Materi Cerkak
CERKAK
cerkak yaiku sawijing jinis karya
sastra sing ditulis adhedhasar gegambaran utawa imajinasi saengga fiktif utawa
rerekan minangka tiron saka prastawa sing kedadeyan ing sakiwa tengene manungsa
1. Unsur Pambangun
Kaya dene karya sastra umume,
cerkak uga nduweni unsur kang dadi pambangun. Unsur mau ana kang mbangun saka
njabane crita, diarani unsur ekstrinsik. Dene ana kang mbangun saka sajroning
crita, diarani unsur instrinsik. Ing bab iki, bakal diandharake unsur- unsur
intrinsik sing migunani kanggo mbangun crita kanthi langsung.
Unsur-unsur instrinsik mau kayata
ing ngisor iki.
a. Tema (Underan)
Underan punika dhasaring pikir
sing dadi idhe crita. Underan duwe sipat sing sinamun, amarga sipate iku pamaca
kudu nggoleki dhewe apa sing dadi underane crita saka kadadeyan
ing sajroning crita.
b. Amanat
Amanat yaiku pesen-pesen utawa
piwulang sing arep disuguhake
panulis marang pamacane.
c. Paraga lan dhapukan
Paraga yaiku pawongan sing ana
sajroning cerkak. Paraga iku adate kaperang dadi telu, yaiku protagonis sing
duwe watek becik, antagonis sing duwe watek ala, lan tritagonis yaiku paraga
tambahan kang nyengkuyung paraga liyane. Dhapukan yaiku carane panulis
nggambarake watek utawa pribadhi saka paraga. Anggone nggambarake, panulis
adate nganggo rong cara, yaiku kanthi teknik analitik lan teknik dramatik.
Teknik analitik yaiku nggambarake karakter paraga kanthi cara langsung lan
cetha ing sajroning crita. Dene teknik dramatik yaiku nggambarake karakter
paraga kanthi ora langsung, kayata lumantar gambaraning wujud, pacelathon
antaraning paraga, utawa saka tindak-tanduke paragane.
d. Alur
Alur yaiku urut-urutaning
kadadeyan sajroning crita. Jinising alur adate ana telu, yaiku alur maju utawa
progresif, alur mundur utawa regresif, lan alur campuran.
e. Latar
Latar utawa setting iku ngenani
papan panggonan, wektu, lan swasana jroning crita. Saliyane iku, ana uga latar
kang gegayutan karo sosial, budaya, ekonomi, lan sapiturute. Latar iku gunane
kanggo negesake utawa nguwatake pamaca anggone mahami lakuning crita kasebut.
f. Punjering crita/pamawas
Pamawas utawa sudut pandang, yaiku
carane panulis nggambarake utawa nyritakake cerkak. Pamawas kaperang dadi loro,
yaiku wong kapisan lan wong katelu.
g. Lelewaning basa
Lelewaning basa iku gegayutan karo
warna basa sing dianggo panulis.
II. Piwulang kang Kamot ing
Cerkak
Saben cerkak mesthi duwe piwulang
kang disuguhake dening panulis supaya pamaca bisa ngerteni lan ngowahi apa sing
dikarepake panulis sajroning crita. Piwulang sing kamot ing cerkak awujud
nilai- nilai sing bisa dituladhani kaya ing ngisor iki.
a. nilai budaya, yaiku
nilai kang lumaku ana ing masarakat. Lumrahe ana gegayutane karo adat saben
panggonan.
b. nilai agama, gegayutan
karo ajaran saka agama sing dicritakake jroning cerkak. Adate awujud norma utawa
kaidah ajaran ing elmu agama.
c. nilai moral, gegayutan
karo budi pakarti, solah bawa, lan patrap ing antarane wong siji lan liyane.
d. nilai sosial, gegayutan
karo tata lakune uriping manungsa anggone padha sesrawungan ing masarakat.
e. nilai pendhidhikan,
ngrembug babagan kepriye bisa duwe ancas supaya manungsa iku tansah sinau
saengga sing sadurunge ora ngerti dadi ngerti.
f. nilai etika, ngrembug
bab sopan santun lan subasita antarane wong siji marang liyane ing sajroning
masarakat.
g. nilai estetika,
gegayutan karo kaendahan basa lan seni supaya crita cekak iku endah lan estetis
nalika diwaca.
h. nilai politik, gegayutan
karo babagan demokrasi, pamarentah, lan sapiturute.
i. nilai patriot, gegayutan
karo semangat perjuwangan wong kanggo nggayuh apa kang dikarepake.
