

"Lha iya, neng Sekaran. Neng Unnes. Emang arep neng ngendi neh?" wangsulane Riviera sengak. Takonane Farrel kuwi mau, kanggone Riviera rada lucu. Genah ngerti yen kulawargane Riviera pas-pasan kok takon kaya ngono.

"Nek aku neng Bekasi, terus hubungane awake dhewe piye?"

"Ya ra piye-piye. Wong ana hape kok. Wong tuwamu ya neng kene. Mosok kowe ra mulih?"

Farrel meneng sedhela. "Muliha nek sing diulihi beda..."

"Beda apane?"

"Lha wis dadi mahasiswa. Mesthi rumangsa luwih dhuwur tinimbang aku sing mung lulusan SMA."

"Ya ora!" penyaute Riviera.

Farrel ora peduli wangsulane Riviera. Bocah lanang kuwi nerusake ukarane. "Apaneh nek arang le ketemu," kandhane Farrel.

"Maksudmu?"

"Ya... ya kaya sing takomongke. Mbok kowe melu kerja sisan wae neng Bekasi. Ben cedhak, isa kerep ketemu."

"Mosok melu neng Bekasi?"

Farrel ora gage wangsulan. Nyawang kadohan sedhela, terus noleh Riviera. "Ya... kowe kerja neng Semarang ya rapapa wis."

"Piye, ta? Nek kowe arep neng Bekasi, ya mangkat wae rapapa. Aku tetep neng Semarang. Arep kerja pa kuliyah, kan padha wae, ta?"

"Beda!" wangsulane Farrel rada emosi.

"Bedane apa?"

"Kowe kuliyah!" Farrel tambah emosi.

"Nek aku kuliyah, njur ngapa?"

Farrel nyawang Riviera. Arep muni, nanging ragu-ragu. Tembung- tembung sing wis dirakit sajrone pikirane, sajake angel ditokake.

"Merga kowe ra pengin kuliyah, njur aku kokkon ra kuliyah?" pisan iki genti Riviera sing emosi.

Farrel ora wangsulan. Nanging saka panyawange, Riviera ngerti menawa bedhekane ora mrucut. Bocah wedok kuwi unjal ambegan. Minger. Banjur klepat, ninggalake Farrel. Sing ditinggal nyoba ngoyak. Tangane kumlawe nyekel pundhake Riviera. Nanging karo Riviera, tangan kuwi gage dikipatake.

"Gek digarap," Meify nyikut bangkekane Riviera.

Sing disikut kaget. Noleh sing nyikut. Terus nyawang papan tulis neng ngarep kelas sing kebak tulisan lan gage mbukak buku tulise.

 

Loro

Kim Tan lagi mepetake awake Cha Eun-sang neng tembok nalika ibune liwat. Adegan drama Korea kuwi njalari Riviera melu dhegdhegan. Wong tuwane Kim Tan kuwi ora seneng karo Cha Eun-sang. Ora seneng yen Kim Tan pacaran karo Cha Eun-sang sing mung anake pekerja rumah tangga. Untung ibune Kim Tan banjur bablas mlebu ruangan liya. Riviera sing nonton adegan kuwi melu lega, aksine Kim Tan ora konangan.

"Heh, karo dicandhak gaweyane," aloke Nuryati weruh anak wedoke kamitenggengen nyawang Minho lan Park Shin-hye. "Ora menthelengi tivi wae."

Riviera mlengeh. Isin. "Lha ngedheg-dhegi je, Bu," wangsulane Riviera karo ngranggeh tumpukan rosok neng ngarepe.

"Bagor mburimu kuwi tariken mrene," akone Nuryati.

Riviera minger. Bagor sing maune njenggunuk neng mburine, dijunjung. Terus isine disok neng ngarepe. Ya kaya ngono kuwi gaweyane Riviera saben dinane. Saben mulih sekolah, dheweke lan adhine ngrewangi wong tuwane milah asil gresek rosokan. Dina iki rada akeh sing kudu ditandangi. Asil gresek pirang-pirang dina wingi isih numpuk. Durung rampung dipilah amarga ndilalah entuk barang akeh.

Nuryati ngolak-alik rosok sing lagi wae disok dening Riviera. Sat-set milah barang-barang kuwi, banjur pilahane ditumpuk neng wadhah sing wis dicepakake. Riviera uga banjur nyandhak asil kerjane wong tuwane kuwi. Senajan saben dina ngrewangi, nanging dheweke durung bisa temandang cepet, sat-set kaya ibune. Ndilalah wengi iki pikirane lagi ora fokus, dadi bola- bali kleru anggone nyelehake. Dupleks dicemplungake neng wadhah kertas buram. Plastik bening dicampur plastik warna. Aluminium didadekake siji karo tembaga.

Weruh Riviera sing bola-bali kleru anggone milah, Nuryati alok maneh, "Weleh! Wis pateni tivine nek klera-kleru wae."

"Aja sik!" wangsulane Riviera gage. "Lagi seru je. Ora merga tivine kok." Nuryati njengek. Nyawang anak mbarepe. "Lha merga apa?"

Riviera ora wangsulan. Nginggati panyawangi ibune sinambi nerusake anggone temandang.

"Ngapa, ta? Mikir apa?" pitakone Nuryati.

Ditakoni ngono, Riviera ndhungkluk. Weruh tangkepe Riviera, Nuryati tansaya ndhedhes. "Hapene rusak neh pa piye? Apa ana buku sing kudu dituku?"

