Materi Jawa Xl Ganjil Merdeka

 MATERI BAHASA JAWA KELAS XI

KURIKULUM MERDEKA

SEMESTER GANJIL

TAHUN PELAJARAN 2023-2024


TEKS PARIWARA LAN WARA-WARA

Teges (Definisi) Iklan utawa Pariwara

Iklan utawa pariwara mesthi wis dimangerteni kabeh dening para warga masyarakat, amarga ana ing saben dina iklan ora bisa dipisahake karo urip bebrayan saben dina. Ananging akeh para warga sing durung mangerteni babagan tegese utawa definisi saka teks iklan utawa pariwara. Ana ing ngisor iki bakal kaandharake definisi utawa tegese iklan saka pamanggihe para winasis.

 Iklan yaiku sawijining aktivitas komunikasi kang ngandhut warta kang kagunakake kanggo menehi informasi, mbabarake keunggulan, lan tundhone narik kawigaten, supaya para warga masyarakat supaya tuku barang, nganggo jasa, lan nggunakake gagasan sing diduweni dening si pengiklan utawa perusahaan sing nawarake iklan.

Babagan kang perlu digatekake ana ing sajroning iklan ana 2, yaiku surasa lan  basa kang kagunakake. Andharan saka kalorone bisa kasemak ana ing andharan ing ngisor iki:

Surasa/isi pariwara

Isining pariwara kudu ngandhut pirang-pirang syarat ana ing ngisor iki antarane, yaiku

Kudu objektif lan jujur

Cekak lan cetha

Ndudut ati (narik kawigaten)

Ora nyinggung wong liya

Basa kang kagunakake sajroning iklan

Lugas basane,

Gampang dimagerten lan ditampa (komunikatif)

Nyenengake/narik kawigaten.

Isine nyata ora ngapusi

Sipate ngajak-ajak utawa nggunakake basa persuasif.


Kagunan utawa Fungsi saka Iklan

Fungsi utawa kagunan iklan sing baku pancen kanggo menehi informasi babagan barang sing didol banjur narik kawigatene para warga masarakat supaya nggunakake lan nuku barang sing didol. Ananging menawa dibabarake kanthi luwih jangkep, kagunan pariwara iku akeh maceme, antarane kagunan pemasaran, kagunan komunikasi, kagunan pendidikan, kagunan ekonomi, lan kagunan sosial. Andharan saka macem-macem kagunan iklan bakal kaandharake ana ing andharan ing ngisor  iki.

Fungsi Pemasaran

Njelasake bedane produk sing dipasarake karo produk liyane.

Nyaranake produk sing anyar sing diiklanake kanthi bertahap

Nyengkuyung anggone nyebarake kanggo ningkatake produk sing diiklanake

Mbangun rasa tresna lan cedhak antarane produk sing diiklanake lan calon konsumen.

Fungsi Komunikasi

Kagunan komunikasi ana sajroning iklan,  yaiku  kanggo  menehi penerangan

lan informasi  babagan sawijining  barang sing wartakake,  menehi pesen  sing isine pendidikan, nyiptakake pesen sing sipate nglipur lan narik kawigatene para warga masyarakat supaya cedhak lan tansah nuku uga nggunakake barang sing diiklanake.

Fungsi Pendidikan

Kagunan pendidikan ana sajroning iklan kanggo menehi informasi marang warga masyarakat lumantar iklan, masyarakat bisa sinau kanthi nonton lan maca sawijining iklan. Lumrahe iklan sing ngrembug lan  ngandharake babagan program saka pamarintah.

Fungsi Ekonomi

Kagunan ekonomi ana sajronng iklan, yaiku kagunan kang tundhane lan jluntrungane marang keuntungan ekonomis. Keuntungan ekonomis dientukake dening warga masyarakat lumantar iklan, yaiku malih dadi gampang mangerteni produk sing dibutuhake sing bisa ndadekake warga masyarakat luwih gampang lan ngirit biaya.

Fungsi Sosial

Kagunan sosial ana sajroning iklan, yaiku kagunan kang duweni ancas milut lan narik prilaku warga masyarakat. Kagunan sosial iki lumrahe nggiring warga masyarakat marang tumindak sing luwih apik, tuladhane iklan saka BKKBN kang nggiring masyarakat supaya ngrancang cacahe anak kang dijumbuhke karo ekonomin kulawarga.


Cengkorongan Pariwara (Struktur Iklan)

Headline

Headline, yaiku minangka purwakaning pariwara kang gunane kanggo menehi informasi babagan apa sing bakal didudohake, didol, diwarakake marang konsumen utawa pamaca pariwara.

