Materi Tembang Macapat Merdeka Xl

 

MATERI TEMBANG MACAPAT

A. Tegese Tembang lan Jenis Tembang

Sing diarani tembang yaiku reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake nganggo kaguna swara, tegese pamacane ukara kudu manut titilaras kang gumathok.

Ing kagunan Jawa, tembang kuwi wernane yaiku :

1.         Tembang gedhe

Tembang gedhe iku sapadha ana patang gatra. Tembang gedhe iki biasane kanggi mbawani gendhing utawa kanggo sulukan ing pedhalangan.

Tuladhane : Sekar Swandana, Sekar ageng Retna asmara

2.         Tembang tengahan

Tuladahane : Wirangrong, Balabak,Juru Demung

3.         Tembang macapat

Tembang macapat ana 11 yaiku asmaradhana, dhandhanggula, durma, gambuh, kinanthi, maskumambang, megatruh, mijil, pangkur, pucung, sinom.

Ing tembang Jawa saben sak baris diarani sak gatra.

4.         Tembang dolanan

Tembang dolanan iki wernane ana loro : tembang dolanan gagrak lawas lan tembang dolanan gagrak anyar.

B. Tegese Tembang Macapat

Tembang macapat ditegesi maca papat-papat. Tembang macapat yaiku tembang kang kaiket guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.

 

C. Gunane Tembang Macapat

a.       Kanggo kasusastran jaman saiki

b.      Kanggo bawa utawa nggerongi gendhing

c.       Ngarang kapustakan Jawi

d.      Kanggo tembang ing pagelaran kjethoprak lan wayang

e.       Kanggo parikan lan dhagelan

 

D. Ciri-ciri Tembang Macapat

1. kaiket guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

2. basane Jawa anyar, diseseli Jawa kuna.

3. isine bab pitutur, kasusilan, dongeng, wayang, lsp

 

 

E. Urut-urutaning Tembang Macapat

Ing budaya tembang macapat, saperangan panemu kang ngurutake tembang macapat iku kaya proses panguripane manungsa wiwit saka alam kandhungan nganti tumekaning seda. Mungguh kaya mangkene urut-urutane tembang macapat kaya kang ing ngisor iki.

-Maskumambang nggambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripe ngambang ing kandhutan ibune.

-Mijil: ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.

-Sinom: ateges kanoman, minangka kalodhangan wektu sing paling wigati kanggone wong anom supaya isa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

-Kinanthi: saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya isa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

-Asmarandana: ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.

-Gambuh: saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya isa urip bebrayan.

-Dhandhanggula: nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh isa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/bojo, duwe anak, urip cukup kanggo sakulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, isa diarani lagu ndhandhanggula. Durma: saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang susah, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/ weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

-Pangkur. saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha.

-Megatruh: saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kawasa.

-Pocung: yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

 

F. Sasmitaning Tembang Macapat

Saliyane paugeran utawa unsur-unsur kang mbangun tembang Macapat mau, tembang Macapat bisa uga katitik saka tembung-tembung kang dadi sasmitaning tembang kang baku. Dene dununge sasmita ora mesthi. Ana kang manggon ing gatra wiwitan utawa gatra kang pungkasan.

1. Maskumambang                  : maskumambang, kambang, timbul, kentir, mas kentir

2. Pocung                                : pocung, kaluwak, cung

3. Mijil                                     : mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, Sulastri

4. Kinanthi                              : kinanthi, kanthi, gandheng

5. Asmaradana                                    : asmaradana, asmara, brangta, kingkin, dana

6. Durma                                 : durma, undur, sirna, galak, dur

7. Pangkur                               : pangkur, wuntat, pungkur, yudakenaka, ungkur, wuri, kur

8. Sinom                                  : sinom, taruna, anom, weni, sri nata, pamase, logondhang, nom,

9. Dhandhanggula                   : mudha sarkara, hartati, dhandhang, dhandhanggula, madu, manis,

  sari, bremana, guladrawa, gagak, tresna

10. Megatruh                           : megatruh, dudukwuluh, pegat, duduk, wuluh, luh, truh

11. Gambuh                            : gambuh, buh, jumbuh, kambuh, tambuh

 

 

G. Watak Tembang Macapat

1. Maskumambang      : Watake susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocog kanggo nelakake

rasa kasedhihan kang ngenesake.

2. Pocung                    :Watake sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.

3. Mijil                         :Watake tinarbuka lan pantes kanggo nelakake pitutur, nasehat, lan uga

kanggo nelakake crita asmara.

4. Kinanthi                  :Watake seneng, tresna asih, mituturi, lan nuladhani. Lumrahe kanggo

menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.