Riviera gedheg. Nuryati unjal ambegan. Sepi. Kekarone padha dene ora celathu. Mung suwara tivi sing keprungu. Tivi sing gambare wis bruwet, suwarane ora ajeg. Disetel lirih ujug-ujug sero dhewe. Bareng dilirihake kadhang-kadhang malah ilang suwarane.

"Wis rong dina Farrel kok ra ngeterke mulih?" Nuryati takon sawise sauntara padhadene meneng. "Nesonan, pa?"

Riviera angluh. Nglirik ibune karo nylonjorake sikile.

"Oh. Dinesoni Farrel? Mulane le nyortir klera-kleru wae."

"Dudu dinesoni!" panyaute Riviera. "Aku sing nesu!" wangsulane Riviera sengol.

"Lha ngapa?"..

Isih ana bacute......

(Kapethik saka novel Riviera karyane Sitta M Zein, diterbitake dening Penerbit Griya Jawi lan Organisasi Pengarang Sastra Jawa, 2023)




NOVEL 2

 OTO MOGOK


Dening:Margana Djajatmadja

 

".....judheg Aku!", punika angluhipun satunggaling priyantun ngadeg, cancut,wonten ngiringanipun motoring oto ingkang sampun kabikak tutupipun.Wironipun kablesekaken menginggil,ngantos kathokipun ketingal sekedhik,jasipun sampun kabikak, kantun ngangge rangkepan. Pacaking awak methentheng ragi mbungkuk. Nering pandulu tumuju dhateng mesining oto. Sajak migatosaken sanget dhateng kawontenaning oto punika.


Nitik tetesing kringetipun saking bathuk tuwin saking gutu, datah telesing rangkepan ingkang wingking, cetha yen priyantun wau sampun kepara dangu tumandang damel awrat. Saboten-botenipun inggih kaesuk ngongsronging manah.

Priyantun wau umuripun udakawis seketan taun, nanging kabekta saking saening awak,lan saged ugi saking anggenipun boten alitan manah, ketingalipun saweg umur kawan dasan taun.

Ing salebetipun oto wau ingkang linggih ing bak wingking sisih kiwa priyantun estri, umur tigang dasa gangsalan taun, ingkang wonten sisih tengen ugi priyantun estri wetawis saweg pitulasan taun.

Memperipun priyantun estri ingkang wonten sisih kiwa punika bojonipun, ingkang wonten tengen anakipun.

Ing salebetipun priyantun wau uthek madosi ingkang njalari mogoking otonipun,ingkang estri ketingal suntrut. Tanganipun tengen sedhakep, awake kasendhekaken ing cagaking tendha, sirahipun kabantalaken tangan kiwa. Kados boten mokal yen ta kawastanana saweg susah manahipun.

Nanging anakipun boten makaten. Linggihipun sendhen, ketingal sajak sasekecanipun,sumelehing pasemon kenging dipunwastani mesem ajegan.Tanganipun tansah ngolak-alik kacunipun sutra ingkang sinulam peni.

Ngantos sawetawis dangu priyantun tetiga wau boten sami cecriyosan,dumadakan ingkang estri sumela sanjang dhateng ingkang jaler semu netah.

"Ta,Pak! Biyen mula aku rak wis kandha yen wong ngingu oto kuwi akeh kesusahane."

"Hem! Ibune mono wasis yen mung nutuh."

Anakipun nyelani.

"Yah, Ibu ki! Punapa inggih oto punika namung murugaken kesusahan thok? Wong lagi sepisan bae dingendikakake akeh!"

"Lah ya kuwi, Tien, nek ibumu."

"Nyatane nek kaya ngene iki priye hara? Mangka neng tengah bulak, wis jam setengah nem, kathik atise kaya ngene. Gunung Sumbing wis kemul ampak-ampak,dalah ing Kledhung ya wis meh putih, dhasar dalane sumengka, kok jebul otone bobrok!"

"Yah, Ibune ki ta! Rak ya lumrah ta yen oto kuwi sok mogok, ora kok banjur bobrok ngono. Iki rak mung saka ana adon-adon sing durung mathuk utawa mleset saka mesthine. Ana oto isih kincling-kincling ngene jare bobrok."

"Ingkang risak menika menapanipun ta, Pak? Mangke gek dipunpaeka sopir ingkang mentas medal menika."

"Mempere ya ngono, Tien, nanging Bapakmu ora priksa."

"Hara ta Ibune kuwi rak tanduk maneh olehe nutuh... Nek pangiraku ora. Sabab metune kuwi jalaran dheweke dadi lurah desa, tur maneh neng jajahanku, dadi mesthine ora gelem gawe wisuna menyang aku."

"Ngono-ngonoa kae nyatane! Nek kaya ngene iki banjur priye hara?"

"Sawise kepriye, lah ya kudu nrima. Mengko yen ana oto saka Wanasaba utawa saka Parakan sing wis ngglondhang, ya padha nunggang kuwi bae."

"Inggih,Pak,terkadhang mangke wonten saestu, nanging sewanipun inggih lajeng awis."Ibunipun nyambeti.

"Prakara laranging sewan kuwi dudu barang-barang,balik anane bae durung karuwan!Mangka dina iki ora kebener pasaran Kreteg utawa Parakan, kathik wis wayah ngene,


bisane ana saka ngendi?" Wedaling wicanten makaten wau kanthi sugal, mratandhani saya sanget anyeling manahipun lan kados dene sampun telas pangajeng-ajengipun.Boten dangu lajeng gremis. Anakipun alok.

"O, gremis, Pak, mbok sampun mangga, lengggah nglebet kemawon, Pak!"

"O,la kok iya! Ya wis nrima dhisik."