Titikane Cerkak / Ciri Cerkak
1. Critane ringkes.
2. Ana gegayutane karo lelakone manungsa.
3. Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.
4. Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.
5. Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita.
6. Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake cerita kanthi tetep migatekake unsur- unsur intrinsike crita iku. Lumrahe sinopsis kurang saka 300 kata.
Carane gawe sinopsis :
1. Maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utamane
2. Nyatet gagasan utama kang penting
3. Ngrantam (nyusun) maneh gagasan utama dadi paragraf
4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.
STRUKTUR CERKAK
1.orientasi (Penulis jlentrehake kedadeyan sing miwiti perkara kanthi gambarake wektu, kahanan lan panggonan.)
2.komplikasi (Jlentrehake prakara-prakara, konflik, utawa apa sing dadi alanganing paraga sebab-akibat.)
3. evaluasi (Tumujune konflik kedadeyan kang wiwit munggah.)
4. krisis (Pucuking konflik saka cerita)
5. koda (Pungkasane cerita ngenani kepiye nasib paraga sawise amenangi perkara.)
TULADHA CERKAK 1
Gelangmu
Ndhuk
Limalas taun wis lumaku anggone Ani lulus SMK.
Yen kelingan biyen wektu sekolah, Ani kudu nggrantes. Awit wektu sekolah biyen
ana guru sing asmane Pak Budi kang duwe pengalaman ora kepenak. Wektu iku, Ani
nembe kelangan ibune sing seda amarga gerah. Sadurunge seda, ibune mung
ninggalake gelang sing dadi siji- sijine tinggalane. Nalika pelajaran
matematika, para murid padha anteng ora ana blas sing wani ngguyu lan gojegan.
Pancen Pak Budi kawentar guru sing galak. Kedadeyane pas dina Senen, wektu
pelajaran matematika isih padha nggarap soal, dumadakan ana bocah sing gojegan.
Bab iku ndadekake Pak Budi duka lan ngecek garapane murid. "Mbak, nganggo
apa tanganmu" pitakone Pak Budi. "Niki gelang saking ibu, Pak."
wangsulane Ani. "Ngerti ora yen neng kene, ora entuk nganggo
mas-masan?" pitakone. "Mboten ngertos, Pak." jawabe Ani.
"Copot gawa rene!" panjaluke kanthi swara kang sora. "Ampun Pak,
niki tinggalane ibu kula, ampun disuwun" pamintane Ani. "Wis ora ana
alesan, aturan ya aturan. Yen arep njupuk, ya wong tuwamu neng sekolahan"
Pak Budi tetep teges. Kanthi abot, Ani nyopot gelange lan ndlewer luh saka
mripate. Sawise kedadeyan iku, Ani wis nglokro nampa pelajaran saka Pak Budi.
Atine isih mangkel menawa kelingan kedadeyan kuwi. Ani ora wani crita karo
bapake amarga wedi. Liya panggonan, Pak Budi ngenteni tekane wong tuwane Ani.
Saprelu arep ngandhani aturan ana ing sekolah. Sepuluh taun sakwise, alumni
angkatane Ani wis padha kerja kalebu dheweke. Ani dhewe dadi pengusaha sing
sukses. Saka rembugane kanca saangkatan, dianakake reuni ing omahe Ani sing
gedhe magrongmagrong. Dina iku udan deres, Ani bali numpak mobil Jaguar. Amarga
bar udan, saka mobile Ani nyiprat sakiwa tengene. Pas kebeneran, nyiprati wong
tuwa sing numpak pit. Wong tuwa iku mung ngelus dhadha ngerteni bocah enom
jaman saiki sing ora tata. Disawang mobil iku mandheg, lan dumadakan wong tuwa
iku kelingan muride sing jenenge Ani.
Wong
tuwa iku, Pak Budi. Sanalika Pak Budi kelingan gelange Ani sing durung
dibalekake. Sesuke Pak Budi ngepit ing omahe Ani. Udan sing awit bengi nganti
esuk ora kendhat, ora ndadekake niyat mbalekake gelang mandheg. Tekan ngarep
omah, ana satpam sing njaga. "Badhe kepanggih sinten, Pak?" pitakone
sopan. "Leres niki griyane Ani?" wangsulane. "Inggih leres, Pak.