Ilustrasi

Ilustrasi minangka gambar ana ing pariwara kang gunane kanggo menehi gambaran ngenani isine pariwara. Lumrahe ilustrasi iki bisa awujud gambar, tulisan panerang, utawa video kang bisa narik kawigatene panyemak lan pamaca pariwara.

Body copy

Body copy iki kalebu perangane pariwara sing paling baku, utawa inti ana sajroning pariwara sing ngemot babagan informasi utawa pesen sing ana sajroning pariwara.

Signature line

Signature line utawa asring kasebut logo. Ana ing signature line diterangake babagan rega, slogan, utawa merek ana sajroning pariwara.

Standing details

Standing detail minangka panutuping iklan dumunung ana ing pungkasaning pariwara. Ana ing perangan iki ngemot informasi tambahan sing ana  gayutane karo barang sing diwartakake, kaya papan dununge perusahaan, pusat informasi, penanggung jawab, surat ijin saka departemen, lan nomor telpon kang bisa dihubungi menawa ana pitakonan babagan barang sing diiklanake.


Jinis-jinising Pariwara

Pariwara informatif utawa informative advertising

Sing dimaksud iklan informatif, yaiku pariwara kang tujuwane kanggo nyiptakake kesadharan lan kawruh babagan produk sing anyar utawa ciri anyar saka sawijining produk sing wis ana.

Pariwara persuasif utawa persuasive advertising

Pariwara persuasif iki katujokake kanggo nyiptakake karemenan, kasenengan, kapercayan, banjur nuwuhake krenteg marang warga masyarakat kanggo nuku lan nggunakake barang sing diiklanake. Gampange pariwara persuasif iki pariwara sing duwe fungsi kanggo ajak- ajak.

Pariwara pangeling-eling utawa reminding advertising

Pariwara pangeling-eling iki sawijining pariwara sing bisa nuwuhake krenteg marang wong akeh supaya tuku lan nggunakake maneh barang utawa jasa kang diiklanake. Dadi pariwara pengeling-eling iki biasane kanggo ngiklanake barang utawa jasa sing wis suwe ora kagunakake  banjur kabiyawarakake maneh marang produsen.

Pariwara penguatan utawa reinforcement advertising

Pariwara penguatan iki gunane kanggo luwih nakyinake marang sing  padha tuku utawa konsumen menawa dheweke yen nggunakake barang utawa jasa sing diiklanake wis milih sawijining pilihan sing trep banget.

  Media kang bisa kanggo mbiyawarakake utawa masang pariwara bisa kaperan dadi telu, yaiku media cetak, media elektronik, lan media luar ruang.

Media cetak

Media cetak, yaiku media sing kacetak ana sajroning dluwang utawa kertas. Media cetak iki sipate statis lan nengenake pesan kang awujud tulisan, gambar, utawa foto. Media cetak iki ana kang nganggo tata warna ana uga kang kacetak mung hitam-putih.

Media elektronik

Media elektronik iki sawijiing media iklan kang nggunakake teknologi elektronik lan mung bisa digunakake menawa ana jasa transmisi siaran. Media elektronik iki bisa awujud pariwara ana siaran TV, siaran radio, uga pariwara ana sajroning internet.

Media luar ruang

Media luar ruang, yaiku media pariwara sing ukurane gedhe lan dipasang ana ing papan panggonan kang gampang dimangerteni dening wong akeh. Lumrahe media luar ruang iki dipasang ana papan publik, kayata alun- alun, tengah kutha, lan dalan-dalan sing kerep disaba dening wong akeh.


Tuladha Pariwara

Sawise nyinaoni babagan teori pariwara, ing ngisor iki bakal kababar saperangan tuladhane pariwara sing wis lumrah ana ing masyarakat.


Pariwara Komersial

























Gambar 2. Pariwara Komersil



a.   Iklan Layanan Masyarakat


Gambar 3. Pariwara Layanan Masyarakat


Nulis Teks Iklan utawa Pariwara

Pokok-pokok materi ana ing pasinaon iki bisa dipirsani ana ing bagan ana ing ngisor iki!








