Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2025

PANATACARA XII

Gambar
 PANATACARA 1. Pangerten Panatacara Salah sawijine kaprigelan kang wigati disinaoni kanggo sanguning bebrayan yaiku wicara minangka panatacara. Panatacara uga diarani pranatacara, pambyawara, pranata adicara, lan liyane. Sejatine kabeh iku bener,nanging yen diturut mungguh teges lan asal dumadine tembung, sing paling trep lan lumrah dianggo yaiku panatacara. Panatacara kadadeyan saka rong tembung, yaiku "panata”lan "acara", tegese pawongan kang tugase nata lan nglantarake sawijining acara. Mula iku, suksese acara saperangan dadi tanggung jawabe panatacara kang tugase ngatur, nata,lan nglantarake acara siji mbaka siji. Ing jaman saiki, panatacara basa Jawa dadi salah sawijine pakaryan kang duweni peluang gedhe. Gedhene peluang kasebut jalaran saben acara pahargyan (pesta) apa dene kagiyatan kang isih sesambungan klawan adat lan kabudayan Jawa mesthi mbutuhake panatacara   basa Jawa. Acara sing ditata dening panatacara iku maneka warna,kayata pawiwahan adat mant...