Njenengan sinten?". "Kula riyin gurune, saged kepanggih napa
mboten?" sumaure. "Nggih Pak, mangga". Ngepasi dina iku reunine
saangkatan digelar. Pas mlebu omah, Ani ngenteni ngarepan. Ngerti ana wong tuwa
lusuh, tanpa basa-basi wong iku diusir. "Ndhuk, iki aku." Durung
rampung anggone nutugake omong, wis diusir. "Lunga Pak, iki seje
panggonanmu, salah omah!" Ani nyentak tanpa nyawang wonge. Pak Budi lemes,
ngerti muride biyen dadi mangkono. "Apa wis lali karo gurune?"
pitakone ana ing jero ati. Pak Budi mlebu maneh. Ani wis mlebu. Mung ana Lusi,
kancane. Disawang rada suwe, Lusi banjur nuntun wong tuwa iku. "Ya Allah
Gusti, Pak Budi." Lusi ngrangkul mapag Pak Budi sing wis tuwa."
"Wonten napa nggih, Pak?" pitakone Lusi. "Arep mbalekake gelange
Ani, Ndhuk" sumaure cekak. "An, An iki ana Pak Guru!" Lusi
mbengok. "Sapa Lus?" balese Ani saka njero. "Pak Budi, guru
matematika." Ani metu saka njero. Pas metu, Pak Budi mung mesem. "Iki
gelangmu biyen Ndhuk. Aku ora arep njaluk apa-apa, mung kelingan yen gelang iki
isih neng aku. Biyen wong tuwamu tak enteni ora ana teka. Dadi tak simpen
nganti saiki". Tanpa sadar, luh tumetes saka mripate Ani. "Ya Allah,
kula nyuwun pangapura Pak. Kula boten nglegewa menawi njenengan kala wau. Kula
nyuwun ngapunten Pak,". "Ora salahmu An, aku sing salah. Aku sing
kudu njaluk ngapura." "Iki gelangmu Ndhuk, senajan aku wis ora duwe
kaya saiki. Jenenge guru ora bakal lali karo muride. Nganti kapan wae, bakal
eling. Guru iku seneng yen muride bisa sukses kaya kowe, An. Ora arep njaluk
sing luwih. Iki tak balekna, tegese utangku wis ora ana ya, An.",
"Nggih Pak, kula sing luput. Boten ngerti guru sing sampun nggulawentah
kula sakanca, Pak." Ani njaluk ngapura lan ngakoni yen salah. "Wis ya
Ndhuk, aku pamit. Wis lunas kabeh lan ora ana tanggungan neng aku maneh".
(Rianto Pujo Nugroho)
TULADHA CERKAK 2
Becak
Olehe midak pedhal becak
krasa tenanan, kaya-kaya tanaga paling pungkasan.Kedadeyan iku persis nalika
becak mrambat munggah kreteg pinggir sawah sing kawentar singub. Ora prakara
merga Kardiman kerep njegrag githoke, nanging saka karepe olehe kudu nuruti
penumpang.
Bola-bali penumpange pesen,
"Yen tekan kreteg rada cepet nggih, Pak," anggone aloke pelanggan
sing kebeneran kecathet minangka wakil rakyat mau. Ora kawentar jenenge pancen,
merga piyambake mung tilas bidhuwan dhangdhut sing ora kepetung vokal ana
fraksine. Sak ora-orane miturut komentare juru warta ing panggonan
kono."Nggih, Bu." sumaure Kardiman sopan. Batine pancen kudu manut.
Piye ora manut?Wong saben ngeterake menyang omahe, Kardiman entuk upah sepuluh
ewu rupiyah.Genep sesasi disuda dina Minggu, paling ora seprapat yuta bisa
mlebu dompet.
Bubar ngedhunake penumpang,
Kardiman kudu bali maneh menyang prapatan panggonan mangkal. Dheweke apal isih
ana kurang luwih papat apa lima bis sing bakal ngedhunake penumpang loro.
Tambahan sepuluh ewu lak ya cukup kanggo nempur beras, mangkono batine Kardiman
nalika pikirane tumlawung kelingan Suminah sisihane.
Playune wayah bengi sajak
krasa cepet. Siji loro tukang becak sing wis entuk dhuwit luwih saka seket ewu
padha milih mulih. Mung kari Markijo lan Darmuji sing durung mulih. Dadi isih
ana wektu kanggo jagongan, ora ketang intine rembug ngalor ngidul.
"Kang, kowe ora mulih? Apa arep
nginep prapatan kene?" pitakone Markijo setengah nggodha.Kardiman
klecam-klecem. Nyawang kancane rembugan. Sak jurus bacute terus ndudut andhuk.
Ngelapi kringet sing terus mili merga hawane sumuk.
"Awake dieman-eman
Kang, timbang masuk angin maneh, ngelingi balung tuwa,"Darmuji urun
rembug.
"Wis ana seket ya,
Kang?" Markijo nggenep pituture kancane.
