MATERI WACANA KELAS X KURMER
Saben dina awake dhewe tansah
diadhepake klawan sawijining wacan. Umpamane, lumantar pesan cekak (Whatsapp)
ing ponsel,status ing medhia sosial, artikel daring, tulisan-tulisan ing medhia
cithak, papan iklan, baliho, reklame utawa wawan rembag antarane wong siji lan
sijine. Satemene, apa ta wacan kuwi? Wacan mujudake rerangkening pratelan kang
kaaturake lumantar lisan utawa tulisan kang duweni sesumbungan makna ing
antarane perangane basa lan kaiket dening konteks.
Adhedhasar ancase, wacan kagolong dadi 5, yaiku deskripsi,eksposisi, argumentasi, persuasi,lan narasi.
AATeks Deskripsi
Teks deskripsi yaiku teks
kang isine ngandharake sawijining objek,bisa samubarang kang urip, barang,
papan, utawa prastawa kanthi peprincen kang cetha, kaya-kaya bisa nggawe pamaca
weruh,krungu, ngrasakake utawa nglakoni dhewe bab kang diandharake utawa digambarake.
Titikane Teks Deskripsi |
Struktur Teks Deskripsi |
1. Ngandharake sawijining objek. 2. Diandharake kanthi cetha. 3. Ndadekake pamaos bisa ngrasakake apa kang diandharake ing sawijining prastawa kasebut. 4. Akeh-akehe ngunakake
pancadriya kanggo ngandharake sawijining objek. |
1. Identifikasi Perangan iki awujud pambuka ngenani bab kang bakal
kaaturake, bab-bab umum ngenani sawijining objek lan njlentrehake
identifikasi umum utawa wigatine bab kang bakal dirembug. 2.
Deskripsi bagian Perangan iki mujudake isi gambaran kahanan objek kang
dideskripsikake miturut sudut pandang panulis kanthi princi. Lumrahe anggone
mrinci panulis nggambarake apa kang wis diweruhi,dirungokake, lan dirasakake. 3. Simpulan Perangan iki awujud dudutan utawa kesan panulis ngenani sawijining objek. |
BTeks Eksposisi
Teks eksposisi yaiku wacan kang
asipat ilmiah nonfiksi kang njlentrehake sawijining bab miturut kasunyatan kang
bisa njembarake kawruhe wong kang maca. Wacan eksposisi iku kabuktekake amerga
awujud kasunyatan/fakta lan asifat ilmiah nonfiksi.
Titikane
Teks Eksposisi |
Struktur
Teks Eksposisi |
1.
Njlentrehake sawijining bab/kawruh. 2. Panulisane asipat informatif. 3.Adhedhasar kasunyatan/fakta, ateges lelandhesan kahanan saknyatane .4.Isine gamblang,padhet,ringkes,lan cetha. 5.
Migunakake basa kang baku. 6.
Isine ora asipat umum lan objektif. |
1. Tesis Tesis iku isine underane panemu (gagasan utama) arupa
gegambaran saka panulis ngenani sawijining bab kang lelandhesan
kasunyatan/fakta. 2. Argumentasi Argumentasi
iku panjlentrehe panulis kanthi rinci babagan prekara kang dipercaya benere
dening panulis kanthi ngudharake fakta-fakta kang ana. 3. Pangukuh (Penegasan
ulang) Pangukuh iku arupa dudutan kanggo nguwatake panemu kang
wis dijlentrehake dening panulis. |
Teks Argumentasi
Teks argumentasi yaiku wacan kang
underane arupa panyaruwe,panuturan, utawa panemu pribadhi saka panulis kanggo
ngeyakinake wong kang maca supaya nduweni panemu kang padha karo panulis.Mula
iku, wacan argumentasi kudu arupa kasunyatan, kanthi data,kasil panaliten utawa teori
saka para winasis kanggo nguwatake lan ngeyakinake wong kang maca.
