PANATACARA XII
PANATACARA
1.
Pangerten Panatacara
Salah sawijine kaprigelan
kang wigati disinaoni kanggo sanguning bebrayan yaiku wicara minangka
panatacara. Panatacara uga diarani pranatacara, pambyawara, pranata adicara,
lan liyane. Sejatine kabeh iku bener,nanging yen diturut mungguh teges lan asal
dumadine tembung, sing paling trep lan lumrah dianggo yaiku panatacara.
Panatacara kadadeyan saka rong tembung, yaiku "panata”lan
"acara", tegese pawongan kang tugase nata lan nglantarake sawijining
acara. Mula iku, suksese acara saperangan dadi tanggung jawabe panatacara kang
tugase ngatur, nata,lan nglantarake acara siji mbaka siji.
Ing jaman saiki, panatacara basa
Jawa dadi salah sawijine pakaryan kang duweni peluang gedhe. Gedhene peluang
kasebut jalaran saben acara pahargyan (pesta) apa dene kagiyatan kang isih
sesambungan klawan adat lan kabudayan Jawa mesthi mbutuhake panatacara
basa Jawa. Acara sing ditata dening
panatacara iku maneka warna,kayata pawiwahan adat manten, kesripahan, sukuran,
rapat utawa rembugan, pahargyan, pengajian, pentas seni, lan sapanunggalane.
2. Struktur Teks Panatacara
Teks panatacara kalebu teks
wacana kang duweni titikan utawa ciri sing mbedakake karo teks wacana liyane.
Sejatine,teks panatacara duweni struktur kang ora beda adoh karo teks ngenani
kagiyatan wicara liyane, kayadene sesorah. Bab kang mbedakake yaiku surasa
utawa isining wicara. Ing ngisor iki mujudake struktur teks panatacara kang
bisa dianggo kanggo ancer-ancer mangerteni teks panatacara.
a. Salam pambuka
Salam pambuka yaiku tembung
pambuka kanggo miwiti acara. Salam pambuka bisa nganggo salam saka agama:assalamu'alaikum wr.wb., salam sejatera, om
swastyastu,namo buddhaya, lan salam kebajikan, utawa nggunakake salam kang umum: sugeng
enjing/sonten/ndalu, lan nuwun.
b. Pambuka/purwaka basa
Pambuka utawa perangan
wiwitan ing kagiyatan wicara umume kanggo ngaturke salam kanugrahan, pandonga
amrih rahayuning kahanan, lan liyane. Adate, sawijining klumpuk pamedhar sabda
utawa pawiyatan panatacara tartamtu duwe titikan kang dadi identitas.
c. Atur pakurmatan
Atur pakurmatan yaiku sapa
aruh marang para rawuh. Atur pakurmatan nduweni ancas kang wigati, yaiku
nuduhake rasa hormat marang para rawuh. Dene anggone ngaturi pakurmatan
kawiwitan saka wong sing paling tuwa tekan sing paling enom,utawa saka pawongan
kang dianggep wigati dhewe,kayadene wong kang duweni drajat lan pangkat dhuwur
nganti sing paling cendhek.
d. Atur puji sukur
Atur puji syukur yaiku
ngajak sakabehing para rawuh kanggo ngaturake puji sukur mring ngarsaning Gusti
awit sakabehing kanugrahan.
e. Atur pitepangan dhiri
Atur pitepangan dhiri yaiku
perangan kang ancase ngaturake pitepangan (perkenalan) dhiri marang para rawuh.
Kajaba iku, perangan iki uga bisa dianggo kanggo ngaturake tugase panatacara
(minangka pribadhi) ing acara mau.
f. Wosing gati (susunan acara)
Perangan iki dadi pokok
tugase panacatara, yaiku nglantarake lan mandhu acara saka wiwitan tekan
pungkasan. Lumrahe, ing wosing gati panatacara iku ana runtutane kaya kang
dijlentrehake ing ngisor iki.
a. Ngaturake jeneng acara,
dina utawa wektu, lan papan panggonan acara.
b. Ngaturake mata acara
utawa urut-urutaning acara (susunan acara) saka wiwitan nganti pungkasan.
c. Nglantarake acara siji
mbaka siji kang direngga kanthi tembung-tembung kang endah, umpamane ngaturi
pakurmatan marang pawongan kang antuk jejibahan jroning acara.
g.