"Mbuh seket, mbuh
satus, sing penting kari nari awak. Wong sing umure sewidak wae isih padha
nyalon Pilkada, mosok awake dhewe arep nggantung becak?" retorikane menehi
pratandha yen Kardiman rada melek politik. Ora muspra anggone ngecer koran rega
sewunan saben esuk. Ya, saben dheweke kasil narik penumpang pisanan.Ora let
suwe keprungu swara bis teka. Penumpang telu butuh becak kabeh. Kardiman
pilihngladeni penumpang buthak sing sajak nggawa dhuwit akeh. Disawang saka
carane ndekep tas katon olehe tenanan. Pedhal becak sing digenjot banter tumuju
stasiun. Tujune ora pas rob, dadi ngglindhinge rodha isa lancar.
Bubar ngeterake menyang
stasiun banjur ana krentege ati ngajak mulih. Kardiman kepengin ngerteni karepe
Mulyanto sing ngedrel arep sekolah ana SMK Jurusan Otomotif. Edan tenan anakku
mbarep iki. Wetone apa ya, yen nduwe karep ora kena dipenggak.Yen aku dadi
juragan, sakabehe karep bakal tak turuti. Namung gandheng panggautane mung
tukang nggenjot becak bisane mung nundha karep. Ngono batine Kardiman.
Rodhane becak mlipir pinggir
kutha. Swarane isih icik-icik. Kahanane rada peteng.Rong kilo maneh tekan omah.
Mesthi kudu nggawa dhuwit kanggo sisihane. Pager pring sing nggapit wit luntas
menehi tandha yen Kardiman kudu medhun saka sadhel.Nuntun becak menyang emper.
Keprungu bapake teka, Mulyanto mbukak lawang.
"Piye Pak,
rejekine?" bojone nusul.
"Lumayan, mangan beras
raja lele karo sate ayam ya cukup," sak kecekele olehe mangsuli. Krungu
guneman kaya mangkono Mulyanto mlengeh. Suminah jumangkah menyang gandhok,
njupuk gelas, teh celup, gula pasir rong sendhok cilik banjur dicori banyu
tremos.
"Sirame
nganggo banyu anget apa ora Pak?" ganti Mulyanto sing nawani.
"Wadhuh, kok kaya
priyayi, banyu adhem ya ora apa-apa".
Bubar adus, Kardiman lungguh
ana ruwang tamu. Ndudut rokok murah sak ler.Gandhos anget dipangan kanthi
telap-telep.
"Piye? Kowe sida
sekolah ana SMK Otomotif?" pitakone karo nari.
"Ya Pak, sekolah sing
nduwe kualitas lho Pak, aja ecek-ecek," sengake krasa nampek.
"Lho, sekolah lak
sak-sake, mengko yen lulus kabeh kowe sing nemtokake".
"Ben
cepet kerja Pak. Nek sekolah wae ora mutu, lulus ya mung nganggur Pak".
"Terus Bapakmu kudu
mbayar dhuwit gedhung? Sing gunggunge telung yutanan?"pikirane gage mabur
dhuwur. Nemplok awang-awang.
Mripate ngendelong. Mulyanto
lan Suminah ora tegel nyawang. Mbayangake pirang yuta genjotan pedhal becak
kanggo dhuwit atusan ewon sing cacahe telung puluh lembar mau. Apa kudu utang
koperasi RT? Mokal. Nembung bendahara RT paling banter mung telung atus ewu.
Rumangsa dadi wong lanang
sing gedhe tanggung jawabe, ujug-ujug tuwuh rasa krentege. Kanthi giliran mata
tuwa mau nyawang anak lan bojo ana sangisore lampu bruwet limang wat.
"Terus sing kanggo
ngragati apa ya, Le?" pitakone keprungu manglung.
"Ora bisa nggadhekake
kalung, Pak?" pitakone Mulyanto. Kardiman ngulu idu,nandhes.
"Kalunge sapa?
Anting-anting emas enom wae ora gableg, Le," Kardiman negesake.Mulyanto
ganti sing ngulu idu, semono uga Suminah. Luh mripat kaya-kaya
rembres,mbrambang. Rasa sepi kegulung kencenge angin wengi tumiyup ana ing
njaba.Godhong-godhong pohung keprungu pating krusek. Atine wong telu mau
ngendhelong.Pikirane Mulyanto mabur tekan kutha Yogya. Nate dicritakake ana
koran menawa ing kutha kasebut ana tukang becak sing kasil ngragadi anake dadi
dhokter. Lha aku?Mosok golek ragat SMK wae kangelan.
"Piye yen becake dhewe
didol?" pilihan paling keri kumecap saka pipi kempote Kardiman.Suminah
njenggirat kaget. Mangkono uga Mulyanto.