Titikane
Teks Argumentasi |
Struktur
Teks Argumentasi |
1. Isine arupa panemu saka panulis
babagan sawijine perkara.2. Isine arupa alesan kang kuwat.3. Nduweni data
faktual supaya wong kang maca percaya. |
1. Pambuka Pambuka ing wacan
argumentasi arupa perkara yang dadi lelandhesan saka tema utawa tulisan kang
digawe.Katulis kanthi cetha, ringkes, lan ndudut kawigaten supaya wong kang
maca kepengin nerusake anggone maca. |
Titikane Teks Argumentasi |
Struktur Teks Argumentasi |
4. Njlentrehake perkara kanthi dianalisis. 5. Dipungkasi kanthi dudutan arupa panemu kang luwih jembar. |
2. Isi Ana ing perangan iki,
panulis njlentrehake parkara kang mbuktekake panemu kang wis diaturake ing
pambuka.Kanggo ngeyakinake wong kang maca, panulis njlentrehake kasunyatan
(fakta) kanthi data utawa alesan kang nguwatake panemune.Ukara ditulis kanthi
laras lan narik kawigaten miturut kasil saka analisis fakta, eksperimen, lan
observasi. 3. Dudutan Dudutan saka wacan argumentasi
bisa awujud ringkesan saka panulis. Ancase kanggo nuduhake marang wong kang
maca menawa panemune panulis iku bener lan bisa dipercaya. |
Titikane Teks Persuasi |
Struktur Teks Persuasi |
1. Anane ukara utawa tetembungan pangajak kayata tembung ayo,sumangga,apike,kawitana,aja,lan sapiturute. 2.
Nganggo tembung kang alus utawa santun supaya kasil apa kang dikarepake. |
1. Bebukaning perkara Panulis ngandharake perkara kang dadi
lelandhesan saka tulisan kang digawe minangka pambuka panemu. 2. Sawuse njlentrehake bebukaning perkara, panulis ngaturake panemune kanthi ngandharake kasunyatan/fakta supaya wong kang maca luwih percaya. 3. Ukaraning
pangrimuk/ajakan Perangan iki minangka
underaning teks persuasi kang isine pangajak marang wong kang maca.
Sabisa-bisane nganggo ukara kang bisa nggregahake wong kang maca supaya
nglakoni kang dikandhakake panulis. |
Titikane
Teks Persuasi |
Struktur
Teks Persuasi |
|
4. Pangukuh Ana ing perangan iki,panulis ngukuhake maneh apa kang
dadi pangajake supaya wong kang maca tambah mantep. |
Teks Narasi
Teks narasi yaiku wacan kang isine
nyritakake sawijining kadadeyan utawa prastawa kang karakit kanthi rinci
miturut urutaning wektu utawa kronologi. Teks narasi bisa arupa crita kang
lelandhesan kadadeyan sabenere (fakta) utawa namung lelandhesan angen-angene
saka panulis (fiktif).
Titikane Teks Narasi |
Struktur
Teks Narasi |
1. Isine bab crita sawijining kadadeyan kang ditulis kanthi wujud naratif.2. Nduweni urutankadadeyan/alur kang cetha. 3.
Ana sawijining prastawa/konflik. 4.
Kasusun kanthi unsur tema,latar,alur,lan paraga (unsur ingkang mbangun
crita). 5.Nduweni pesen/amanat. |
1. Orientasi Orientasi isine yaiku
paraga, panggonan,wektu, lan watake paraga kanggo bebukane crita kang
ngandharake apa kang lagi kadadeyan. 2. Komplikasi Komplikasi isine yaiku kadadeyan
wigati kang ndadekake padu/konflik antarane paraga. 3. Resolusi Resolusi yaiku ngrampungake masalahe para paraga crita
kang nuduhake konflik wis rampung. 4.
Koda/reorientasi Bageyan iki awujud pitutur kanggo panutuping crita. |
Jinising teks narasi yaiku ing
ngisor iki.
1.Narasi ekspositoris
Teks narasi ekspositoris iki
adhedhasar saka kadadeyan utawa prastawa kang saknyatane ana. Mulane narasi
ekspositoris iku ngandharake sawijining crita kanthi urut lan jangkep kanthi
ancas supaya bisa nambahi kawruh saka pamaos bab kadadeyan utawa prastawa
kasebut.
2. Narasi sugestif
Teks narasi sugestif yaiku teks
narasi kang dhasare saka pangangen-angen panulis. Teks narasi sugestif iku
nduweni ancas supaya pamaos iku kaya-kaya melu ngrasakake ana ing sakjroning
crita kasebut.
Mangerteni informasi pokok kang faktual jroning wacan.
Kanggo mangerteni informasi
pokok kang faktual ing sawijining wacan, kita bisa nggunakake daftar pitakonan “paing saka geye” (apa, ing
ngendi, sapa, kapan, geneya, lan kepiye).Saka pitakon mau, banjur menawa
nemokake wangsulane saka wacan bisa ditulis lan bisa dadi informasi kang
faktual utawa nyata. Saiki coba wacanen wacan argumentasi kanthi irah-irahan “Lulusan
SMK Siap Kerja, Aja Dianggep Sasisih Mripat" iki, banjur tulisen informasi
faktual kang bisa kokdudut.
