MATERI PAWARTA

 PAWARTA


A. TEGESE PAWARTA

Pawarta yaiku kabar utawa informasi ngenani sawijining kadadeyan/prastawa kang diwedharake jroning medhia tartamtu kang narik kawigatene wong kang maca. Pawarta iku salah sawijining produk jurnalistik kang isine informasi kang anyar (aktual),penting,lan narik kawigaten.

Pawarta iku isine kabar/informasi ngenani sawijining prastawa kang anyar lan penting kang kudu kagiyarake kanthi objektif, bener,

lan cepet. Supaya bisa mangerteni isine pawarta kanthi tlesih,kudu mangerteni unsur-unsur kang kinandhut ing pawarta. Unsur-unsur pawarta iku perkara kang penting. Kajaba iku, menawa arep nggawe pawarta supaya luwih informatif mesthi kudu jangkep unsur pawartane lan anggone ngandharake prastawa-prastawa kang lagi dirembugkudu narik kawigaten.

Miturut sranane, wujude pawarta bisa kaperang dadi papat, yaiku:

1. Cithak (cetak)

Pawarta cithak yaiku pawarta kang kawedharake kanthi media cetak bisa awujud ariwarti utawa kalawarti. Ariwarti yaiku pawarta kang metune saben dina, kaya Solo Pos, Suara Merdeka, lan sapiturute. Dene kalawarti yaiku pawarta kang metune kanthi etungan tartamtu utawa kala-kala, bisa seminggu sepisan,sewulan sepisan, utawa setaun sepisan, kayata Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Jaya Baya,lan sapiturute.

2. Siaran

Pawarta kang awujud siaran, bisa arupa audio utawa audio visual kayata pawarta kang disiarake lumantar radhio utawa televisi.Pawarta kang awujud siaran kagiyarake lumantar gelombang elektromagnetik.

3. Internet

Pawarta kang lumantar internet bisa maneka warna wujude,bisa awujud website, blog, media sosial, utawa bisa uga awujud podcast. Piranti kang digunakake yaiku smartphone utawa komputer kanggo nampa pawarta.

4. Lesan

Pawarta lesan iku bisa kagiyarake sapa wae, ateges pawarta iku langsung dicritakake dening pawongan siji marang liyane.


B. UNSUR PAWARTA

Unsur-unsur kang kaandhut ing pawarta lumrahe kasebut 5W+1 H.Unsur-unsur 5W+1H yaiku:

                         1.  What(Apa)

                Unsur kang kapisan yaiku what utawa apa. Unsur iki kagolong penting amerga njlentrehake prastawa apa kang dumadi ana ing sajrone pawarta. Prastawa kang digiyarake kudu arupa kasunyatan (fakta) ora kena panemune saka wong kang nggawe pawarta.

                       2. Who (Sapa)



Who utawa sapa iku njlentrehake sapa wae pawongan utawa paraga kang ana ing pawarta. Unsur iki biyasane kajlentrehake kanthi jangkep, kayata umure, dhuwure, titikane,lan sapanuggale.

3. Where (Ing ngendi)

Where utawa ing ngendi iku njlentrehake ing ngendi prastawa iku kadadeyan. Unsur iki penting amerga wong kang maca bisa mangerteni ing ngendi prastawa iku dumadi saengga ora salah anggone nampa pawarta kang diandharake.

4. When (Kapan)

When utawa kapan iku njlentrehake wektu kadadeyan kang ana ing pawarta. Unsur iki nuduhake katrangan wektu kayata jam,dina, wulan, tahun, utawa esuk, sore, wengi, lan sapanunggale.

5. Why (Kenangapa/geneya)

Why utawa kenangapa iku njlentrehake alesan kenangapa kadadeyan kang ana ing pawarta iku bisa dumadi. Unsur iki nuduhake apa sebab-sebabe kang njalari prastawa kang ana ing pawarta iku bisa dumadi.

6. How (Kepiye)

How utawa kepiye iku njlentrehake kepiye proses (kronologi)kadadeyan kang ana ing pawarta. Bisa uga diarani urutan kadadeyan kang ana ing pawarta lan kudu dijlentrehake kanthi runtut supaya pawarta kang diandharake bisa jangkep.


C. STRUKTUR PAWARTA

1. Headline (irah-irahan)

Headline yaiku irah-irahan/judul pawarta. Irah-irahan iku pratelan kang penting banget,amerga kanggo narik kawigatene wong kang maca supaya maca isine pawarta.Irah-irahan katulis kanthi ringkes, padhet, ngemot inti saka pawarta, lan ora ngayawara.Irah-irahan pawarta kang apik iku antarane 4-7 tembung.

2. Dateline (tenggat)

Dateline iku nuduhake media massa kang nggiyarake, papan panggonan,lan wektu diwartakake.

3. Lead (teras berita)

Lead iku perangan kang wigati ing pawarta kang manggon ing kawitaning pawarta.Lead iku mratelakake inti saka sekabehing pawarta. Paling ora lead iku kadadeyan saka 4W, yaiku what (apa), who (sapa), where (ing ngendi), lan when (kapan).

4. Body (tubuh berita)

Body yaiku perangan pawarta kang luwih rinci wedharan saka lead. Body lumrahe medharake unsur why (kenangapa) lan how (kepiye). Ing pungkasaning body bisa uga ditambahi katrangan/informasi tambahan kanggo panutuping pawarta.

 

Struktur pawarta ing ndhuwur lumrahe ana ing pawarta langsung kang panulisane iku ringkes lan gamblang. Menawa digambarake, wujude yaiku piramida kuwalik. Tegese perkara kang paling penting ana ing bageyan kang paling ndhuwur,sabanjure saya mengisor saya kurang penting.

