Materi Pariwara
PARIWARA
A. TEGESE PARIWARA
Pariwara yaiku informasi
utawa kabar kang asipat nawakake barang utawa jasa marang masarakat. Informasi
ing sajroning pariwara duwe ancas ngglembug supaya masarakat kasengsem marang
apa sing ditawakake. Pariwara iku kudu narik kawigaten,prasaja, cekak, lan
menehi katrangan. Miturut isine, pariwara bisa kaperang dadi papat.
1. Pariwara Pengumuman
Pariwara iki asipat ngenani sawijining bab, kayata pariwara lomba utawa pariwara acara.
2.
Pariwara Panjaluk
Pariwara panjaluk iku digawe
dening sawijining lembaga, instasi,utawa pribadi sing isine ngenani informasi
kang asipat njaluk, kayata pariwara lowongan kerja lan pariwara sumbangan.
3. Pariwara Dagang (Prodhuk)
Pariwara dagang utawa niaga
uga kasebut pariwara prodhuk utawa penawaran, yaiku pariwara kang asipat
nawakake barang utawa jasa marang konsumen, kayata pariwara sepatu, klambi, lan
sapiturute.
4. Pariwara Layanan Masarakat
Pariwara layanan masarakat
yaiku pariwara kang asipat menehi kawruh marang masarakat supaya luwih
eling/sadhar babagan apa wae kang rame ing jagading sosial. Contone pariwara
bahayane rokok,pariwara posyandu, lan sapiturute.
Miturut ancase pariwara
kaperang dadi loro, yaiku pariwara komersial
lan pariwara nonkomersial. Pariwara komersial duwe ancas nawakake prodhuk
supaya oleh bathi sing luwih gedhe.Mulane, pariwara komersial duwe pasar sing luwih cetha. Dene pariwara nonkomersial iku ancase menehi
informasi. Tegese, pariwara kasebut luwih asipat ngajak masarakat kanggo
nglakoni sawijining prakara kang becik. Menawa miturut saranane/medhiane,
pariwara bisa dibedakake dadi pariwara cithak lan pariwara elektronik.Pariwara
diwartakake lumantar medhia cithak, kayata pariwara sing diwartakake ing
ariwarti, kalawarti, brosur, lan medhia cithak liyane.Dene pariwara elektronik
diwartakake lumantar radhio,televisi,medhia sosial, lan sapiturute.
Pariwara iku duwe ciri khas
utawa titikan, yaiku asipat informatif kang njlentrehake prodhuk kanthi
ringkes. Dene ciri-ciri pariwara sing jangkep,yaiku:
1.
basane ringkes lan gampang dingerteni;
2.
informasine cetha lan ora ngelek-elek prodhuk utawa wong liya;
3.
nganggo tembung kang asipat sugestif lan persuasif;
4.
nganggo ukara slogan;
5. nganggo gegambaran utawa
ilustrasi/visual kang ndhudhut ati utawa narik kawigaten; sarta
6. objektif lan jujur.
C. Struktur teks pariwara lan slogan.
Struktur Teks Pariwara
Kayata sing wis diandharake
sadurunge, pariwara duwe telung struktur, yaiku irah-irahan utawa orientasi,
awak pariwara utawa tubuh iklan, lan katrangan utawa justifikasi.Katelu perangan mau duwe
guna dhewe-dhewe saengga informasi utawa bab sing ana saben perangan uga
beda-beda. Struktur teks pariwara kayata ing ngisor iki.
1. Irah-irahan (Orientasi)
Perangan orientasi iki,
isine yaiku irah-irahan/judhule pariwara. Perangan sing ana ing ndhuwur dhewe
ditulis nganggo basa sing ndudut ati, uga nganggo aksara sing narik
kawigaten.Nanging ana uga ing saperangan pariwara sing ora nganggo judhul,
nanging jenenge prodhuk.