Lulusan SMK Siap Kerja, Aja
Dianggep Sasisih Mripat
Jaman biyen, akeh wong kang
nganggep sinau ana ing sekolah menengah kejuruan (SMK) mujudake pilihan paling
pungkasan. Ora kalebu pilihan kang favorit lan diunggulake.Kepara ora sithik
kang nganggep lulusan SMK mung sasisih mripat jalaran ing SMK panggonane para
siswa sing males sinau, seneng mbolos sekolah, lan kumpulane bocah
nakal.Nanging, apa iya pratelan kang kaya mangkono iku isih trep lan jumbuh ing
jaman saiki?
Anggepan ngenani SMK kang
kaya mangkono wis ora jumbuh lan trep ing jaman saiki. Saiki sekolah menengah
kejuruan wis ngalami owah-owahan kang gedhe banget.Kepara saiki jamane dadi
suwalike. Para siswa luwih milih sekolah ing SMK tinimbang sekolah umum jalaran
lumantar sekolah ing SMK bakal oleh sangu kaprigelan teknis kanggo nyambut
gawe. “Mula saka iku, SMK wis ora dikiwakake maneh, lan uga ora dadi pilihan
pungkasan tumrap wong akeh", ngendikane Direktur Mitras DUDI Kemdikbud
jroning sawijining acara diskusi kanthi tema “Pendidikan Vokasi Hadapi Industri
Masa Depan".
Owah-owahaning tatanan ing
SMK ora mung dumadi jalaran saka upayane pamarentah nanging uga saka labuh
labete dunia usaha lan dunia industri (DUDI) kang melu nyengkuyung lakune
pendidikan ing SMK. Kawiwitan saka kawicaksanan pemerintah lumantar Inpres Nomer
9 ngenani Revitalisasi SMK lan disengkuyung program liyane kaya dene; program SMK center of excellence
(CoE), program link and match, lan kang
paling pungkasan program SMK pusat keunggulan. Banjur ditambah labuh labete
dunia industri lumantar program kelas industri, lakune pendidikan ing SMK saya
kebat anggone nututi owah-owahaning jaman lan kabutuhan pasar tenaga kerja.
Program nyambungake lan ngepasake antarane pawiyatan ing SMK lan DUDI iki dadi
salah siji srana nyepetake laku undhaking kualitas pendidikan kejuruan ing
Indonesia.
Sing dadi pambeda, ing
sekolah SMK para siswa ora mung disangoni ijazah lulus sekolah, nanging uga
sertifikat kompetensi ing bidang keahlian tartamtu kang bakal digunakake kanggo
bukti lamun kaprigelan wis lulus sertifikasi dening lembaga sertifikasi profesi.
Kajaba iku, para siswa SMK uga duweni kalodhangan nglakoni magang kerja
lumantar program PKL utawa praktik kerja lapangan ing lokasi DUDI kanggo dhasar
pengalaman sadurunge nyemplung ing donyaning dunia usaha lan dunia industri.
Bareng lumakune wektu, angka
partisipasi kerja lulusan SMK tansah mundhak saben taun.Adhedhasar Survei
Angkatan Kerja Nasional (Sakernas) Badan Pusat Statistik (BPS)taun
2014-2018,jroning Agustus 2015 ana 10,8 yuta lulusan SMK kang nyambut gawe ing
dunia kerja, lan tansah mundhak dadi 12, 1 yuta ing Agustus 2016; 12,5 yuta ing
Agustus 2017 lan 13, 6 yuta ing Agustus 2018. Ateges nuduhake keterserapan
lulusan SMK ing industri jroning data kang positif. Sanadyan ing data BPS kang
paling pungkasan ngenani tingkat pengangguran terbuka (TPT) Agustus 2021
nuduhake lulusan SMK ing angka 11,13 %, nanging ora ateges para lulusan SMK ora
bisa terserap ing DUDI. Bab iki jalaran cacahing SMK kang saya akeh lan lulusan
SMK kang dadi calon tenaga kerja ora bisa diwadhahi kabeh dening DUDI.
Adhedhasar data lan fakta
kasebut, wis samesthine anggepan ngenani sekolah SMK dadi pilihan kang paling
pungkasan kuwi kudu diilangi. SMK saiki wis beda karo jaman biyen. Kepara akeh
siswa pinunjul lan berprestasi saka lulusan SMK kang ngarumake bangsa ing
kancah internasional kaya dene lomba World Skills Asia Competition lan World
Skills International Competition.
Sumber:kemdikbud.go.id
lan maneka sumber kang dibesut saprelune
Tulisen
informasi pokok lan faktual saka wacan argumentasi kasebut ana ing kolom ngisor
iki.