Panutup
Perangan kang isine atur
pamanggih kanggo nutup kagiyatan.Lumrahe, ing perangan panutup panatacara bisa
ngaturake bab-bab kaya ing ngisor iki.
1) Ngaturake panuwun marang
para rawuh kang wus nindakake acara wiwit pambuka nganti pungkasan.
2) Nyuwunake pangapura
kanggo sing duwe acara (pamangku gati) menawa ana kekirangan utawa kalepatan
ing sajroning acara, miligine ing bab suguh, lungguh, rengkuh, lan sapa aruh.
3) Njaluk pangapura kanggo
awake dhewe (panatacara pribadhi)minangka panglantar acara menawa ana kliru
utawa luput anggone mandhu acara.
h. Salam panutup
Salam panutup diaturake
kanggo nutup sawijining acara.Lumrahe bisa nganggo salam saka agama apadene
salam kabudayan Jawa, kaya dene tembung nuwun. Kajaba iku,ngaturake salam
panutup uga bisa nganggo tembung endah saka kasusastran Jawa, kaya dene parikan
apadene wangsalan kang isine ngemu salam panutup kanggo ngendahake swasana.
3. Kaprigelan kang Dibutuhake Panatacara
Rama Sudi Yatmana (1989:1), njlentrehake lamun wong kang nindakake
ayahan panatacara kudu duweni kaprigelan kanggo sangu mandhegani sawijining
acara. Kaprigelan mau diarani "Saptama Pangolahing Raga" kang ngemot
sawetara bab kayata diandharake ing ngisor iki.
a. Magatra
Bab ngenani bleger
wewujudane rupa. Magatra bisa katindakake kanthi nyandhang wusana kang trep,
pantes, lan jangkep. Sakliyane iku, prelu uga duweni solah bawa sing luwes lan
ora digawe-gawe.
b. Malaksana
Bab kang ngatur anggone
mlaku kudu samlaku, sapecak,lan sajangkah kanthi ditata runtut sarta luwes
mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah-wigih.
c.
Mawastha
Bab ngenani pawakan yaiku
anggone ngadeg kudu kanthi jejeg, ora kena kendho utawa dhoyong.
d. Maraga
Bab ngenani kontrol dhiri,
yaiku ora oleh grogi, ora wedi,lan gemeter. Panatacara kudu katon anteb lan
anteng. Sakliyane kui, obahing tangan uga kudu bisa nambahi cetha apa kang
diucapake.
e. Malaghawa
Bab ngenani prigel kepara
trengginas, cag ceg,lancar, gancar,lan sembada ing karya.
f. Matanggap
Bab ngenani kautamane
panatacara kang kudu tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge
swasana.Mula,panatacara uga kudu bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa
aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/sungkawa.
g.
Mawwat
Bab ngenani kabisanane
panatacara, yaiku anteb, manteb ngentasi purwa, madya, lan wasananing karya.
Dadi panatacara cara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawitan,tengahan,nganti
pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kang kececer,
keliwatan, lan uwal saka rantaman.
4.
Teknik Maca Teks Panatacara
Maca teks panatacara
mbutuhake kaprigelan supaya para rawuh bisa mangerteni isining wicara lan uga
gawe sengseming saindhenging acara. Kaprigelan mau antarane kaya kang
dijlentrehake ing ngisor iki.
a. Nganggoteknik pangucaping tembung
kang trep.
b. Pamedhote frasa lan ukara kang
trep.
c. Nganggo intonasi, nada, lan
tekanan kang trep.
d. Ngerteni tandha wacan kanthi
trep.
e. Nyuwara kanthi cetha.
f.Ngatur alon lan cepete anggone maca teks (tempo).
g. Ngolah treping mlebu metuning
ambegan (pernapasan).
h. Mahami pokoke wacan.
i. Percaya marang dhiri pribadi.