2. Awaking Pariwara (Tubuh Iklan)
Perangan iki isine jenenge
prodhuk sing ditawakake minangka wose pariwara. Perangan iki jlentrehake
isining pariwara kang kudu dimangerteni wong liya, kayata unggule
prodhuk,kahanan utawa syarat kang kudu digatekake, lan sapiturute.
3. Katrangan (Justifikasi)
Perangan iki isine katrangan
ngenani carane oleh prodhuk kang ditawakake, kayata alamat, nomer telpon, lan
sapiturute.
t
Slogan
Pariwara digawe kanggo narik
kawigaten wong liya saengga teks sing ana sajroning pariwara kudu asipat ngajak
utawa persuasif. Salah sawijining teks persuasif
sajroning pariwara yaiku slogan. Anane slogan ora mung bisa ndudut kawigaten
wong liya,nanging uga njalari pariwara tansah dieling-eling. Kajaba kuwi,
slogan uga ngandhut andharaning prodhuk saengga sing maca bisa weruh kanthi
terang gayutane karo prodhuk sing ditawakake. Titikane teks slogan,yaiku:
1.tetembungane
ringkes lan ndudut ati;
2.
gampang dieling-eling;sarta
3. ukarane cekak.
D. Dhasar-dhasar isining pariwara.
Saben pariwara iku duwe
kagunan dhewe-dhewe. Pariwara uga digawe kanthi ancas sing beda-beda.Adhedhasar
tegese, ancase pariwara yaiku ngglembug, supaya wong padha tuku prodhuk sing
ditawakake. Ancase pariwara uga ana sing kanggo ngenalake prodhuk, engangement medhia sosial (interaksi media
sosial), mundhakake conversion rate (persentase
pengunjung), lan liya-liyane. Amarga iku, isining pariwara kalebu babagan
sing wigati supaya ancas sing wis ditemtokake bisa kasil.
Pariwara nggiring konsumen
sithik mbaka sithik, ora mesthi langsung bathi. Diwiwiti saka ngenalake prodhuk
kanggo nuwuhake kapercayan, banjur nuduhuhake mupangate prodhuk kanthi
ngrimuk/ngrayu nganti kedadene dol-tinuku. Urut-urutaning konsumen kanggo nampa
pariwara, yaiku kenal, ngerti, seneng, dadi pilihan, mantep, lan pungkasane
bakal padha tuku.
Isine pariwara iku kudu
objektif, jujur, sarta ora nyinggung prodhuk lan wong liya.Saliyane iku, supaya
gampang dingerteni, isine pariwara sing becik kudu ngandhut bab-bab ing ngisor
iki.
1. Isine Cetha, Ora Dwimakna (Ambigu)
Pariwara sing becik duwe
pesen kang cetha saengga ora ndadekake pamaca bingung.Pariwara sing nganggo
tetembungan ora umum, bisa ndadekake pamaca negesi artine kanthi beda-beda.
Bisa uga njalari ancase pariwara sing wis ditemtokake ora kawujud.
2. Ora Ngayawara
Pariwara kang becik iku sing
informasine padhet. Menawa pariwara iku ngayawara,isine ora bisa tekan marang
pamaca amarga marai bingung.
3. Nganggo Basa sing Lumrah
Pariwara sing becik nganggo
basa sing lumrah lan gampang dingerteni. Ora kudu nganggo basa sing baku,
pawarta bisa nganggo basa padinan nanging tetembungane kudu sing sopan.
4. Informatif
Pariwara sing becik uga bisa
menehi informasi sing mupangati marang pamaca, ora namung ngajak kanggo nuku
prodhuk sing ditawakake.
5. Nyenengake (Menghibur)
Salah sawijine ciri
pariwara, yaiku bisa ndhudhut atine pamaca. Tuladhane menawa sing dituju
wong-wong enom, mesthi bakal seneng yen isine pariwara ngandhut dhagelan
(humor).
6. Ringkes
Pariwara sing becik iku cekak lan cetha. Menawa isine pariwara kedawan, bisa marakake pamaca dadi bosen.