Pitakonan |
Informasi Faktual |
Nomer Paragraf |
Apa |
|
|
Ing
Ngendi |
|
|
Sapa |
|
|
Kapan |
|
|
Geneya |
|
|
Kepiye |
|
|
PURWAKA
Teks kuwi wujude ana loro,
yaiku sing bisa diwaca lan sing bisa dirungokake. Lumrahe sing diarani teks,
wujude tulisan sing bisa diwaca.Jinis-jinise teks iku maneka werna: teks
deskripsi, narasi, eksposisi, persuasi,lan teks argumentasi.Siswa perlu mangerteni
jinise teks lan bisa mbedakake jinis teks kasebut. Ing pasinaon iki, jinise
teks sing kababar yaiku teks argumentasi. Supaya luwih gamblang, para siswa
perlu maca lan nulis teks argumentasi kanthi kaidah-kaidah kang trep.
Teks Argumentasi
1.Teks argumentasi yaiku
teks kang isine ngandharake sawijining gagasan utawa perkara, kanthi alesan,
tuladha, lan bukti-bukti kang valid lan supaya sing maca bisa nampa gagasan
utawa idhene panulis.
2.
Titikane Teks Argumentasi
a.Ngandharake panemu, idhe
utawa gagasan kang dikantheni alesan kanggo mbuktekake panemu utawa gagasan
mau.
b.Nduweni tujuwan ngyakinake
kang maca supaya nampa apa kang diandharake panulis.
c. Ngandhakake bab kang
nyata lan dicethakake kanthi angka lan bukti-bukti liyane.
d. Migunakake nalar kang runtut.
e. Lumrahe asipat ilmiah utawa
formal.
f. Ing perangan pungkasan ana
dudutan (simpulan).
g. Lumrahe basane lugu utawa apa
anane.
3.Unsur-unsure
teks argumentasi
a.Pratelan (pernyataan)
b. Dhata kang nyengkuyung
C. Panemu adhedhasar dhata
d. Dudutan cekak aos
Siswa
nulis teks argumentasi adhedasar kaidah utawa carane nulis teks argumentasi.
Gaweya teks argumentasi
kanthi tema pendidikan, ekonomi, sosial, utawa kahanan wirausaha lan industri
jaman saiki!
Carane nulis teks argumentasi:
1. Nemtokake tema karangan sadurunge
nulis karangan
Tema kudu cekak aos lan bisa
dadi lambaraning perkara kang ana ing teks argumentasi. Pamrihe, anggone
ngandharake gagasan kanthi dhata kang wis dikumpulake.
2.Nemtokake tujuwan
Mujudake tujuwane panulis anggone
nulis teks kasebut. Yen tujuwane A,mesthine sing dikandhakake uga bab-bab sing
ana gegayutane utawa laras karo tujuwan A kasebut.
3.Ngumpulake dhata saka maneka
sumber
Dhata kang dikumpulake kudu bener,
akurat, faktual, lan dadi bukti nyata kanggo ngyakinake sing maca.
4.Nggawe ragangan karangan,
jumbuh karo tema kang dipilih Nulis ragangan kuwi penting, amarga ragangan kang
bakale dikembangake dadi ukara-ukara lan paragraf-paragraf.
5. Ngembangake ragangan dadi
karangan argumentasi Ragangan sing wis digawe banjur dikembangake supaya bisa
dadi ukara Ian dadi karangan argumentasi.
6. Nggawe dudutan lan mriksa maneh
basane sarta struktur karangane.
Kawruh Kagunan Basa
|
1.Yogyaswara
Yogyaswara yaiku tembung
loro kang meh padha pocapane utawa pakecapane kang mengku teges lanang wadon.
Tuladha: Putra-putri, dewa-dewi,
mudha-mudhi, raseksa-raseksi,bathara-bathari,siswa-siswi.
2.Tembung Entar
Tembung entar yaiku pepindhan
(kiasan) kang kadhapuk saka rong tembung. Tembung ing ngarep minangka silihan
lan banjur owah saka teges bakune. Tembung mau nduweni teges dudu teges
salugune.
Tuladha
Tembung Entar |
Tegese |
cupet nalare |
ora bisa mikir jero utawa
njlimet |
ngangsu kawruh |
golek ilmu |
peteng atine |
susah,kelangan akal |
rai gedhek |
ora nduwe isin |
gedhe endhase |
sombong,kumalungkung |
dawa tangane |
seneng nyolong |
jembar dhadhane |
sabar banget |
sumpeg atine |
susah banget |
wedi getih |
ora wani,jirih |
abang kupinge |
nesu |
3.Rura basa
Rura basa yaiku rakitane
tembung sing luput nanging wis umuim utawa wis lumrah digunakake.
Tuladha
Tembung Entar |
Tegese |
nggodhog wedang |
nggodhog banyu kanggo wedang |
menek klapa |
menek wit klapa |
KAPUSTAKAAN
Rianto Pujo,dkk.2022.Lantip Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : Erlangga
Triana Kanthi, dkk.2022. Widya Basa lan Sastra Jawa. Media Guru.
Komentar
Posting Komentar