"Kuwi pancen siji-sjine
panduwene awake dewe. Kanggo golek sandhang pangan sisan.Yen sida didol, mengko
saben ndina bapakmu arep nyewa becak.Setoran lima tekan pitung ewu saben
ndina," ukarane ngemu rasa geter. Mulyanto mung ndhingkiuk.Suminah kaya
ketendhang adoh. "Jare ana sekolah sing tanpa gedhung, Le?" ukara
nekad jumedhul muncrat.
"Ana Pak, ning aku
kepengin sekolah sing lulusane langsung kerja. Mengko yen kerja, dongakna Pak,
Mak, gajine akeh, tak pundhutke becak maneh," Mulyanto janji.
"Telung taun
maneh?" Suminah gumregah.
"Isih dawa... aja
ngarep-arep barang sing durung cetha," ukarane Kardiman sumedhot.
"Muga-muga kabeh lancar
Pak," Suminah nggenepi rembug.
"Yen
keputusan kita wis sarujuk, iki aku arep mangkat nggenjot maneh".
"Menyang ngendi
Pak?" Suminah kepengin ngerteni.
"Entuk borongan nggawa
kerdhus. Telung becak. Sewidak ewu. Dadi jam sewelasan mengko aku lagi
mulih," Kardiman nerangake kanthi gamblang. Wong telu bali
pandeng-pandengan.Suminah lan Mulyanto ngeterake tekan jaba pager.
"Dadi,sekolahmu ora ana
BOS ya Le?" Kardiman kelingan judhul koran mau esuk.
"Ora kabeh sekolah
entuk cepet Pak, ora mesthi medhun sasi ngarep. Ya mengko yen medhun tuku becak
Pak," sepisan maneh Mulyanto ngencengake karepe bapake.Becak urung bali
ngglindhing milah lurung tabuh wolu bengi. Gegere Kardiman katon mbungkuk. Rong
puluhan taun dadi tukang becak, kaya ngapa tetep gawe gegere ora kenceng maneh.
Bebarengan karo kuwi jam terus mlaku balapan nglawan wengi.
"Emak turu wae, yen
kurang turu malah mumet," Mulyanto ngerih-erih emake.Swara kodhok pating
clebung ing swalike gerumbulan wit kangkung cukup nglipur atine Kardiman.
Paling ora banjur kelingan jaman cilikane mbiyen. Mligine nalika urip ana tlatah
Nguntoronadi,Wonogiri. Sadar yen kudu telung jam nggenjot becak telung
ambalan,Kardiman kudu kampiyun nata ati supaya ora ambruk awake.
Mbulan mung kari separo
merga katerak mendhung. Jam wis ngrubut angka sawelas wengi. Kardiman krasa
kesel. Awake anyep. Balunge kaya-kaya dilungsuri.Mula, tekan ngomah dheweke
banjur nothok lawang, mlebu masrahake awak ana dhipan sing kasure wis tipis.
"Ora wedangan,
Pak?"” Sumirah kudu aweh kawigaten.
"Kesel, turu wae Bu,
mulihake awak," wangsulane alon. Wedi gawe tangine Mulyanto sing ngorok
banter. Ora let suwe tetelune bablas turu. Ora kober mikir dhuwit gedhung
sekolah, ora mikir pedhal becak, ora mikir sakabehe. Kabeh rancangan dipikir sesuk.
Becak arep ditawakake juragan Pujo, uga dipikir sesuk.
Angler olehe keturon.
Gerimis nggembuleng peteng. Limang jam maneh pitik-pitik jago padha kluruk.
Esuk uthuk-uthuk wis akeh bakul balapan golek dodolan mentah menyang pasar
Kobong. Telu-telune ora ana sing padha tega nggugah. Jam setengah enem, lagi
padha rumangsa telat tangi. Mbukak lawang ngarep. Mripate tumuju emper omah.Ora
percaya karo kahanan sing nyata esuk kuwi. Suminah nguceg-uceg mripat.Isih
durung percaya. Suminah njerit sak kayange.
"Paak,
Paaak! Becake dhewe ilang Pak? Ora mbok rante Pak?"
Kardiman mlumpat sak
kayange. Mangkono uga Mulyanto. Wong telu padha mlongo ana ngarep lawang. Ing
emper pojok katon gothang. Ora ana becak.
Kardiman mung dheleg-dheleg.
Sadar, saking kesele mau bengi nganti lali ora ngrante becak kaya adate.
(Budi Wahyono,dipacak
Panjebar Semangat No.30-27 Juli 2013)
Komentar
Posting Komentar