WAYANG KELAS X
MATERI WAYANG Minangka salah sijine wujud kabudayan Jawa, wayang wis misuwur.Crita wayang kebak piwulang kang becik kanggo cekelan sajrone urip. Ing Indonesia, akeh jinise wayang. Salah sijine wayang purwa. Crita wayang purwa, dijupuk saka babon Ramayana Ian Mahabharata. Senajan ngono, akeh carita wayang sing wis ngalami owah-owahan utawa ana tambahan critane. Ing pasinaon iki bakal diladekakecrita sing sumbere saka babon Mahabharata. Wayang kuwi urip lan ngrembaka ing Indonesia iku akeh jinise,salah sijine wayang purwa.Wayang nduwe teges wewayangan utawa bayangan. Tembung wayang asale saka tembung wod "yang", banjur dadi wayang. Tembung wayang, hamayang, ing jaman kuna nduwe teges nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan wayangan. Sabanjure, dadi seni pentas wewayangan utawa wayang. Manut wujude, ana wayang kulit, wayang golek, wayang topeng,wayang wong, wayang beber, lan wayang suket. Dene manut critane, ana kang diarani wayang purwa, wayang madya, wayang...