5. Bab kang Kudu Digatekake nalika Nindakake Jejibahan Panatacara
Sadurunge nindakake
jejibahan, panatacara kudu mangerteni bab-bab kang wigati lan nduweni pengaruh
kanggo lancare acara.Supaya bisa bener anggone nindakake jejibahan
panatacara,bab-bab kang kudu digatekake kayata ing ngisor iki.
a. Sesambungan karo sing
duwe gawe (pamangku gati) kanggo ngrembug ngenani maksud, tujuan, lan
runtutaning acara sadurunge dilakokake (lumrahe 2-3 dina sadurunge acara).
b. Nggawe panduan acara kanggo
pathokan nalika nglantarake acara. Lumrahe diarani key card.
c. Sesambungan karo
sakabehing pawongan kang ana gegayutane karo acara.
d. Mesthekake sakabehing paraga lan
piranti ing saben urutan acara wus siyaga utawa cumepak.
e. Nyawang kahanan lan
swasana ing lapangan supaya bisa njumbuhake karo pangrancange panitya.
f.Gawe kaputusan kang pas
nalika swasana ing lapangan ora mlaku jumbuh klawan rantamaning acara, wektu,
lan swasana.
A.Ngolah Informasi Teks
Panatacata kanthi Tlesih
Kagiyatan 1
Nyemak lan maca tuladha teks panatacara (visual).
Ayo padha nyemak lan maca
teks panatacara ing ngisor iki. Para siswa bisa ndhapuk klompok (udakara 3 - 4
siswa) kanggo rembugan ngenani isi utawa informasi pokok saka teks panatacara
mau. Jroning kelompok bisa uga didum gawe kanggo ngolah informasi kanthi cetha.
Para siswa bisa gladhen maca teks panatacara nggunakake teknik kang wus
diandharake ing ngarep kanthi trep.
Pambukaning Kelas Industri PT Maju Lestari ing SMK Wilujeng Rahayu
Nuwun,kawula nuwun
Assalamualaikum.wr.wb., shaloom, salam kebajikan, om swastiastu, namo
budhaya,rahayu.
SMK!
Bisa!
SMK! Hebat!
SMK! Bisa Hebat!
Kasugengan, kawilujengan,
miwah kabagaswarasan mugi tansah tumanduk ing jiwa kula lan panjenengan sedaya
sawegung waradin sagung dumadi, raharja niskala, satuhu.Alhamdulillahi rabbil 'alamin. Wassholatu wassalamu 'ala asyrafil
ambiyaai wal mursalin.wa'ala alihi wa ashhabihi waman tabi'ahum bi ihsanin ilaa
yaumiddin. Amma ba'du.
1.Ingkang
kinurmatan,pangarsaning Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Dwipa,
Ibu Dr. Lidya Sri Marnaningsih, M.Pd.
2. Ingkang kula kurmati,
pangarsaning Kepala SMK Wilujeng Rahayu, Bapak Suroto,M.Pd.
3.
Ingkang kula kurmati,pangarsaning Perusahaan PT Maju Lestari, Bapak Agus
Harmoko,M.T.
4.
Ingkang kula kurmati,sagunging Bapak saha lbu wakil kepala sekolah, ketua program
keahlian, bapak ibu guru, lan karyawan-karyawati SMK Wilujeng Rahayu
5.
Ingkang kula kurmati,sagunging para rawuh, tamu undangan, sarta sedaya
siswa-siswi SMK Wilujeng Rahayu kang tansah bagya mulya.
Ingkang
angka sepisan, sumangga kita tansah ngaturaken raos puji sokur konjuk dhumateng
Gusti Allah swt. ingkang sampun paring kanugrahan, arupi nikmat sehat lan
nikmat sempat saengga kita sedaya saged makempal manunggal ing papan menika
kanthi tansah manggih rahayu, wilujeng boten wonten pepalang menapa-menapa.