Gambar 4. Andharaning Materi Nulis Teks Pariwara

Ana ing kagiyatan iki, sira bakal supaya bisa carane nulis teks pariwara ana  ing pungkasaning piwulangan kaya sing wis kacetak ana ing ancasing pasinaon. Ana ing babagan nulis teks pariwara kowe kabeh bakal diwenehi ngerti babagan ciri-ciri pariwara sing diarani apik, rumus lan teknik nulis pariwara, uga langkah-langkah  kang kagunakake kanggo nulis teks pariwara. Teori-teori kuwi kabeh bakal migunani kanggo kagiyatan nulis teks pariwara ana ing pungkasan pasinaon. Supaya bisa mangerteni kuwi kabeh, kowe bakal sinau sawetara nganggo modul iki,  gatekna kanthi wigati lan tenanan supaya entuk kawruh sing mumpuni. Wilujeng nyinaoni kanthi setiti.







MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA

Kawruh Bab Pacelathon 

Pacelathon asal saka tembung lingga “celathu”. Tegese omongan utawa guneman. Pacelathon yaiku omong-omongan antarane wong loro utawa luwih. 

Nalika omong-omongan, yen nggunakake basa Jawa kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Basa kang digunakake kudu laras karo sapa sing guneman lan sapa sing diajak guneman. Wujude unggah-ungguh basa iku ing antarane ana ngoko lan krama.

Ngoko iku basa kang tembunge migunakake tembung ngoko. Lumrahe ukarane gampang dingerteni. Basa ngoko digunakake:

Omong-omongan antarane kanca karo kanca sing wis kulina lan akrab.

Wong tuwa marang sing luwih nom, upamane guru marang murid, bapak utawa ibu marang putrane, lan mas/mbak marang adhine.

Kanggo pawarta, medharake gagasan (artikel), lan crita ing kalawarti/ majalah.

Kanggo sesambungan kang sipate umum, kayata wara-wara lan iklan.

Tuladha

Kowe mau saka ngendi?

Aku ora sida nonten konser. 


Ngoko alus, yaiku tembung-tembunge ngoko kecampuran tembung krama. Tembung-tembung krama iku kanggo wong liya, dene tembung-tembung ngoko kanggo awake dhewe lan wong liya kang ora perlu migunaake basa krama amarga wis raket anggone kekancan utawa umure sangisore. Ngoko alus iku digunakake ing:

Omong-omongan karo wong kang statuse padha, nanging kanthi rasa ngurmati. 

Omong-omongan karo wong kang statuse luwih dhuwur, nanging wis raket banget. 

Omong-omongan karo wong kang statuse saperangan luwih dhuwur  nanging saperangan luwih cendhek. 

Kanggo ngrasani utawa nggunem wong kang statuse utawa umure luwih dhuwur. 

Tuladhane

Coba kana mundhuta pirsa, Bapak karo Ibu arep ngersakake dhahar apa?

Panjenengan apa ora tau tindak mrana? 


Kang dikramainggilake ing basa ngoko alus diperang kaya ing ngisor iki. Dene panambange (akhirane) tetep ngoko, yaiku:

Perangane awak, tuladhane sirah (mustaka), tangan (asta), weteng (padharan), sikil (samparan).

Tuladha

Astane Simbah rada kesleyo, dene lan samparane Ibu mung tatu sithik.


Tembung kriya (kata kerja), tuladhane mangan (dhahar), nggawa (ngasta), lunga (tindak).

Tuladha

Bapak dhahar bakso, dene Ibu ngersakake ngunjuk degan wae.


Tembung sesulih (kata ganti), tuladhane kowe (panjenengan) lan dheweke (panjenengane).

 Tuladha

      Panjenengane wis pirsa yen ana kedadeyan kuwi. 


Tembung aran sing dadi duweke sing diurmati, tuladhane: bojone (garwane), anake (putrane), lan sandhangane (agemane).

Tuladha

   Olehe rawuh, Pak Bondhan sagarwa lan putrane. 

Agemane Bapak isih-apik tur arang diagem.


Krama lugu ing tatarane tembung jaman saiki mapan ana ing tengah, antarane ngoko lan krama inggil. Tembung-tembung ngoko kang ana tembung kramane, dikramakake. Tembung-tembung kang sesambungane karo awake dhewe lan ana tembung kramane, uga dikramakake. Basa krama iku digunakake kanggo:

Omong-omongan karo wong kang statuse kurang luwih padha, wis kulina, padha-padha ajen-ajenan, nanging ora kurmat banget.

Omong-omongan karo wong kang statuse luwih cendhek utawa wis kulina nanging pancen niyat arep ngurmati.

Nerangake bab apa wae kang sipate umum.

Nulis kang sipate umum.

