Postingan

MATERI PAWARTA

 PAWARTA A. TEGESE PAWARTA Pawarta yaiku kabar utawa informasi ngenani sawijining kadadeyan/prastawa kang diwedharake jroning medhia tartamtu kang narik kawigatene wong kang maca. Pawarta iku salah sawijining produk jurnalistik kang isine informasi kang anyar (aktual),penting,lan narik kawigaten. Pawarta iku isine kabar/informasi ngenani sawijining prastawa kang anyar lan penting kang kudu kagiyarake kanthi objektif, bener, lan cepet. Supaya bisa mangerteni isine pawarta kanthi tlesih,kudu mangerteni unsur-unsur kang kinandhut ing pawarta. Unsur-unsur pawarta iku perkara kang penting. Kajaba iku, menawa arep nggawe pawarta supaya luwih informatif mesthi kudu jangkep unsur pawartane lan anggone ngandharake prastawa-prastawa kang lagi dirembugkudu narik kawigaten. Miturut sranane, wujude pawarta bisa kaperang dadi papat, yaiku: 1. Cithak (cetak) Pawarta cithak yaiku pawarta kang kawedharake kanthi media cetak bisa awujud ariwarti utawa kalawarti. Ariwarti yaiku pawarta kang m...

PANATACARA XII

Gambar
 PANATACARA 1. Pangerten Panatacara Salah sawijine kaprigelan kang wigati disinaoni kanggo sanguning bebrayan yaiku wicara minangka panatacara. Panatacara uga diarani pranatacara, pambyawara, pranata adicara, lan liyane. Sejatine kabeh iku bener,nanging yen diturut mungguh teges lan asal dumadine tembung, sing paling trep lan lumrah dianggo yaiku panatacara. Panatacara kadadeyan saka rong tembung, yaiku "panata”lan "acara", tegese pawongan kang tugase nata lan nglantarake sawijining acara. Mula iku, suksese acara saperangan dadi tanggung jawabe panatacara kang tugase ngatur, nata,lan nglantarake acara siji mbaka siji. Ing jaman saiki, panatacara basa Jawa dadi salah sawijine pakaryan kang duweni peluang gedhe. Gedhene peluang kasebut jalaran saben acara pahargyan (pesta) apa dene kagiyatan kang isih sesambungan klawan adat lan kabudayan Jawa mesthi mbutuhake panatacara   basa Jawa. Acara sing ditata dening panatacara iku maneka warna,kayata pawiwahan adat mant...