Salajengipun,kepareng
ndherek matur, kula Budi Turyanto, siswa kelas XI Teknik Kendaraan Ringan
Otomotif,lan kadang kula, Wiji Lestari, siswa kelas XI Teknik Instalasi Tenaga
Listrik,ingkang kadhawuhan jejibahan minangka panatacara ing acara menika nun inggih
acara "Pambukaning Kelas Industri Mekanik Alat Berat ing Donyaning
Pertambangan"antawisipun PT Maju Lestari makarya sesarengan kaliyan SMK
Wilujeng Rahayu. Kanthi menika,kepareng kula nyuwun idi palilah miwiti
kagiyatan ing dinten menika.
Para
rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra.sisa brama
welut wisa, hambok bilih wonten lumunturing sih mugi keparenga kula ngaturaken
reroncen lampah-lampahing tata cara "Pambukaning Kelas Industri Mekanik
Alat Berat ing Donyaning Pertambangan" ing siyang punika ingkang asasana
ing gedhung aula SMK Wilujeng Rahayu anyarengi dinten Senin, surya kaping 8
Januari warsa 2024.
Menggah
reroncening tatacara pambukaning kelas industri ing siyang punika nun inggih
menika:
1. sepisan pambuka utawi
purwaka,
2.
dwi tyat cara utawi tatacara ingkang angka kalih, ngumandhangaken lagu
kebangsaan "Indonesia Raya",
3. tatacara angka tiga nuwun
inggih hastungkara utawi donga,
4.
acara angka sekawan nuwun inggih atur panglipur awujud beksan Gambyong Pareanom ingkang badhe kaaturaken dening
para siswi SMK Wilujeng Rahayu,
5.
purna atur panglipun beksan, kalajengaken tatacara atur pambagyaharja saking
pangarsaning SMK Wilujeng Rahayu,
6.
tatacara angka enem nuwun inggih atur pangandikan saking pangarsaning PT Maju
Lestari,
7.dene
tatacara candhakipun nuwun inggih sabdatama saking pangarsaning Dinas
Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah,
8.ngancik
tatacara wosing gati, nuwun inggih peresmian pambukaning "Kelas Industri
Mekanik Alat Berat" makarya sesarengan antawisipun PT Maju Lestari kaliyan
SMK Wilujeng Rahayu,
9.minangka
tandha pambukaning kelas industri, tatacara salajengipun nuwun inggih kunjungan
stand pameran dening para tamu undangan mirsani atraksi demo utawi paraganing
para siswa ing kelas industri mekanik alat berat kanthi maragakaken tatacara servis perawatan rutin salah setunggal alat berat,
10. dene minangka pethiting
acara nuwun inggih panutup.
Mekaten
para rawuh reroncen lampahing tatacara pambukaning kelas industri ing dinten
punika. Ngancik adicara angka sepisan nuwun inggih pambuka. Sumangga adicara
ing dinten menika kita buka kanthi waosan basmallah
sesarengan.Bismillahirrohmanirrohim.
Dwityatcara
utawi tatacara angka kalih, ngumandhangaken lagu kebangsaan "Indonesia
Raya", sagunging para rawuh kasuwun saged jumeneng. (Menawi sampun rampung) Paripurna, sagunging para rawuh katuran
lenggah malih.
Tatacara
angka tiga nuwun inggih hastungkara utawi dedonga ingkang samangke badhe
kapandhegani dening panjenenganipun Bapak Nur Khamim,S.Pd.I., katur Bapak Nur
Khamim,kasumanggakaken.
(Menawi sampun rampung ngaturaken
gunging panuwun dhateng Bapak Nur Khamim,S.Pd.I., ingkang
sampun mandhegani dedonga) Tatacara angka sekawan,nuwun inggih atur panglipur
awujud beksan Gambyong Pareanom, ingkang badhe kaaturaken
dening para siswi SMK Wilujeng Rahayu, nuwun inggih Mbak Santoria
Retnaningtyas,Mbak Perina Tri Rahayu, Mbak Mita Wahyuningsih, lan Mbak
Sainah,kanthi guru pembimbing Ibu Ayu Setyorini, S.Pd. Katur para siswi ingkang
badhe hambeksa,kasumanggakaken.Sugeng hamirsani.
