Materi Unggah-ungguh Fase E

 

Materi Unggah-ungguhe Basa

FASE E KELAS X

Basa mujudake salah sijine unsur budaya kang asipat universal. Tegese, saben bangsa mesthi nduwe basa minangka sarana komunikasi. Tujuwane komunikasi kanggo medharake idhe, gagasan, rasa-pangrasa, panemu, pamawas, utawa karep marang wong sing diajak guneman. Sajerone nggunakake basa sacara lesan iku kudu ana sing guneman lan sing diajak guneman utawa sing ngrungokake. Nanging tarkadhang ana uga sing ngomong dhewe utawa ngudarasa.

Kawawas saka wujude, basa iku bisa arupa tinulis, lesan, isyarat, lan basa wiraga (bahasa tubuh). Nggunakake basa uga kudu trep, ora kena tumpang suh. Masyarakat Jawa ngugemi tata kasopanan sajroning pasrawungan. Iku sing lumrah diarani unggah-ungguh. Unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama. Dene tata krama iku unggah-ungguhing gunem lan tindak-tanduke.

Kejaba diucapake, gagasan, rasa-pangrasa, lan kekarepan supaya bisa cetha lan kepenak ditampa, kudu dikantheni solah-bawa, tindak-tanduk, lan ulat sing trep. Aja nganti lesane muni "matur nuwun", nanging ulate mbesengut. Sabanjure basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama kaperang dadi krama lugu lan krama alus.

Ing bab unggah-ungguh basa, miturut Sudaryanto lan Ekowardono (1993), tataraning basa Jawa miturut panggonan, lan kanggo ngajeni wong liya sing diajak rembugan. Unggah-ungguh basa kapilah dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama.

1. Basa Ngoko

a. Ngoko Lugu

Tembung ngoko tegese tanpa tata basa utawa pakurmatan. Basa ngoko lugu lumrahe digunakake ing pasrawungan sing raket banget, kayata:

1) Guneman ing antarane sapepadhane sing wis kulina banget;

2) Guneman karo wong sing drajade luwih endhek/asor;

3) Pacelathone wong tuwa marang bocah utawa wong sing luwih enom;

4) Digunakake nalika ngudarasa utawa ngomong dhewe; lan

5) Tumrap bocah sing durung bisa guneman kanthi ganep.

Tuladhane:

1)"Aku mung bisa nginep sawengi lho," ujare Asri.

2) "Iya, aku mengko bengi ya turu kene. Ndeleng mengko piye?" kandhane Heni.

 

b. Ngoko Alus

Basa ngoko alus uga diarani basa ngoko andhap. Basa iki sanajan ngoko, ana rasa kurmat marang wong sing digunem utawa sing diajak guneman. Basa ngoko alus iku basa sing nggunakake tembung-tembung ngoko kacampuran tembung krama alus (krama inggil). Tembung-tembung sing kudu nggunakake krama alus (krama inggil) yaiku tembung-tembung kang ana sambung-rapete karo wong sing diajeni.

Katrangan:

Kanggo luwih mangerteni kepriye bedane antarane basa ngoko lugu lan ngoko alus, coba gatekna tuladha ing ngisor iki!

Ngoko lugu:

1) Bim, kowe mengko mulih jam pira? Sesuk mangkat jam pira?

2) Bapak wis kondur saka kantor, dene Ibu malah tindak arisan.

 

2. Basa Krama

a.Krama Lugu

Krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge nggunakake tembung krama kabeh tanpa kacampuran tembung krama inggil. Sacara semantis, ragam krama lugu awujud ragam krama kang kadhar aluse endhek, nanging yen dibandhingake karo basa ngoko alus, ragam krama lugu isih luwih alus. Gunane basa krama lugu kasebut dienggo guneman dening:

1) Wong tuwa marang wong enom utawa kalah pangkat;

2) Wong sing lagi pitepungan anyar;

3) Para siswa marang gurune;

4) Abdi marang bendarane; lan

5) Andhahan marang pimpinane.

Tuladhane:

1) Dhik Mursid mirengaken giyaran ringgit purwa kanthi lampahan 'Karna Tandhing'. Anggenipun mirengaken kaliyan nedha kacang goreng.

2) Kula badhe nyambut buku gadhahan sampeyan, amargi gadhahan kula ical.

 

b. Krama Alus

Krama alus iku basa kang ngajeni banget. Biyen arane krama inggil. Krama inggil iku sing ana mung tumrap tembung, yaiku

tembung krama inggil. Tembung krama inggil iku tembung kang digunakake kanggo nginggilake (ngunggahake) utawa ngajeni wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem. Kosok baline tembung krama andhap, yaiku tembung kang digunakake kanggo ngandhapake (ngasorake) awake dhewe, kang tegese ngajeni wong liya. Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen kudu dikurmati. Panganggone kayata:

1) Wong enom marang wong tuwa;

2) Batur marang bendarane;

3) Murid marang gurune;

4) Andhahan marang pimpinane; lan

5) Kanca karo kanca sing durung kulina.

 

 

KAPUSTAKAN

Triana Kanthi. 2023. Wibawa. Media Guru.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Cerkak

Materi Paramasastra

Materi Novel Merdeka Xl