E. GAWE PARIWARA
Nggawe
pariwara sing bisa ndudut ati katone angel, nanging sejatine ora angel.Pariwara
sing becik, yaiku sing ringkes, narik kawigaten, sarta ora nyinggung prodhuk
lan wong liya. Pariwara iku nawakake piranthi layanan, utawa idhe marang wong
liya,dadi anggone nggawe ora entuk ngawur, kudu digatekake unggule, basane,
gambare, lan inovasine supaya bisa ndhudhut atine pamaca. Carane nggawe iklan
kaya mangkene.
1. Temtokake Ancase/Tujuane
Sadurunge
nggawe iklan, temtokake dhisik ancase sing bakal dituju saengga isine pariwara
bisa trep.
2. Temtokake Sarana sing
Arep Dianggo
Medhia
minangka sarana martakake pariwara kudu ditemtokake, arep ing medhia cithak
utawa medhia sosial, kayata Instagram, TikTok, Facebook,lan liya-liyane.
3.Gatekna Detail Desain
Nggawe
iklan kudu nggatekake detail desain,
awit iku awujud poster utawa video.Desain iku bab sing wigati amarga dadi
bageyan sing pisanan dideleng dening konsumen,kayata jinising fon, werna,
gambar, layout, lan liya-liyane.
Desain uga wigati kanggo nuduhake ciri/karakteristik prodhuk sing digawe.
4. Wenehi Penawaran sing Ndudut Ati
Konsumen
bakal kadudut atine menawa iklan sing digawe menehi penawaran, kayata diskon,tuku loro oleh tambahan siji, ora ana
beyaya kirim,lan liya-liyane.
5. Nganggo Tembung Persuasif
Kanggo
narik konsumen, nganggoa basa kang asipat pangajak lan pambujuk supaya konsumen
gelem tuku prodhuk sing koktawakake.
6. Wenehi Irah-irahan lan
Slogan
Gawea
irah-irahan lan slogan. Cakcakane kanthi gawe tulisan sing luwih gedhe
tinimbang liyane supaya konsumen bisa langsung tumuju marang irah-irahan utawa
slogan mau. Ora prelu nganggo jinis fon sing akeh, cukup loro utawa telu. Saben
perusahaan adate duwe slogan utawa tagline dhewe-dhewe sing nuduhake prodhuke.
7. Wenehi Testimoni
Testimoni yaiku pengalamane konsumen ngenani prodhuk sing wis dituku, bisa babagan kwalitet, leladen (pelayanan), lan liya-liyane. Testimoni bisa ndadekake konsumen luwih mantep marang prodhuk sing ditawakake.
8. Wenehi Tagar/Hashtag
Tandha pager utawa hashtag iku minangka salah sawijine cara
kanggo nggampangake konsumen anggone nggoleki prodhuk sing ditawakake, mligine
sing ditawakake ing internet.
9. Ngajak Tokoh sing Kondhang
Salah sawijine cara kanggo
narik kawigatene konsumen yaiku ngajak tokoh sing wis kondhang ing masarakat.
Cara iki dudu sing utama, nanging menawa prodhuk sing koktawakake wis gedhe,
bisa coba nganggo cara iki supaya pasarane luwih gedhe. Jaman saiki,sapa wae
bisa oleh endorsment menawa duwe follower sing akeh ing medhia sosial.
10. Nggawe Video kanthi Kreatif
Ngrembakaning jaman, saiki
pariwara ana uga sing digawe awujud video unboxing
lan review utawa ndhudhah lan menehi tanggapan marang prodhuk. Isi vidione
babagan informasi ngenani prodhuk sing didhudhah, bisa kwalitet utawa
kahanane,kaluwihane,lan kakurangane. Ancase supaya konsumen mangerteni kwalitet
prodhuk sing didhudhah saengga sadurunge padha tuku, sangsaya mantep marang
prodhuk kasebut.
PUSTAKAWAN
Riyanto, Pujo, dkk.2023. Lantip Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : Erlangga
Komentar
Posting Komentar