Priyantun wau lajeng mlebet ing oto, linggih ing bak ngajeng. Ingkang estri nyambeti kaliyan sajak mbeda.

"Hara ta rasakna! Ora gremis kuwi anake sapa! Wong mendhunge kaya ngana kandele."

Criyos makaten wau kaliyan mbenakaken rimongipun kangge kudhung lan kaubedaken ing gulu, ngantos rapet, kupingipun boten ketingal.Linggihipun mentengah lajeng sila. Makaten wau perlu kangge namengi pangamukipun hawa ingkang saya sakelangkung atis.

Mogoking oto wau wonten tengah-tengahing bulak, kaprenah sangandhaping Dhusun Kledhung. Dene Kledhung punika dumunung ing papan ingkang inggil,kleres ereng-erengipun Redi Sumbing lan Sindara, wonten saantawisipun Parakan (Temanggung) kaliyan Kreteg (Wanasaba). Saking Kledhung dhateng Parakan utawi Kreteg sami tumurunipun.

Ing Kledhung menika misuwur atisipun. Dhasar anginipun sumribit, sinembuh gremisipun tanpa kendhat, sampun temtu atisipun tikel. Sampun ingkang kados kawontenan kasebut nginggil wau, saweg ing wanci jam kalih welas siyang, tur suryanipun jumepret kemawon hawanipun meksa atis.Langkung-langkung tumrap para tiyang ing tanah ampah.

Kala semanten ing salebeting oto boten wonten ingkang sami cecriyosan, namung sami sedhakep. Awit kejawi ngraosaken atising hawa, inggih saya judheg manahipun.Boten kantenan tujuning kajeng, sadaya namung sami ngetut lampahing gagasanipun piyambak-piyambak. Pinten-pinten lelamunan. Nanging boten wonten ingkang saged mbirat ewed-pakewedipun, destun namung malah saya ngimbeti ribeding manah.

Namung anakipun ingkang ketingal boten patos susah. Sekedhap ningali Redi Sumbing utawi Sindara, ingkang saya dangu namung ketingal ngregemeng kemawon.Sekedhap ningali padhusunan ing lengkehipun Redi Sumbing.Saweneh wonten ingkang ketingal pethak kados tiyang sami ndhodhok ningali priyantun tiga ingkang wonten salebeting oto wau. Sekedhap malih ningali raining ibunipun, ingkang ngendhanu kados mendhung. Ing batos ngesemi, dene sampun sepuh teka kirang sabar ing manah.Dangu-dangu kepengin gineman, taken dhateng ibunipun.

"Bu, Bu! Nuwun sewu inggih Bu! Ibu kok ngendika klesak-klesik menika ngendika kaliyan sinten ta, Bu? Menapa saweg ndonga?" Anggenipun pitaken makaten wau kaliyan gumujeng sarwi nutupi lambenipun mawi kacu. Bapakipun nyambeti kaliyan mesem.

"Nengna we rak wis Tien! Ibumu kuwi lagi muja semadi, kok."

"Kowe mono Tien, bocah ora Jawa, wong kuwi rak iya sabisa-bisane,nenuwun menyang Sing Gawe Urip ta."

"O,inggih sukur ta, Bu!"

Thik-thiking sekon dados menit, klempaking menit dados jam. Sareng sampun sawetawis jam anggenipun wonten salebeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng,gremis, lan angin ngidit, dumadakan kacaning tendha ingkang wingking mak byar,ketingal padhang.Padhangipun terus dhateng kaca ngajeng, nyrambahi salebeting oto.


Sedaya sami noleh dhateng wingking. Ingkang wonten bak wingking nginjen saking kaca,ingkang wonten bak ngajeng kepeksa manglung dhateng jawi,nanging namung sekedhap lajeng mlebet malih, amargi sepisan ing jawi taksih gremis, kaping kalih silo dening soroting lentera oto ingkang dhateng. Anakipun gugup, sanjang dhateng bapakipun kaliyan ketingal bingah ing manah.

*Hla menika wonten oto mriki,Pak!"

"lya Pak,jajal diendheg mbok menawa taksi barang."

"lya,nanging kiraku dudu taksi, awit yen taksi lumrahe lenterane ora...."Saweg dumugi semanten kepunggel dening swara.....Hrrrrrr. Ssssssss! Oto wau kendel ing wingking leres.

Keneking oto mandhap rumiyin,ngganjel rodha wingking,awit wonten ing margi sumengka.Lentera ngajeng kalih pisan dipunpejahi. Dilah panyorot dipungesangaken,punapa dene motoripun inggih taksih dipungesangaken perlu kangge nggesangaken dilah panyorot.

Sopiripun lajeng mandhap, murugi oto ingkang mogok.Sanadyan wekdal semanten taksih grems boten karaosaken.Sareng celak,sopir lajeng taken tembungipun andhap asor.

"Punapa Ndara,kendel wonten ngriki?"

Priyantun jaler wau lajeng mandhap saking oto lan maspadakaken dhateng tiyang ingkang taken.Ing manah kewedan anggenipun badhe mangsuli, awit ingkang taken wau ragi ngodhengaken manah.Sabab tiyangipun bregas,tata kramanipun jangkep.Yen kaanggepa sopir limrah boten pantes. Nanging saupami sanes sopir taksi, la punapa.Awit sanadyan clananipun bregas,nanging sami ketingal pating dlemok tilas kenging lisah,tur rambutipun morak-marik,memper yen mung sopir taksi.Langkung-langkung menawi ngengeti anggenipun nyebut ndara. Ewadene ing manah dereng sreg.

