WAYANG KELAS X

 MATERI WAYANG

Minangka salah sijine wujud kabudayan Jawa, wayang wis misuwur.Crita wayang kebak piwulang kang becik kanggo cekelan sajrone urip.

Ing Indonesia, akeh jinise wayang. Salah sijine wayang purwa. Crita wayang purwa, dijupuk saka babon Ramayana Ian Mahabharata. Senajan ngono, akeh carita wayang sing wis ngalami owah-owahan utawa ana tambahan critane. Ing pasinaon iki bakal diladekakecrita sing sumbere saka babon Mahabharata.

Wayang kuwi urip lan ngrembaka ing Indonesia iku akeh jinise,salah sijine wayang purwa.Wayang nduwe teges wewayangan utawa bayangan.Tembung wayang asale saka tembung wod "yang", banjur dadi wayang.Tembung wayang, hamayang, ing jaman kuna nduwe teges nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan wayangan. Sabanjure, dadi seni pentas wewayangan utawa wayang.

Manut wujude, ana wayang kulit, wayang golek, wayang topeng,wayang wong, wayang beber, lan wayang suket. Dene manut critane, ana kang diarani wayang purwa, wayang madya, wayang menak, wayang panji, wayang dongeng, wayang kancil, wayang suluh, wayang wahyu, lan sapanunggalane.

Ing antarane jinis-jinise wayang, sing paling populer lan nduwe umur ewonan taun yaiku wayang kulit kanthi crita wayang purwa. Mala marang jinis wayang iki, ana sing ngarani wayang kulit utawa wayang purwa wae.


Sumber critane saka babon Mahabharata lan Ramayana. Senajan asale saka India, crita ing wayang wis dilarasake karo budaya Jawa.

Sejarahe wayang adhedhasar tulisan ing prasasti, wayang wis ana sadurunge agama Hindhu mlebu ing Tanah Jawa. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita sing dijupuk saka India. Pagelaran dienggo minangka srana nyembah marang roh leluhur.

Prasasti sing katiti mangsa abad IV Masehi wis ngemot tembung mawayang.Katrangan sing luwih cetha ana ing Prasasti Balitung, udakara taun 907 Masehi. Ing kono ditulis: Galigi mawayang bwat Hyang macarita Bimma Yakumara. Tegese kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara. Biyen, wayang dligunakake kanggo srana dhakwah agama,mligine Hindhu lan Islam. Wayang sing akeh dhewe dienggo yaiku wayang kulit purwa. Wayang mujudake salah sijine kabudayan kang wis ngrembaka ing Indonesia lan kudu tansah diuri-uri dening para generasi mudha.

 

Jinise wayang kuwi ana sumbere crita wayang orang mung saka Ramayana lan Mahabharata. Kejaba Serat Menak, akeh layang Jawa wiwit jaman kuna, jaman tengah, nganti jaman anyar sing ngemot crita wayang. Jinise wayang kaya ing ngisor iki:

1. Wayang purwa, uga kasebut wayang kulit amarga digawe saka kulit kebo utawa sapi. Sumbere carita saka Ramayana Ian Mahabharata.

2. Wayang wong,padha karo wayang purwa nanging diparagakake dening wong.Sumbere critane uga saka Ramayana Ian Mahabarata.

3.Wayang kancil, uga diarani wayang dupara. Wayang iki digawe saka lulang.Crita serine Kancil.

4.Wayang dongeng, digawe saka dluwang kang digambari wayang awujud kewan-kewan. Wayang iki nyritakake donyane kewan kang dadi sarana refleksi saka donyane manungsa.

5.Wayang doa, saka akronime dongeng-dongeng anak banjur dadi doa sakabehane wayang kang dadi lakon satriya iku nganggo sorban.

6.Wayang beber,wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan iku nggambarake saadegan crita.

7.Wayang gedhog, meh padha karo wayang kulit. Sumbere crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri,lan


sapanunggale.Wayangikiuganyeritakakelelakone Panji Asmarabangun,Dewi Candra Kirana, lan sapanunggale.

8.Wayang klithik (krucil), wayang kang digawe saka kayu, wujude padha karo wayang kulit. Crita kang kerep dibabar Damarwulan Ian Majapait.

