Materi Sesorah Merdeka Xl

 Sesorah

A Jinising Sesorah

Kaya sing wis diandharake ana ing ndhuwur, sesorah ana maneka jinis. Ing piwulangan iki, jinis kang arep diandharake kayata ing ngisor iki.

1. Sesorah Resmi

Sesorah resmi ditindakake ing acara-acara resmi/formal sing adate dirawuhi para pejabat misuwur utawa wong-wong penting. Sesorah iki mbutuhake persiapan sing mateng, wiwit saka nyepakake naskah nganti ageman utawa busanane. Tuladhane kaya sesorah ing lembaga kanagaran, jumenengan jabatan, lan liya-liyane.

2. Sesorah
Setengah Resmi Sesorah satengah resmi ditindakake nganggo ragam basa campuran. Tegese sesorah bisa nganggo basa Jawa ngoko, krama, utawa bebarengan (ngoko lan krama). Mula saka kuwi, jinis sesorah iki rada luwes jalaran ora kaiket dening paugeran paramasastra sing baku. Tuladhane sesorah setengah resmi, yaiku sesorah ing acara kagiyatan masarakat, kayata karang taruna.

3.Sesorah Ora Resmi

Kaya dene jenenge, sesorah jinis ora resmi adate dilakokake ing acara-acara ora resmi, kayata acara kulawarga. Basa sing dienggo uga adate nganggo basa padinan saengga apa sing diaturake luwih gampang dingerteni dening pamireng, malah sok uga diselingi guyonan. Sesorah ora resmi dipilih supaya pamicara bisa luwih cedhak marang pamireng. Kajaba kuwi, sesorah iki duwe kahanan sing luwih luwes tinimbang sesorah liyane amarga ora kudu nganggo busana tartemtu, sing penting rapi lan sopan.


B Ancase Sesorah

Kaya sing wis diandharake, sesorah yaiku kagiyatan wicara ing sangarepe wong akeh sing duwe ancas tartemtu. Ancase sesorah lumrahe kanggo aweh kawruh marang wong liya lumantar tetembungan sing wis dirakit. Kawruh mau awujud gagasan utawa panemune pamicara ngenani bab sing bakal ditampa dening wong sing ngrungokake minangka informasi, guyonan, utawa pangajak. Adhedhasar bab mau, bisa dingerteni yen sesorah duwe pirang- pirang ancas. Ing bab iki, ancase sesorah kaperang dadi telu.

1. Aweh Kawruh (Informatif)

Sesorah sing duwe ancas menehi kawruh tartemtu adate ngandharake informasi sing wigati utawa kawruh sing anyar supaya pamireng bisa ngerti lan nampa informasi mau kanthi bener lan jangkep.

2. Panglipur (Rekreatif)

Wong-wong sing sesorah kanthi ancas panglipur, kudu bisa nindakake sesorah kanthi swasana sing nyenengake, utawa bisa uga sesorah sing pancen dianakake kanggo guyonan (hiburan).

3. Pangajak (Persuasif)

Sesorah kang asipat persuasif iku kanggo ngrimuk/ngglembug supaya wong sing ngrungokake gelem nglakoni apa sing diandharake dening pamicara. Tuladhane sesorah kang ancase ngejak reresik lingkungan.

 

C Struktur Sesorah

Struktur sesorah yaiku urut-urutane sesorah sing kudu ana sajroning naskah lan kudu dilakokake dening pamicara. Anane struktur, pamicara bisa ngaturake panemune kanthi runtut saengga pamireng bisa luwih gampang anggone ngerti sing dikarepake. Kajaba kuwi, struktur sesorah uga gegayutan karo trapsilaning wicara ing sangarepe wong akeh, wiwit pambuka nganti panutup. Ora mung wigati kanggo pamicara, struktur sesorah uga wigati kanggo wong sing ngrungokake. Struktur mau bisa dianggo nitiki perangan endi sing ngemot isine sesorah. Mula saka kuwi, kanggo ngerteni isine sesorah, wong sing ngrungokake uga kudu nggatekake struktur utawa urut-urutane. Struktur sesorah bisa diperang dadi lima.

1. Salam Pambuka

Salam pambuka yaiku perangan kapisan jroning sesorah sing prelu ditindakake dening pamicara kanggo atur pakurmatan marang pamireng. Salam pambuka iku maneka warna, gumantung kahanane. Tuladhane kayata assalamu'alaikum, nuwun, sugeng enjing, lan liya-liyane.

2. Pambuka/Purwaka Basa

Perangan pambuka bisa kaperang dadi telu, yaiku:

a. Sapa aruh/atur pakurmatan

Sapa aruh diaturake marang wong-wong sing teka utawa rawuh ing acara kanthi cara ngaturake pakurmatan. Sapa aruh bisa diurutake saka wong sing dianggep paling penting. Dene tetembungan sing sok dianggo yaiku:

ingkang kinurmatan ...

ingkang kula kurmati ...

ingkang kula bekteni…

ingkang kula tresnani…lsp

b. Puji sukur

ingkang kula bekteni ...

ingkang kula tresnani ... lan sapanunggalane.