Tuladha

Sedaya tiyang menika kedah mangertos dhateng tugas lan kewajibanipun piyambak-piyambak.

Sasampunipun sami wangsul, boten  wonten ingkang nyukani pambiyantu dhateng piyambakipun.


Krama alus wujude tembung-tembung krama. Ater-ater lan panambang uga krama. Tembunge krama inggil tumrap wong kang diajak omongan.  Basa krama alus gawe swasana kang kurmat banget. Cak-cakane:

Wong nom marang wong tuwa, murid marang guru, uga rewang karo bendarane.

Kanggo omong-omongan karo wong kang statuse kurang-luwih padha, padha-padha banget kurmat-kinurmatan amarga ora utawa durung kulina.  Yen nyebut awake dhewe, lumrahe nganggo tembung krama.

Kanggo sesorah kang swasanane perlu unggah-ungguh kang jangkep, tuladhane panatacara. 

Tuladha ing sekolahan:

Yen kowe didhawuhi bapak/ibu guru njupukake buku ing meja, aturmu marang bapak ibu guru kepriye? 

“Nuwun sewu, Bu, kula dipunutus Pak Setyawan kapurih mendhetaken bukunipun ing meja. Matur nuwun.”


Kanggo nulis kang perlu migunaake unggah-ungguh basa jangkep tumrap para kang maos.


Damel video pariwara

Sawise mangertosi materi ing dhuwur, para siswa damel setunggal video pariwara kanthi cara: 

Para siswa damel kelompok cacah 6 siswa

Para siswa temtokne tema pariwara

Para siswa diskusi damel cengkorongan naskah video pariwara kanthi ngetrapake unggah-ungguh

Para siswa nemtokne paraga/ peran ugi jadwal rekaman video

Para siswa damel rekaman video

Para siswa ngedit video

Para siswa ngunggah video ing media youtube


Forum Diskusi

Siswa sesarengan ngrembag video pariwara kanca sanes bab unggah-ungguh basa.




CERKAK

Pangerten Cerkak

Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa.

Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa.

Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak.

 Titikane Cerkak / Ciri Cerkak

Critane ringkes.

Ana gegayutane karo lelakone manungsa.

Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.

Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.

Unsur-Unsur Cerkak

Tema, yaiku inti utawa ide dhasare crita.

Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosial saka kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.

Latar ing cerkak iku ana 3 jenise:

1. Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.

2. Latar wektu,yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing crita iku dicritakake.


3. Latar kahanan (suasana), yaiku kahanan lingkungan social nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.


Sudut pandang (point of view) yaiku posisine pengarang nalika nyritakake crita.

Posisi pengarang ana 2:


Dadi wong kapisan (orang pertama). Pengarang dadi tokoh lan lakon ana ing crita.

Cirine ana tembung “AKU”.

Tuladha: Aku isih durung percaya menawa dina iki aku bisa lungguh ana ing kursi stadion Olimpico roma…….

Dadi wong katelu (orang ketiga) pengarang dadi pengamat ana ing crita.

Cirine :

Nganggo jenenge wong, dheweke, panjenengane.


Alur/plot yaiku lakuning carita utawi urut-urutanipun carita.

Alur wonten 3 werna yaiku

1. Alur maju (progresif)

2. Alur mundur (regresif/flashback)

3. Alur campuran


Paraga (tokoh) yaiku tiyang ingkang maragani carita.

Paraga wonten 3 werna yaiku

1. Paraga utama (protagonis)

2. Paraga mungsuh (antagonis)

3. Paraga tambahan (tritagonis).


Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan njlentrehake karakter tokoh ana ing crita.


Ana 2 teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijining tokoh.



1. Teknik Analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.

2.Teknik Dramatik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran.


Amanat/pesen yaiku pesen utawa piweling ingkang badhe dipunaturaken dening pangripta marang pamaos, utawi pesen ingkang sinandhi ing crita kasebut.



Gaya basa, basa sing digunakake pangripta ing sajroning carita. Utawa cara khas kang dienggo pangripta kanggo medharake pikiran lan rasa atine.

Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa awujud basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.


Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita.

Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake cerita kanthi tetep migatekake unsur- unsur intrinsike crita iku. Lumrahe sinopsis kurang saka 300 kata.


Carane gawe sinopsis :

1. Maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utamane

2. Nyatet gagasan utama kang penting

3. Ngrantam (nyusun) maneh gagasan utama dadi paragraf

4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane

5. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Novel Merdeka Xl

MATERI WACANA KELAS X KURMER

Materi Pariwara