Materi Paramasastra
MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA
Pacelathon
asal saka tembung lingga “celathu”. Tegese omongan utawa guneman. Pacelathon
yaiku omong-omongan antarane wong loro utawa luwih.
Nalika
omong-omongan, yen nggunakake basa Jawa kudu nggatekake unggah-ungguh basa.
Basa kang digunakake kudu laras karo sapa sing guneman lan sapa sing diajak
guneman. Wujude unggah-ungguh basa iku ing antarane ana ngoko lan krama.
a)
Ngoko iku basa kang
tembunge migunakake tembung ngoko. Lumrahe ukarane gampang dingerteni. Basa
ngoko digunakake:
1. Omong-omongan
antarane kanca karo kanca sing wis kulina lan akrab.
2. Wong
tuwa marang sing luwih nom, upamane guru marang murid, bapak utawa ibu marang
putrane, lan mas/mbak marang adhine.
3. Kanggo
pawarta, medharake gagasan (artikel), lan crita ing kalawarti/ majalah.
4. Kanggo
sesambungan kang sipate umum, kayata wara-wara lan iklan.
Tuladha
1. Kowe mau saka ngendi?
2. Aku ora sida nonten konser.
b)
Ngoko alus, yaiku
tembung-tembunge ngoko kecampuran tembung krama. Tembung-tembung krama iku
kanggo wong liya, dene tembung-tembung ngoko kanggo awake dhewe lan wong liya
kang ora perlu migunaake basa krama amarga wis raket anggone kekancan utawa
umure sangisore. Ngoko alus iku digunakake ing:
a.
Omong-omongan karo wong kang statuse
padha, nanging kanthi rasa ngurmati.
b.
Omong-omongan karo wong kang statuse
luwih dhuwur, nanging wis raket banget.
c.
Omong-omongan karo wong kang statuse
saperangan luwih dhuwur nanging
saperangan luwih cendhek.
d.
Kanggo ngrasani utawa nggunem wong kang
statuse utawa umure luwih dhuwur.
Tuladhane
1. Coba kana mundhuta pirsa, Bapak karo Ibu arep ngersakake
dhahar apa?
2. Panjenengan apa ora tau tindak mrana?
c)
Krama lugu ing tatarane
tembung jaman saiki mapan ana ing tengah, antarane ngoko lan krama inggil.
Tembung-tembung ngoko kang ana tembung kramane, dikramakake. Tembung-tembung
kang sesambungane karo awake dhewe lan ana tembung kramane, uga dikramakake.
Basa krama iku digunakake kanggo:
a. Omong-omongan
karo wong kang statuse kurang luwih padha, wis kulina, padha-padha ajen-ajenan,
nanging ora kurmat banget.
b. Omong-omongan
karo wong kang statuse luwih cendhek utawa wis kulina nanging pancen niyat arep
ngurmati.
c.
Nerangake bab apa wae kang sipate umum.
d. Nulis
kang sipate umum.
Tuladha
1. Sedaya
tiyang menika kedah mangertos dhateng tugas lan kewajibanipun
piyambak-piyambak.
2. Sasampunipun sami wangsul, boten wonten ingkang nyukani pambiyantu dhateng piyambakipun.
d)
Krama alus wujude
tembung-tembung krama. Ater-ater lan panambang uga krama. Tembunge krama inggil
tumrap wong kang diajak omongan. Basa
krama alus gawe swasana kang kurmat banget. Cak-cakane:
a.
Wong nom marang wong tuwa, murid marang
guru, uga rewang karo bendarane.
b.
Kanggo omong-omongan karo wong kang
statuse kurang-luwih padha, padha-padha banget kurmat-kinurmatan amarga ora
utawa durung kulina. Yen nyebut awake
dhewe, lumrahe nganggo tembung krama.
c.
Kanggo sesorah kang swasanane perlu
unggah-ungguh kang jangkep, tuladhane panatacara.
d. Kanggo nulis kang perlu migunaake unggah-ungguh basa jangkep tumrap para kang maos
Tuladha ing sekolahan: Yen kowe didhawuhi bapak/ibu
guru njupukake buku ing meja, aturmu marang bapak ibu guru kepriye? |
nuwun sewu, Bu, kula dipunutus Pak Setyawan kapurih mendhetaken bukunipun ing meja. Matur nuwun.”
GLADHEN
1. Goleka 50 tembung ngoko dadi krama!
Komentar
Posting Komentar