Sawise sapa aruh, diterusake kanthi muji sukur dhumateng Gusti.

c. Atur panuwun

Atur panuwun diaturake marang wong-wong sing wis rawuh ing acara. Nanging, ora kabeh sesorah ana atur panuwun, gumantung apa ancase lan sapa sing sesorah.

3. Isi/Surasa Basa

Perangan iki kalebu bab sing paling wigati saka sesorah amarga ngemot wose sesorah. Tegese, isine sesorah gumantung bab sing arep diandharake sajroning sesorah.

4. Panutup/Wasana Basa

Panutup bisa kaperang dadi loro, yaiku pangajeng-ajeng lan atur pangapura. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

Pungkasaning atur, sepisan malih kula ndedonga mugi Bapak lan Ibu Guru, saha adhik-adhik lan kanca sedaya tansah pinaringan rahmat saking Gusti Kang Maha Agung. Wasana cekap semanten atur kawula, menawi kathah kalepatan, atur, lan solah bawa, kula nyuwun pangapunten.

5. Salam Panutup

Pungkasane sesorah ditutup kanthi salam panutup, kayata wassalamu'alaikum, matur nuwun, lan liya-liyane.

 

D. Metodhe Sesorah

Metodhe sesorah yaiku cara sing dianggo utawa dipilih pamicara anggone sesorah. Pamicara bisa nindakake sesorah kanthi nganggo panuduh utawa metodhe sing beda-beda miturut pengalaman lan kaprigelane dhewe-dhewe. Metodhe-metodhe sesorah kurang luwih bisa diandharake kaya ing ngisor iki.

1. Naskah

Metodhe naskah yaiku sesorah kanthi maca naskah sing wis dicepakake sadurunge. Naskah dicepakake wiwit pambuka nganti panutup. Metodhe iki apike kanggo wong- wong sing durung kulina micara ing sangarepe wong akeh. Bisa uga kanggo sesorah sing kahanane resmi amarga naskahe bakal didadekake arsip. Materi sing dicepakake lan disusun kanthi runtut saengga panemu utawa gagasan sing diaturake ora bakal ana sing keri utawa kliwat.

2. Apalan (Memoriter)

Metodhe apalan yaiku sesorah kang ditindakake kanthi ngapalake naskah sing wis dicepakake luwih dhisik. Kanggo ngetrapake metodhe iki dibutuhake apalan sing kuwat. Metodhe iki adate dianggo dening para siswa amerga isih sinau carane sesorah utawa kanggo lomba.

3. Cathetan Cilik (Ekstemporan)

Metodhe ekstemporan yaiku sesorah kanthi nggawa cathetan cilik sing isine bab-bab wigati kang bakal diandharake nalika sesorah. Tegese, naskah sing digawe ora jangkep jalaran mung kanggo cekelan. Metodhe iki adate dianggo dening wong-wong sing wis pengalaman utawa kulina.

4. Dadakan (Impromptu)

Metodhe impromptu yaiku sesorah kanthi dadakan tanpa nyepakake naskah luwih dhisik. Metodhe dadakan adate dipilih dening wong-wong sing wis prigel anggone sesorah. Sesorah kanthi dadakan ditindakake jalaran dumadakan anggone dijaluki sesorah saengga ora nyandhak nyepakake naskah utawa materine. Nanging, adate informasi sing diaturake jroning sesorah wis kaambah dening pamicara. Kajaba kuwi, wong-wong sing sesorah duwe pengalaman lan wis kulina.

 

E. Maca Sesorah

Nyepakake Sesorah.

Sesorah iku sawijining kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh. Kasil orane bisa dideleng saka kepriye tanggepane wong sing ngrungokake. Sangsaya semangat utawa antusias tanggepane, saya kasil anggone sesorah. Luwih-luwih menawa oleh keplok saka pamireng kang rame banget, mesthine bisa ndadekake bombonging ati. Nanging sawalike, menawa sesorah ora kepenak, sarampunge sesorah bisa ndadekake kuciwa, getun, utawa susah. Mula saka iku, sadurunge sesorah luwih becik nyepakake bab sing dibutuhake, kayata kekendelan/mental, kasarasan, materi, lan busana.

1. Nyepakake Kekendelan/Mental

Mental iku prakara wigati kang kudu dicepakake nalika arep sesorah. Menawa kekendelane pamicara kurang cemepak, bisa ndadekake sesorah kurang becik. Tuladhane, informasi sing bakal diaturake dadi ora runtut, ana bagean sing kliwat, malah bisa uga bingung karo apa sing bakal diaturake. Bab mau jalaran menawa isih ana rasa ndhredheg, isin, utawa wedi, bakale ngaruh marang kabisan ngeling-eling lan wicara.