Badhe nggenahaken sinten piyambakipun,inggih kirang sekeca boten cundhukkaliyan empan papanipun. Mangka anggenipun taken wau badhe suka pitulungan. Mila murih sekecanipun lajeng mendhet palih-palih.Suka wangsulan mawi tembung madya makaten.

"Rewel, mogok boten gelem mlaku!"

"Ingkang rewel punapanipun, Ndara?"

"Kula kirang terang."

"Punapa kula kepareng nuweni? Mbok menawi saged ngleresaken."

"Engga! We lah kebeneran."

Sadangunipun sopir tumandang, priyantun estri kalih ingkang wonten wingking gadhah pangajeng-ajeng badhe sumingkir saking kasusahan.

"Na,Na,Kasna!"

“Kula."

"Hara jajal iki kabeh bukakana."

"Inggih."

Sareng sampun dipunbikaki sadaya,lajeng dipuntingali,Sarehning dilah panyoret oto wingking boten saged dhawah ing montor ingkang mogok,anggenipun ningali inggih boten patos terang, mila lajengnyuwun sumerep dhateng priyantun ingkang gadhah.

“Punapa sadaya sampun resik, Ndara?"

"Yen bab resik kula tanggel nanging renggang-rapete setelan kula boten ngertos,wiwit kriyin boten kula owah-owah."

“Bab renggang-rapetipun kados sampun cekapan, sadayasampun kula gagapi."


"Pancen wingi-wingi enggih boten tau rewel."

"Slingeripun wonten pundi, Ndara?"

"Niki onten ngriki." Kaliyan nedahaken bak ngajeng.

"Na,slinger kae,jupuken!'

“Enggih."

"Sarehning taksih gremis, mangga Ndara lenggah nglebet kemawon."

"Boten dadi napa."

"Boten Ndara, mangga lenggah kemawon, kula sampun kulina dhateng jawah lan benter, panjenengan kirang prayogi."

"Ning rasane kok kurang kepenak, wong ditulungi kok malah ngenak-enak"

"Boten Ndara, sampun kagalih kados pundi-kados pundi. Yen panjenengan boten lenggah nglebet, ngrendheti pedamelan kula, amargi manah kula lajeng kirang tentrem,dening sumerep panjenengan kegremisan tur wonten ngriki,ingkang hawanipun asrep."

"Enggih ta yen ngaten."

"Wis, Na,puteren sing ajeg ya, Na!"

“Enggih."

Sareng sampun kaputer kinten-kinten samenit dangunipun,sopir lajeng matur malih.

"Punapa kepareng kula bikak?"

"Engga,engga!"

"Na, padhangana nganggo rek ya, Na!"

“Enggih."

"Nanging ngati-ati, aja kecedhaken awit tenge (wadhah bensin) oto iki ana ngarep,yen ana pipa sing borot barang."

"Inggih pun."

Sareng sampun kabikak sarta dipuntingali, lajeng aken dhateng kenekipun.

"Na,njupuka gombal!"

“Enggih."

Priyantun ingkang gadhah oto nyelani.

"Kados pundi?"

"Boten punapa-punapa,Ndara.Kinten-kinten samangke saged gesang."

"Sokur ta."

"Niki lo gombale."

“Resik ora,Na?"

"Resik sanget, tiyang niku halsduk kula."

"Halsduk kok kaya ngene."

"Kantenan blacu ajeng kula damel kathok boten sida."

"Kok ora sida ana apa?"

"Tiyang taksih kirang."

"Hla tuku kok nganti kurang?"

"Tiyang niku boten tumbas kok. Dhek Bapak ngajal nika ulese turah,hla nggih niku turahane."

"Wis iki, enya."

"Pundi, ngriki, ajeng kula engge kudhung, wong teksih gremis. Kula niki sok mumet nek kegremisan."

“Pambekanmu kaya ndara menggung. Wis iki busine pasangen. Sing kenceng ya!"


"Enggih."

Sumber:shutterstock.com

 

Busi ingkang kabikak sampun kapasang malih, sarta sanesipun sampun kenceng sadaya kekeping motor dipuntutupaken malih, sopir lajeng sanjang.

"Samangke tanggel, gesang motoripun Ndara!"

"Wah, ketrima banget. Kuwi Tien dompete ana ngesak jupuken."

"Mangga Pak."

"Ndara,mangga dipunstater"

Oto dipunstater lajeng gesang, lentera byar padhang.

"Sampun Ndara, mangga lajeng tindak, amargi sampun jam sedasa."

"Niki lo!" Sanjang mekaten wau kaliyan ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta.

"Sembah nuwun Ndara, mangga lajengtindak kemawon, kula ndherekaken ing wingking." Sopir terus murugi otonipun piyambak kaliyan nggered rambutipun Kasna,awit Kasna mlongo dening lurahipun boten purun nampeni arta. Mangka sayektosipun sampun kumecer sumerep tanganipun priyantun wau isi arta. Mila semu gela sanget,dening mlesed pangajeng-ajengipun tampi panduman. Satemah namung ngingetaken kaliyan mlongo. Nanging dereng ngantos kasumerepan dening ingkang badhe suka ganjaran kesesa dipunsered sopiripun.

(Sumber: Novel Ngulandara karya Margana Djajatmadja)

 



NOVEL 3

 

Meksa Batal

Dening: Margana Djajatmadja

 


Oto kalih pisan lajeng sami bidhal.Lampahipun sae, swantening motor boten wonten gesehipun,mratandhani oto ingkang risak sampun pulih kados waunipun.