9.Wayang golek, digawe saka kayu lan diklambeni kayadene manungsa.Sumbere crita saka sejarah,kayata crita Untung Surapati,Batavia,Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan sapanunggale.

10. Wayang titi, wayang kanthi sumbere carita saka nagara Tiongkok.Wayang iki biyasane dipentasake ing kampung Pecinan utawa klenteng.

11. Wayang wahyu, uga disebut wayang bibel sing diciptakake dening Bruder Temotheos kanggo nyiyarke agama Kristen.

Serat Jawa kang dadi sumbere crita wayang purwa yaiku Ramayana lan Mahabharata.Wujude serat kasebut kaya mangkene:

1. Serat Ramayana

Ramayana nyaritakake Dewi Sinta,garwane Sri Rama, sing dicolong dening Rahwana. Kitab kuwi ditulis dening Empu Walmiki, kira-kira taun 300 sadurunge Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akeh banget variasine ing India lan negara liyane. Ing Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu ing Kakawin Ramayana. Wujude tembang gedhe.Intine nyritakake Prabu Rama.Ramnayana kaperang dadi pitung bageyan sing diarani kandha, yaiku Balakanda, Ayodhyakanda, Aranyakanda,Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda.

2.Serat Mahabharata

Serat Mahabharata yaiku serat kang nyritakake lakune trah Kuru nalika rebutan nagara Astinapura. Luwih-luwih lelakone Pandhawa lan Kurawa.Serat iki anggitane Resi Wahana awujud gancaran sing kaperang dadi 18 parwa. Urut-urutane yaiku Adiparwa, Sabaparwa,Aranyakaparwa, Wirathaparwa, Udyagaparwa, Bismaparwa,Dronaparwa, Karnaparwa, Setyaparwa, Gadaparwa, Aswatamaparwa,Stripalapaparwa,Santikaparwa, Aswamadaparwa, Asramawasaparwa,Mansalaparwa,Prastonikaparwa, lan Swargarohanaparwa.


Nemtokake Unsur-unsur kang Mbangun Crita Wayang

Guru ndhawuhi para siswa nyinaoni unsur-unsur kang mbangun teks crita wayang Bima Bungkus. Sawise kuwi para siswa didhawuhi nemtokake unsur-unsur kang mbangun crita wayang Bima Bungkus kanthi cara klompok.

 

Saben karya sastra nduwe unsur-unsur kang mbangun karya kasebut.Unsur-unsur kasebut diarani unsur intrinsik crita, kang kadhapuk saka:

1. Tema yaiku idhe utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh.

2. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing nduwe sesambungan sabab-akibat. Alur kaperang dadi telu, yaiku alur maju, mundur, lan campuran.

3.Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan, wektu, sosial, Ian swasana.

4.Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga bisa dingerteni kanthi cara kaya mangkene: Analitik yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha. Dramatik yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana.

 

Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone crita. Watake paraga kaperang dadi telu,yaiku:

Antagonis, yaiku paraga kang nduwe wvatak ala.

Protagonis, yaiku paraga kang nduwe watak apik.

Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral.

5. Amanat yaiku pesen utawa piwulang sing diaturke panulis marang pamaca.

6.Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone crita.

7. Lelewaning basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.


TULADHA CERITA WAYANG

Bima Bungkus

 

Ing Padhepokan Sokalima,Resi Drona kelingan marang Werkudara kang nalika lair wujud bungkus. Pirang-pirang taun, akhire bungkus malih wujud dadi menungsa dening Gajah Sena. Gajah Sena ilang sanalika, manunggal karo Werkudara. Mula, Werkudara uga nduwe jeneng Bratasena. Kejaba gagah pidegsa, kekuwatane Bratasena ngedab-edabi.

Sengkuni ngerti yen Bratasena janjian ketemu karo Resi Drona.Nalika ketemu,Resi Drona ngutus Werkudhara supaya golek Kayu Gung Susuhing Angin.Mapane ing Kawah Candradimuka.

Bratasena tanpa mangu-mangu banjur budhal. Ora lali,panenggake Pandhawa iku nyuwun pangestu marang Resi Drona. Sang Resi mangestoni.

