MATERI WACANA KELAS X KURMER

WERNA WACANA S aben dina awake dhewe tansah diadhepake klawan sawijining wacan. Umpamane, lumantar pesan cekak (Whatsapp) ing ponsel,status ing medhia sosial, artikel daring, tulisan-tulisan ing medhia cithak, papan iklan, baliho, reklame utawa wawan rembag antarane wong siji lan sijine. Satemene, apa ta wacan kuwi? Wacan mujudake rerangkening pratelan kang kaaturake lumantar lisan utawa tulisan kang duweni sesumbungan makna ing antarane perangane basa lan kaiket dening konteks. Adhedhasar ancase, wacan kagolong dadi 5, yaiku deskripsi,eksposisi, argumentasi, persuasi,lan narasi. AA Teks Deskripsi Teks deskripsi yaiku teks kang isine ngandharake sawijining objek,bisa samubarang kang urip, barang, papan, utawa prastawa kanthi peprincen kang cetha, kaya-kaya bisa nggawe pamaca weruh,krungu, ngrasakake utawa nglakoni dhewe bab kang diandharake utawa digambarake. Titikane Teks Deskripsi Struktur Teks Deskripsi 1. Ngandharake sawijinin...