Paripurna
atur panglipur beksan, tatacara candhakipun nuwun inggih atur pambagyaharja
dening pangarsaning SMK Wilujeng Rahayu, katur Bapak Suroto,
M.Pd.,kasumanggakaken..
(Menawi sampun rampung, ngaturaken
gunging panuwun dhateng Bapak Suroto,M.Pd., ingkang sampun atur pambagyaharja) Tatacara angka enem nuwun inggih pangandikan saking pangarsaning PT Maju Lestari ingkang
badhe katindakaken dening Bapak Agus Harmoko,M.T., minangka Manager Frontliner Development,katur Bapak Agus Harmoko,M.T.,kasumanggakaken.Nuwun.
Tatacara
angka pitu nuwun inggih sabda pangandikan saking pangarsaning Dinas Pendidikan
dan Kebudayaan Provinsi Jawa Dwipa, katur ibu Dr. Lidya Sri
Marnaningsih,M.Pd.,kasumanggakaken.Nuwun.
Tatacara
salajengipun nuwun inggih adicara wosing gati nuwun inggih peresmian
pambukaning kelas industri mekanik alat berat makarya sesarengan antawisipun PT
Maju Lestari kaliyan SMK Wilujeng Rahayu. Pambukaning Kelas Industri kanthi
cara panabuhing gong. Kanthi menika nyuwun dhumateng Pangarsaning PT Maju
Lestari lan Pangarsaning SMK Wilujeng Rahayu saged minggah wonten panggung.
Boten katalumpen, nyuwun palilah lan berkahipun dhateng pangarsaning Dinas
Pendidikan dan Kebudayaan saged ndherek angampingi proses peresmian.Matur
nuwun.
Kanthi
panabuhing gong kasebut mratandhani kelas industri sampun resmi dipunbuka.
Salajengipun mugi keparenga dhumateng sedaya tamu undangan sabibaripun adicara
menika saged tumuju dhateng stand pameran siswa ing sangajenging gedhung aula
menika kangge mirsani praktek para siswa ing kelas industri.
Sagunging
para rawuh kakung putri ingkang dhahat kinurmatan, setunggal mnbaka setunggal
acara sampun kalampahan kanthi gancar, ngancik pethiting acara nuwun inggih
panutup. Sumangga adicara pambukaning kelas industri ingdinten menika kita
tutup kanthi waosan alhamdulillah sesarengan. Alhamdulillahirrobbil alamin.
Ing
wasana,ngaturaken gunging panuwun dhumateng sedaya para rawuh ingkang sampun
kersa rawuh ing adicara menika. Sedaya panyangkul gati utawi panitya nyuwun
agunging pangapunten awit
sedaya kekirangan sarta kaluputan, sae ing bab suguh,lungguh, gupuh, miwah
rengkuh. Salajengipun, kula kekalih anggenipun nglantaraken acara mesthinipun
kathah kekirangan sarta kaluputan kanthi menika sanga papat punjul enem, sedaya
lepat nyuwun pangapunten.
Minangka
pungkasaning atur, wassalamualaikum. wr.wb. Nuwun,nuwun,rahayu.
Sawise kasil nyemak lan maca
teks panatacara mau, ayo digoleki isi pokok informasi saka teks panatacara iku.
Asiling nyemak bisa ditulis kanthi ngisi tabel ngisor iki.
Informasi
Pokok |
Isi Pokok saka Teks Panatacara |
Apa kagiyatan utawa acara kang
dilakokake? |
|
Kapan
lan ing ngendi acara mau digelar? |
|
Susunan
acara kang lumaku. |
|
Paraga kang antuk jejibahan (sapa
minangka apa). |
|
Komentar
Posting Komentar