Jebul Sengkuni amping-amping lan ngrungokake dhawuhe Resi Drona marang Bratasena. Mula sawise Bratasena budhal, Sengkuni njedhul lan takon marang Resi Drona bab sing dirembug karo Bratasena. Resi Drona mangsuli marang Sengkuni yen Bratasena diutus golek Kayu Gung Susuhing Angin. Drona uga ngaku-aku yen karepe njlomprongake Bratasena.

Sengkuni lan Dursasana didhawuhi Resi Drona supaya golek warta ngenani Bratasena. Dene Bratasena ngocar-acir isine alas. Ora let suwe,muncul buta loro, Rukmaka dan Rukmakala.

Buta loro lan Bratasena perang.Butane kalah. Malah buta malih rupa dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara Indra lan Bathara Bayu matur nuwun sebab sejatine wis diruwat dening Bratasena. Bratasena malah diparingi ali-ali sing jeneng Sesotya Mustika Manik Candrama.

"Iki tegese apa, Pikulun?" pitakone Bratasena.

"Ali-ali mujudake paningset, pangiket rasamu marang Gusti Kang Akarya Jagad. Dayane, bisa ngambah ing tengah-tengahe banyu utawa segara," ngendikane Bathara Indra.


Bratasena matur nuwun marang dewa loro mau, banjur takon ngenani Kayu Gung Susuhing Angin. "Kayu iku karep. Gung gedhe. Susuhing Angin iku tengahe napas. Maknane, karep sing gedhe bisane kelakon kudu dibarengi aringing napas, weninge cipta, menebe pancadriya, lan semelehe rasa," wangsulane Bathara Bayu.

Bratasena isih rumangsa durung marem. Bathara Indra lan Bathara Bayu banjur dhawuh marang Bratasena supaya nemoni gurune maneh. Bratasena nyuwun pamit.

Ing padhepokan, Bratasena matur marang gurune supaya diparingi ngelmu kasampurnan. Drona mangsuli, "Ana syarate. Kowe kudu golek Tirta Pawitra Susi sing mapane ing Samodra Minangkalbu."

Bratasena pamit marang gurune. Ora lali, nyuwun pangestu marang ibune, Dewi Kunthi. Dewi Kunthi nyoba menggak,nanging tekade Bratasena wis kenceng. Akhire Dewi Kunthi maringi pangestu.

Ing tengah dalan, Anoman ngerti yen Bratasena arep njegur samodra.Anoman ngajak para sedulur tunggal Bayu, yaiku Maenaka, Jajag Wreka lan Gajah Situbanda supayane malangi lakune Bratasena. Bratasena tetep jumangkah, dene Anoman lan sedulur tunggal Bayu mung bisa memuji supaya Bratasena ora nemoni pepalang.

Tekan pinggire samodra, Bratasena banjur nyilem nganti tekan dhasare samodra. Ing kono, Bratasena dicegat dening naga gedhe. Kelakon perang tandhing. Bratasena menang, dene naga ilang. Sing ana malah wewujudan sing padha karo Bratasena nanging cilik banget, yaiku Dewa Ruci.

Dewa Ruci dhawuh manawa Bratasena wis bisa ngalahke hawa nepsune. "Kados pundi caranipun tumuju dhateng kasampurnaning gesang,Pikulun?" pitakone Bratasena.

Dewa Ruci dhawuh marang Bratasena supaya manjing lumantar talingane Dewa Ruci. Bratasena kelakon manunggal karo Dewa Ruci.Bratasena seneng banget, rumangsa ayem lan tentrem. Mula nyuwun marang Dewa Ruci supaya mapan ing kono selawase. "Aja, Ngger. Isih ana kuwajiban liya kudu koktindakake. Mengko yen wis titi wancine, kowe bakal entuk katentreman sejati," ngendikane Dewa Ruci sing banjur ilang marga manunggal karo Bratasena.

Ing Sokalima, Permadi matur marang Resi Drona manawa Bratasena durung bali. Drona ngrumangsani yen dheweke luput, mula banjur nyusul Bratasena. Drona njebur samodra, nanging bisa ditulungi Bratasena.


KAPUSTAKAN

Triana Kanthi.2023.Widya Basa lan Sastra Jawa. Media Guru.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Cerkak

Materi Paramasastra

Materi Novel Merdeka Xl