Priyantun tetiga wau bingahipun boten kenging winiraos. Rumaos tampi kanugrahaning Pangeran, oncat saking raos pegel, atis, lan sumelang. Ingkang

estri sanjang dhateng ingkang jaler kanthi bingah, ketitik saking solah lan swantenipun.

"Kuwi mau sapa ta,Pak?"

"Embuh ya,Bu."

Anakipun nyambeti.

"Dhateng Bapak kok matur Ndara. Sajak sampun sumerep."

"Kiraku ya uwis, nanging aku durung weruh. Ayakna sopir taksi"

"Ah kiraku dudu Pak. Wong bocahe bagus ki, polatane jatmika."

"Ayake nek manut lbu, rupa bagus kuwi dadi monopoline priyayi. Padune lbu kuwi mung arep ngalem bae, dumeh gelem nulungi."

"Ya ora ngalem ngono, wong nyatane. Kono pikiren. Ing atase durung nganti diendheg kok mandheg dhewel Ora dijaluki tulung, banjur nulungi. Duwe pangeman


menyang Bapakmu, dening kegremisan, tur tembunge kaya ngono mau, hara ta, andak watak kaya ngono mau dumunung ana angger uwong?”

"Nanging iya bener kandhane Ibu kuwi, Tien. Apa kowe ora weruh nomere oto buri mau Tien?”

"Menika wau terang wonten seratanipun, AA nomer 1013."

"Apa dudu taksi Parakan?"

"Kados sanes Pak, awit sadangu kula wonten Parakan dereng nate sumerep sopir menika. Menapa malih taksi Parakan ingkang kathah Dodge, sareng menika wau Buick."

"Diparingi persen kok ora gelem ya, Pak?"

"Lha ya kuwi."

"Kiraku kurang, Pak!"

"Mau arep takwenehi seringgit, rumangsaku wis memper. Nanging sopir mau durung nganti weruh pira anggonku arep menehi. Dadi dheweke tetep ora gelem nampani. Ya memper wong iku yen bagus, dhasar watake alus, mesthi sugih kaprawiran""Ah Bapak ki saiki ngalem tiru-tiru lbu." Yektosipun anakipun ing batos ngleresaken criyosing bapak lan ibunipun. Nanging limrah, kenya punika boten purun ngalem dhateng jaka wonten ngajengipun tiyang ingkang dipunrikuhi.

"Wis ngene bae, mengko yen tekan Parakan, diendheg, utawa samangsa dheweke mandheg endang kandha aku."

"Inggih,Pak."

"lya Pak, aku rujuk. Lan maneh dimbuhi seringgit engkas, minangka patukone kaprawirane lan pangemane menyang kowe."

"lya, karepku ya ngono kok Bu."

Lampahipun oto kekalih wau remben sanget, jalaran sasampunipun nglangkungi Dhusun Kledhung, marginipun tansah mandhap lan rumpil, tur kathah enggok-enggokanipun ingkang nyikut, dhasar ing wanci dalu tur gremis.Sanadyan lenteranipun boten kirang padhang, nanging kala-kala kesaput ing ampak-ampak, ndadosaken rekaosipun para nglampahaken oto. Versneling kalih kerep dipunginakaken. Punapa malih pedhaling rem tansah kraket ing dlamakan. Mekaten wau namung rumeksa wilujenging lampah.

Sanadyan Buick wau pancenipun saged mlampah rikat, dening sopiripun sampun kulina sanget dhateng margi ingkang dipunlangkungi, nanging kepeksa sabar amargi ing wekdal punika saweg rumeksa oto Overland alit. Njagi alanganing lampah sanesipun malih.Rembening lampah saestu kados Prabu Anom Gathotkaca nalika ngiring ingkang rayi satriya Plangkawati R. Abimanyu dipunutus madosi pandung ingkang mlebet ing taman Kadilengeng,pinanggih dhateng Sang Dyah Lesmanawati. Mangka yen boten saged nyepeng badhe kadamel pengewan-ewan wonten ing Nagari Ngastina.Lampahipun mandheg mangu, saking ribeting manah, wusana lajeng mbrebes mili.Satriya Prabu Anom Gathotkaca boten talompe, enggal nyelaki sarta ambombong murih gambiraning manah.

Boten dangu saking katebihan katingal soroting dilah-dilah margi, sumorot manginggil,kados mawa kabesmen. Mratandhani bilih sampun meh dumugi ing kitha.Ingkang mekaten wau inggih kayektosan, let saprasekawan jam oto dumugi Parakan.Dumugi pratigan ingkang dhateng Weleri, ing pinggir margi kiwa tengen ketingal dilah pating klencar. Sareng celak, cetha menika yen dilahipun tiyang sadean, Pancen


sacelakipun pratigan ngriku saweg wonten bangsa Tionghoa gadhah damel. Mawi gambyongan, ringgitipun saking Surakarta, gangsanipun pepak, slendro, pelog, lan barang. Dalah niyaganipun boten nguciwani, mila ingkang ningali inggih jejel. Sareng lampahipun oto meh dumugi ngriku, kapeksa dipunrindhikaken, kagantos versnelling kalih, awit marginipun ciyut, kebak tiyang.

Overland lampahipun terus, nanging inggih alon. Buick dumugi ngajeng tratag,kendel. Saking oto wonten tiyang bangsa Tiong Hoa sami mandhap terus mlebet ing tratag, kinurmatan ungeling gangsa: Kebogiro.

