Materi Unggah-ungguh Fase E
Materi Unggah-ungguhe Basa FASE E KELAS X Basa mujudake salah sijine unsur budaya kang asipat universal. Tegese, saben bangsa mesthi nduwe basa minangka sarana komunikasi. Tujuwane komunikasi kanggo medharake idhe, gagasan, rasa-pangrasa, panemu, pamawas, utawa karep marang wong sing diajak guneman. Sajerone nggunakake basa sacara lesan iku kudu ana sing guneman lan sing diajak guneman utawa sing ngrungokake. Nanging tarkadhang ana uga sing ngomong dhewe utawa ngudarasa. Kawawas saka wujude, basa iku bisa arupa tinulis, lesan, isyarat, lan basa wiraga (bahasa tubuh). Nggunakake basa uga kudu trep, ora kena tumpang suh. Masyarakat Jawa ngugemi tata kasopanan sajroning pasrawungan. Iku sing lumrah diarani unggah-ungguh. Unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama. Dene tata krama iku unggah-ungguhing gunem lan tindak-tanduke. Kejaba diucapake, gagasan, rasa-pangrasa, lan kekarepan supaya bisa cetha lan kepenak ditampa, kudu dikantheni solah-bawa,...