2. Njaga Kasarasan

Kondisi awak sing kurang sehat, kayata watuk, kesel, kurang turu, lan liya-liyane, bisa ndadekake sesorah ora maksimal. Njaga kasarasan bisa dilakokake kanthi olahraga, sumene, lan ngombe banyu putih sing cukup, sarta ngurangi ngombe es, mangan pedhes, gorengan, lan bengak-bengok.

3. Nyepakake Materi

Pesen kang ana ing sesorah bakal gampang ditampa yen materine wis dicepakake kanthi becik. Tumrap wong sing wis kulina, nyepakake materi dudu prakara kang kudu dilakokake jalaran wis ngerti apa wae sing kudu lan arep diaturake nalika sesorah. Nanging, kanggo wong sing durung kulina, nyepakake materi dadi prakara wigati supaya materi bisa gampang diaturake lan gampang ditampa.

4. Nyepakake Busana

Sapisanan sing dideleng dening pamireng yaiku apa sing disandhang pamicara. Ing prakteke, busana bisa ndadekake pamicara tambah kendel/percaya diri. Nanging sewalike, busana kang kurang pas bisa ndadekake rasa kurang sreg saengga ora kepenak dideleng. Bisa-bisa, malah oleh tanggepan sing ora kepenak saka pamireng. Mulane, busana kudu dicepakake sadurunge sesorah. Anggone milih busana bisa kanthi cara takon sedulur utawa kanca babagan busana kang cocog lan pantes menawa dianggo sesorah.

 

Mangerteni bab wigati nalika sesorah.

Nalika sesorah, pamicara ora mung butuh kabisan anggone ngeling-eling utawa ngaturake materi, nanging uga prelu nggatekake teknik lan tata carane supaya pamireng bisa gampang anggone njupuk pesen utawa informasine. Bab-bab kang prelu digatekake kayata ing ngisor iki.

1. Wicara

Wicara iki gegayutane karo cetha-samare lan salah-benere pocapan, sarta seru-lirihe swara utawa vokal nalika nindakake sesorah. Pocapan lan vokal iki kudu diatur gumantung papan panggonan lan wong kang ngrungokake.

2. Wirama

Wirama yaiku irama nalika sesorah. Irama ing sesorah kudu digatekake amarga bisa kanggo nguwatake utawa nggambarake swasana isi sesorah. Bab sajroning irama, yaiku cendhek-dhuwure (intonasi), alon-bantere (tempo), lan cetha-samare anggone sesorah. Sesorah kang makantar-kantar kudune kanthi swara sora, semono uga kang ngemot isi surasa susah, mesthine ya kanthi swara alon.

3. Wiraga

Wiraga yaiku obahing awak, polatan, lan patrap nalika sesorah. Pamicara kudu nggatekake wiraga, mligine kaluwesan awak (gerak tubuh), jumbuh karo isine sesorah. Obahing awak uga kudu kang prasaja, ora digawe-gawe saengga swasana bisa kabangun kanthi apik.

4. Wirasa

Wirasa asring diarani penjiwaan, ateges anggone sesorah kudu laras karo isine naskah utawa tema. Ekspresi kang trep uga kudu digatekake. Umpamane sesorah ing acara ambal warsa (ulang tahun) mesthine beda karo sesorah ing acara kesripahan. Mulane sakdurunge sesorah, pamaca kudu mangerteni dhisik apa isine sesorah kang nggambarake kahanan saengga ngerti kepriye ekspresine nalika nglakoni.

Patrap utawa trapsilaning nalika sesorah kudu digatekake supaya penak dideleng. Bab kang kudu digatekake dening pamicara, yaiku patrap nalika ngadeg, polatan, lan obahing awak. Kanggo mangerteni patrap kang bisa kalakokake nalika sesorah, pamicara kudu mangerteni patrap kang ora becik kaya ing ngisor iki.

1. Trapsila kang kurang becik nalika sesorah, yaiku:

a.ngadeg kanthi lendhetan sikil siji;

b. ngadeg kanthi sikil rapet banget;

c. ngadeg kanthi sikil mbegar banget;

d. ngadeg kanthi loyo utawa kaku banget;

e. ngadeg kanthi ora imbang;

f. ngadeg kanthi lendhetan tembok utawa papan wicara;

g. ngadeg kanthi ora anteng;

h. ngadeg kanthi kaku; lan

i. ngobah-obahake awak sing ora prelu.


2. Polatan kang kurang becik, yaiku:

a. ngguyu kanthi digawe-gawe;

b. kerep ndeleng dhuwur;

c. bathuk njengkerut;

d. ora nggatekake pamireng;

e. kakean ngguyu; lan

f. gugup utawa kamisosolen.


3. Obahing awak kang kurang becik, yaiku:

a. ngobah-ngobahake bagean tartemtu kang ora prelu;

b. ngukur-ngukur kuping;

c. ngrogoh sak;

d. dolanan bolpen;

e. ngomong kanthi ndeleng teks terus; lan

f. kakean mlaku.

 

Kapustakan

Riyanto Pujo, dkk. 2023.Lantip Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : Erlangga

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Novel Merdeka Xl

MATERI WACANA KELAS X KURMER

Materi Pariwara