D. GOLEK PAWARTA

Golek pawarta iku salah sawijining panggaweyan kang katindakake dening jurnalis utawa wartawan. Sawise golek pawarta, wartawan banjur nulis pawarta. Sabisa-bisane panggaweyan nulis pawarta iku ora diwenehake wartawan liyane, supaya isine pawarta ora owah saka kadadeyan asline. Nanging ora kabeh wartawan kang nulis pawarta kudu golek pawarta. Ana pawarta kang bisa kajupuk saka jumpa pers yaiku isi pokok informasi kang diwenehake saka pehak narasumber lumantar kagiyatan resmi kang diarani jumpa pers, utawa kepara dikirim saka email utawa surat. Menawa wis bisa njangkepi unsur-unsur panggawene pawarta, wis bisa kanggo gawe pawarta. Bab kang kudu digatekake nalika golek pawarta yaiku:

1. Nemtokake tema pawarta kang arep dijupuk. Goleka tema bab apa kang arep digawe pawarta.

2. Nyepakake piranti kanggo ngliput kayata cathetan, pulpen, kamera, recorder, utawa ing jaman saiki bisa migunakake smartphone.

3. Nyepakake materi wawancara.Nyawisake pitakonan-pitakonan kang bakal ditakonake marang narasumber.

4. Ngumpulake data. Ngumpulake data bisa kanthi cara observasi lan wawancara.Data kang dikumpulake bisa awujud cathetan utawa bisa uga awujud rekaman audio.

5. Njupuk foto. Foto ing pawarta iku uga penting amarga bisa menehi tambahan informasi.Foto jurnalistik iku bisa dadi fakta visual kang nuduhake marang pamaca gegambaran saka pawarta kang kajupuk.

6. Njupuk video. Video ing pawarta bisa uga dadi cara ngumpulake data ing pawarta amarga bisa kanggo rekaman kang sabanjure bisa diolah dadi pawarta. Saliyane iku,bisa uga digawe dadi pawarta kang wujude audio visual.

7.         Nulis liputan.


TULADHA PAWARTA

Mobil Listrik Gaweyane Siswa SMK ing Madiun Disenengi Pelaku UMKM, Wis

Dipesen 196 Unit

Mobil listrik kampung pesilat (mokasi) gaweyane siswa SMK Model PGRI 1 Mejayan,Kabupaten Madiun, oleh pesenan akeh saka maneka dhaerah awit wulan Juli 2020.

Nganti wulan Oktober 2020, mobil kang digunakake pelaku UMKM kanggo dodolan iku wis dipesen 196 unit. Kepala Sekolah SMK Model PGRI 1 Mejayan Sampun Hadam ngandhakake, rata-rata mobil gaweyane siswa iku dipesen saka sajabane Jawa Timur."Pesenan saka Semarang, Boyolali, Bekasi, Bandung, lan Kalimantan Utara,"kandhane Sampun marang Kompas.com, Senen (12/10/2020)awan.

Saka 196 unit mokasi sing dipesen, 18 unit wis dikirim. Saluwihe iku isih proses digawe.Miturut Sampun, atusan mobil listrik kang dipesen iku dituku dening pelaku UMKM.Dheweke menehi conto, mobil listrik kang dipesen saka Semarang bakal digunakake kanggo dodolan tengkleng. Amerga iku, dheweke nggawe desain mobil listrik kang diwenehi kompor kanggo masak tengkleng. Dheweke uga mbangun pabrik supaya bisa nggawe mobil listrik kang cacahe luwih akeh tur luwih cepet.

Pabrik iku dibangun migunakake dana saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan uga swadaya sekolah.Menawa pabrik wis rampung, dheweke bisa nggawe 20 mobil listrik ing wektu sawulan. Sanajan digawe dening siswa SMK Model PGRI 1, nanging dheweke uga nyumanggakake menawa ana SMK liya kang arep nggabung kanthi nyedhiakake suku cadang mobil listrik. "Kula nyumanggakake SMK sanesipun dados mitra. Sampun kula paringi bageyan ingkang saged dipungarap. Mangke assembling ugi quality control saking mriki," ngendikane Sampun.

Para siswa SMK Model PGRI 1 Mejayan gumregah gawe inovasi amerga pandemi Covid-19 kang ndadekake akeh PHK. Kanthi didampingi para guru1, para siswa nggawe mobil listrik kang ramah lingkungan. Mobil listrik iku didesain kanggo dodolan UMKM.Mobil Listrik UMKM iku dirancang lan diproduksi dening para siswa lan guru SMK Model PGRI 1 Mejayan. "Mobil listrik menika dumadi nalika kathahing PHK wonten ing wanci pandemi Covid-19. Amergi menika, tuwuh ide ndamel titihan ingkang efisien kangge sadeyan," ngendikane Kepala SMK Model PGRI 1 Mejayan.

Sadurunge dadi mobil listrik, kawitane siswa ngrancang kreta pedhal kang diwenehi jeneng kreta "cinta". Nanging panemu iku ora sida diwujudake amerga mbutuhake tenaga kang akeh kanggo medhal kretane. Pungkasane panemu iku digodhog maneh,saengga padha milih mobil listrik. Ora mbutuhake wektu suwe, siswa SMK Model PGRI 1 Mejayan kasil nggawe mobil listrik kang bisa mlaku ngasi tekan 90 kilometer. Mobil listrik UMKM dawane 2,5 meter lan ambane 1,5 meter. Mobil dirancang lan digawe nalika pandemi Covid-19 wulan Mei 2020.Kanggo nggawe mobil siji, mbutuhake dana kurang luwih Rp15yuta kanthi wektu produksi sawulan.

(Kapethik saka Kompas.com kanthi besutan)


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Cerkak

Materi Paramasastra

Materi Novel Merdeka Xl