Let wetawis seket meter tebihipun, Overland inggih kendel amargi badhe ngetrepi rancanganipun ingkang karembag kala wau. Saweg kendel greg, Buick lajeng brubut nglancangi, bablas. Eneripun dhateng Magelang. Raden Ajeng Tien sumerep,sanjang dhateng bapakipun.

"O, Pak, menika otonipun bablas!"

"Elo,kok iya!"

Raden Ayu Asisten Wedana nyambeti.

"Hla iya, Bapakne kuwi kok ora kersa ngendheg ta!"

"Kepriye olehe ngendheg, wong kene lagi bae mandheg, otone wis mak brubut.Nanging aku isih duwe pangarep-arep. Terkadhang leren ing pratelon kana. Dene yen kana ora ana, iya terus mulih bae, metu Kawedanan kana."

"lya wis ayo Pak, ditututi mrana!"

Overland enggal nututi. Dumugi pratigan, inggih punika papan pakendelan taksi yen wanci siyang, sepen boten wonten punapa-punapa. Priyantun tetiga sanget gela manahipun, dene kajengipun meksa batal, boten saged kelaksanan.

Priyantun ingkang jaler ketingal gela sanget, wicanten.

"Hlo, la kok ora mandheg ana kene!"

"Hla banjur kepriye iki,Pak?"

"Kepriye maneh iya diurus liya dina bae."

"Inggih,Pak.Kaliyan malih merek lan nomeripun tiyang sampun kasumerepan kemawon.""lya wis ayo."

Oto terus menggok ngiwa, bablas anjog margi ingkang terus dhateng Weleri.Lampahipun ngaler.Wetawis jam sewelas kirang sekedhik dumugi Ngasistenan Ngadireja wilujeng boten wonten pambengan malih.

(Sumber: Novel Ngulandara karya Margana Djajatmadja)

 

 




NOVEL 4

 

Sampun Kraos

Dening: Margana Djajatmadja

Murih gancanging cariyos, kados boten perlu kacariyosaken kadadosanipun rembag ing ngajeng wau. Sadaya sampun kalampahan kanthi wilujeng.

Let sawulan saking dhatengipoun Nyonyah Hien, keleres dinten Ngahad, wanci jam 5 sonten, Raden Bei Asisten Wedana sakaliyan tuwin putranipun sami lenggahan ing gadri wingking sinambi ngunjuk wedang kados adat saben.

Pasemonipun sami ketingal padhang,mratandhani yen boten wonten rubedaning penggalih. Ginemipun kepyek, sambet-sinambet, boten wonten pedhotipun,sakedhap-sakedhap dipunlawuhi gujeng.Rambat-rumambating ginem dangu-dangu tumuju Rapingun.

"Anu ki Pak, wiwit teka let rong dina nganti seprene ki taksawang pasemone tansah katon padhang lan bungah".

 

 

"Rapingun kepriye Bu, apa krasan?"

 

"Ya sukur nek ngono. Nanging kowe ya kudu ngati-ati, arahen aja nganti kemba atine."


"Pancen iya ngono, Pak. Awit semune bocah kuwi beda karo liya-liyane."

"Lho, ora Bu! Dhuwite sing dititipake kowe karobelah kae apa wis kotitipake Tien,cikben dilebokake bank sisan."

"Durung Pak, hla wong pijer lali-lali bae. Ning isih wutuh."

"Ngono kae, ya, wong dhuwit iku bunder, nek ngglindhing sok angel tutut-tututane!"

“Ngarah aku mentala ngapusi Rapingun?"

"Ora ngono Bu,karepku, mung nek nganti kesrempet, le nglironi kuwi."

"Ora ta wis. Besuk yen Bank Stral mrene, taksetorne dhewe. Bukune rak neng ngomah ta Tien?"

"Lho,rak Ibu ta ingkang ngasta!"

"0, iya! Dhek anu kae daksimpen ana brankas."

"Dhek blanjan wingi kokwenehi pira, Bu?"

"Takwenehi Rp225.000. Sing dijaluk mung Rp200.000, sing Rp25.000 dititipake."

"Ya bener yen kokwenehi luwih saka mesthine. Awit dhek takkon melu konperensi menyang Kawedanan kae takwenehi jajan Rp100.000 ora gelem nampani."

"Dhek panjenengan konperensi kae kondure mung nganti jam setengah telu,lah bareng dhek aku sowan Bakyu Mantri Gudhang Magelang kae, mangkat jam 8esuk baline nganti jam 7 sore. Ana Magelang takwenehi dhuwit Rp100.000 iya ora gelem nampani, dumeh wis diparingi mangan Mbakyu Mantri.'

"Bab diparingi mangan kuwi wis lumrah. Nanging dhuwit jajan kuwi iya kudu.Malah dhuwite jajan iku tumrap sopir liya-liyane kae, kalane arep mlebu, dirembug dhisik. Blanjane semene, yen lelungan setengah dina lumrahe Rp50.000 sedina.Rp100.000 nganti Rp150.000 yen nginep. Kuwi lumrahe mrana-mrana. Kaya sopire dhewe dhek anu kae rak ngono ta. Mung becike ora gelem nganyang."

"Hla kok sae temen inggih Bu, yen dipuntimbang kaliyan sopir sanes-sanesipun."

"O, yen ditimbang karo sopir liya-liyane, wis ora mu-tinemu. Sing akeh-akeh, sopir kuwi yen dudu pagawean babagan motor ora nindakake. Seje karo Rapingun. Neng ngomah taksawang-sawang ora leren-leren,samubarang ditandangi, kayata nanduri tamanan,nata-nata kursi, gambar diresiki, ditata maneh. Mangka kabeh tatanan sarwa ngresepake."

“Inggih kok, Bu. Rumaos kula, angger kula mantuk kok wonten kemawon ingkang wewah ngresepaken menika!"

"Sing takgumuni maneh kuwi, ya Tien! Dalah kantore Bapakmu kuwi saben esuk wis ditata, diresiki buku-buku kabeh tumata!"


"lya, aku ya gumun kok! Sajege duwe batur, sanadyan bisa tata-tata, nanging durung tau ana sing bisa lan wani nata kantorku."

"Kok meksa taksih imbet malih!"

Ibunipun nyelani: "Cekake Tien, barang-barang kabeh dadi anyar. Kaca pangilon,kaca jendhela,paidon, kinangan, diyan pompan sing maune urube byar-pet,saiki wah bregase banget. Kae meja sing sisih kulon, biyen pliture rak ireng, wong tukon lawas,saiki wis padha karo liyane. Kabeh mau ya dheweke sing nindakake."

"lbu ingkang dhawuh?"

"Aku mangsa wania akon. Kejaba yen otone katon reged, kuwi aku wani akon ngresiki.Dhek durung ngerti karepe, aku rada kaget, sabab satekaku saka Temanggung,dheweke ngaturake dhuwit pitung sen, jare dhuwit turahan. Sabab nalika ana Temanggung, dheweke njaluk dhuwit Rp200.000. Saka pangiraku, kanggo butuhe dhewe. Nanging bareng tekan ngomah, jebul tanjane dhuwit mau kanggo tuku perang-peranganing diyan pompan, cet, plitur, nganti kabeh mau kaya anane saiki."

"Kula inggih gumun kok Bu. Ing atase sopir kok gelem ngrangkep tukang kebon lan jongos!"

"Pancen iya Tien! Kreta sing wis patang taun melu awake dhewe, bab apa-apane kalah,mangka pancene pagaweane Kreta. Dhek ingkang Wedana kumnpulan ana kene kae,sing takdhawuhi tata dhahar Kreta, Rapingun sludhuk ngrewangi. Kreta malah mung mlongo bae, kabeh Rapingun sing ngrampungake. Kala semana aku mung nyemak saka buri bae. Bareng wis rampung, takcedhaki, taktakoni, apa dheweke bisa ngladeni dhahar. Wangsulane saged. Jare wis tau ndherek priyayi Landa ana Magelang. Nyata, bareng ngladeni, ora nguciwani. Mulane ingkang Wedana nganti ndhrindhil olehe ngalem. Saya bareng bapakmu ngaturake kahanane kabeh!"

"Sok ngatena Bapak mameraken, Pak?"

"Ora kok jeneng mamerake. Mung rehne ndangu pirang-pirang, atur wangsulanku apa anane."

"Inggih, menapa-menapa kok saged, tur purun nglampahi! Hla menika larenipun kok dhateng gedhogan. Mbokmenawi badhe dados gamel."

Raden Ayu Asisten Wedana lajeng jumeneng,mriksani dhateng prenahing gedhogan.Lajeng matur dhateng ingkang raka kanthi gita.

"Kae, kae Pak. Si Rap elikna. Dheweke rak durung ngerti nek Si Hel kuwi jaran edan. Sida diklethak temenan mengko!"

"E, Rap, Rap!" Anggenipun undang-undang sajak kesesa.

“Nun."

"Aja cedhak-cedhak nggedhogan, Si Hel kuwi jaran gemblung. Angger dicedhaki,arep mbrakot, nubruk utawa nyepak." Ngendika makaten punika Raden Bei Asisten Wedana sampun dumugi ngajengipun Rapingun.

"Inggih, Ndaral Tiyang sadangunipun kula wonten ngriki, dereng nate sumerep dipunkerok, dipunguyang, punapa malih boten nate dipuntitihi."

"Ora mung sasuwene kowve ana kene bae. Malah wiwit dhek lelangku saka Semarang,kira-kira wis setaun seprene, durung tau takemek. Apa maneh kalap gawene."

"Kados pundi kok lajeng boten kagem?"

"Sabab jaran gemblung. Yen mung nakal bae, panegar ora wegah. Wis ana panegar telu sing taktekakake, meksa ora sida nunggang. Bareng ana siji sing wani,


tur anggone ngetokake saka gedhogan bae direwangi kusir papat sing wis padha kalok kekendelane. Lagi bae dicengklak, banjur dikipatake. Upama ora prigel, sida kepidak wetenge. Tur kuwi isih dikarung, dicekeli wong loro sisih."

“Pancenipun eman-eman sanget, Ndara. Menika kapal sae saestu."

"Kowe kok ngerti nek iki jaran apik?”

"Inggih, tiyang rumiyin bapa kula gadhah dhokar sewan, dipunkusiri piyambak."

"Sok ngono kowe ya wis kulina menyang jaran?"

"Inggih sawetawis."

"Nunggang ya bisa?"

"Inggih saged sawetawis. Mila yen kepareng badhe kula cobi."

"E,aja. Aja temenan lo Rap! Aku ora eman jarane, sing takeman kowe. Jaran kuwi pancene mono becik temenan, nanging gemblung. Mulane para panegar ora ana sing wani nunggangi."

"Mbok menawi para panegar wau sami ajrih dhateng panjenengan."

"Ajrih kepriye?"

"Ajrih menawi pun Hel ngantos risak utawi pejah."

"Bab patine Hel yen pancen mati sabab diajar, aku lila. Malah wis taktawak-tawakake, sapa sing gelem ngingoni lan nganggo. Ning ora ana sing gelem."

"Kula pitados bilih pun Hel kenging dipunajari ngantos dados sae."

"Sing mengkono mau ya embuh. Nanging yen kowe sing arep ngajari, aja,temenan!Poma!!!"

Den Bei Asisten Wedana lajeng wangsul, mlebet ing dalem, awit sampun wanci magrib.Dene Rapingun taksih njenger wonten ngajeng gedhogan kemawon, nggagas kados pundi supados pun Hel kenging dipuntumpaki ngantos dados kapal sae saestu.Hel punika kapal Sandel, ules bopong rajeg wesi, dedegipun kawan kaki, gulunipun panggel ngukel pakis,dhadha jembar manyul, suku ngajeng melira, tracakipun mbathok mengkureb,bokongipun nangka setugel, suku wingking mukang gangsir ketingal kiyat.Jompong,suri lan bobatipun alus, kumrisik, mratandhani wanter watakipun. Nitik saweg powel setunggal, umuripun saweg tiga tengah taun.

Ing batos Rapingun kedugi nyembadani.Nanging bendaranipun boten pareng,jalaran dipunkuwatosaken mbokbilih ambebayani.

Enjingipun, sawangsulipun Rapingun saking Parakan, ngeteraken Raden Ajeng Supartinah, Rapingun lajeng mlebet kamar panyimpenan lapak sapirantosipun sadaya.Lapak lan sanes-sanesipun dipunwedalaken. Den Bei Asisten Wedana sumerep, taken.

"Kok nggawa lapak, arep kokenggo apa,Rap?"

"Namung badhe kula resiki kemawon, Ndara."

"Ya, sukur, yen mung arep kokresiki bae. Taksengguh arep kokenggo njajal si Hel."

"Boten,Ndara."

"Kendhali tres kuwi rak saka penjaluke panegar sing arep ngajari. Tiwas taktuku.jebul ora sida kanggol"

"Pancen inggih sampun leres, Ndara. Kinten kula punika kenging kangge nandhingi pun Hel. Dene ingkang pethak punika kagem benjing yen Hel sampun mbangun miturut."

"Rancangane pancen ya ngano. Lan kendhali wesi kuwi kaya ora bakal nguciwani.Nanging yen sing nyekeli apuse ora wani."


Ing batos Rapingun mesem, amargi tumrap panegar ingkang saestu, pun Hel punika boten sapintena. Nanging Rapingun boten mangsuli punapa-punapa, terus ngresiki pirantos kemawon.

Kreta dhateng, ngrencangi Rapingun. Kreta punika samangke prasasat dados kenekipun Rapingun ing samukawis padamelan.

Kreta wicanten.

"Mas Rap, lapak niki sae nggih!"

"Mesthi mawon,wong gawean Inggris."

"Andak inggih! Ming lapak mawon damelan Inggris. Tiyang Jawi rak kathah sing saged damel. Tur damelan Sala niku sae."

"Leres sae,nanging nek ditandhing kalih niki kaceke akeh banget. Wacucale boten mantra-mantra bisa nyandhak. Leres rupine memper, nanging nek ditunggangi ketara banget bedane."

“Lapake boten nate kagem."

“Emben-emben kula ajeng njajal."

"Andak sampeyan wani?"

"Enggih jajal mawon."

"Ampun ah! Hel niku kapal edan tenan kok!"

"Nek edane boten mung rada bandhol. Hla nggih memper, wong jaran tesih enom,kuwat,lan geniah trajang, kang boten tau diumbar lan dititihi, meshi mawon kaku awake.Mangka dhek biyene Hel niku jaran umbaran. Mesthi boten seneng nek dikurung mawon."

"Sampeyan wani tenan napa, Mas Rap?"

"Cobi-cobi,nanging Hel ajeng kula wanuhi kriyin."

“Kepripun angsal sampeyan ajeng manuhi?"

"Gampang mawon. Angger kerep kula pakani gedhang, gula, lan kerep kula cedhaki,mesthi banjur wanuh. Diabani ngangge tembung sing alus-alus. Suwe-suwe rak gelem kula elus-elus. Niku jeneng empun wanuh temenan."

"Andak jaran niku ngerti tembung sing alus-alus?"

"Jaran rak duwe pangrungu, panggraitane landhep. Angger kerep krungu tembung manis manuara, watak sing ndugal mesthi ilang."

"Gumampang sampeyan niku! Wiwit teka nganti sepriki sing sok makani kula.Kenging napa angger kula cedhaki ajeng nubruk mawon."

“Patrap sampeyan sing dereng kebeneran. Wong sampeyan niku jirihe boten jamak.Ngresiki gedhogan mawon seking jaba. Bareng kao wedhus kendele ora jamak. Wong wedhus ajeng sampeyan tunggangi. Becike jeneng sampeyan niku ngalih Kretawedhus mawon,ampun Kretajaran."

"Yah, Mas Rap ki kok siya-siya. Ana jeneng kok diwuwuhi wedhus,jaran barang.Destun diwuwuhi Yuwana, dadi malah gagah."

"Enggal ta niku le nggosoki, ampun among mawon!"

"Jeneh sampeyan, ngelih jeneng we kok Kretawedhus."

Rapingun boten mangsuli, namung mesem kemawon. Anggenipun ngresiki pirantos sampun

rampung. Lajeng dipunisis.

 

 

(Sumber: Novel Ngulandara karya Margana Djajatmadja)

KAPUSTAKAN

Rianto Pujo, dkk. 2023.Lantip Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : Erlangga

Rubiyanti, dkk. 2023. Wibawa. Jakarta : Media Guru

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Cerkak

Materi Paramasastra