5. Pangkur                   :Watake sereng, antepan ati, lan gagah. Lumrahe kanggo nyritakake rasa

kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel, lan uga kanggo

nelakake kahanan paprangan.

6. Asmaradana             :Watake tresna asih lan sedhih. Pantes kanggo nelakake rasa brangta, tresna

asih, lan crita katresnan liyane.

7. Durma                     :Watake galak, sereng, lan ngemu kanepson. Mula cocog kanggo nyritakake

wong kang nesu lan kahanan paprangan.

8. Sinom                      :Watake sabar, grapyak, lan sumanak. Lumrahe kanggo nelakake crita kang

ngemu piwulang lan pitutur.

9. Dhandhanggula       :Watake luwes, kewes, lan ndudut ati. Pantes kanggo nelakake crita apa

wae, ing ngendi wae, lan kahanan kaya apa wae.

10. Megatruh               :Watake sedhih lan kentekan pangarep-arep. Lumrahe kanggo nelakake

crita kasedhihan kang nggrantesake ati.

11. Gambuh                 :Watake grapyak sumanak, mula pantes kanggo nyritakake pitutur.

 

 

H. Paugeran / Aturan Tembang Macapat

Guru Gatra, yaiku cacahing gatra/larik saben sapada.

Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra.

 

I.                   Paugeraning Sekar Macapat

 

No.

Namaning Sekar

Paugeran

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

11

12

13

14

15

Mijil

Kinanthi

Sinom

Asmaradana

Dhandhanggula

Gambuh

Maskumambang

Durma

Pangkur

Megatruh

Pocung

 Wirangrong

Balabak

Jurudemung

Girisa

10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 8-i, 6-u

8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i

8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a

8-i, 8-a, 8-e/o, 8-a, 7-a, 8-u, 8-a

10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a

7-u, 10-u, 12-i, 8-u, 8-o

12-i, 6-a, 8-i, 8-a

12-a, 7-i, 6-a, 7-a, 8-i, 5-a, 7-i

8-a, 11-i, 8-u, 7-a, 12-u, 8-a, 8-i

12-u, 8-i, 8-u, 8-i, 8-o

12-u, 6-a, 8-i, 12-a

8-i, 8-o, 10-u, 6-i, 7-a, 8-a

12-a, 3-e, 12-a, 3-e, 12-a, 3-e

8-a, 8-u, 8-u, 8-a, 8-u, 8-a, 8-u

8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a,

 

J. Nilai Tembang Macapat

Nilai-nilai luhur yaiku nilai-nilai kang ngandhut kabecikan kang bisa dijupuk sajroning isi karya sastra kang gegayutan karo kahanan ing pagesangan padinan. Nilai-nilai ing jero crita iku ana kang gayut karo nilai religius, nilai sosial, nilai kabudayan, lan nilai moral. Nilai religius gegayutan karo agama lan keyakinan, kayata babagan ngibadah, sembahyang, lan upacara agama. Nilai sosial gegayutan karo paugeran-paugeran pagesangan ing masarakat minangka bagean masarakat. Nilai kabudayan gegayutan karo adat istiadat lan budaya kang dilakoni ing masarakat tertamtu. Dene nilai moral gegayutan karo budi pekerti ing masarakat.

K. Nembang Macapat

Macapat kuwi dhasare lugu ora kakehan eluk wilet apadene gregel, dene lakune utawa panindake nengenake rasa saka surasaning tembung kang kacetha inggatra tembang. Mulane pamedhoting tembung kudu cetha lan nggatekaken wutuhing tembung kang mengku surasa utawa makna kang kamot ing tembang.

Sadurunge nembang, perlu dimangerteni yen lelagon utawa tembang macapat kuwi bisa diarani endah lan kepenak dirungokake manawa leres lan laras. Lire, diarani leres manawa tembange pas guru gatra, guru wilangan lan guru lagune. Dene diarani laras manawa anggone nglagokake wis pas lan jumbuh karo titi laras gamelan Jawa.

 

L. Nganalisis Isi lan Pitutur Tembang Macapat

Ngisor iki golekana isi lan pitutur/nasehat

Tembang 1

Jejer ing wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi sepa lir sepah samun

Sasamaning pakumpulan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

(Serat Wedhatama)

 

Tembang 2

Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling.
Lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis.
Ala watake wong suka,
suda prayitnaning batin.


 Tembang 3

Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh

 

Tembang 4

amenangi jaman edan

ewuh aya ing pambudi

melu edan nora tahan

yen tan melu anglakoni

boya kaduman melik

kaliren wekasanipun

dilalah karsa Allah

begja begjaning kang lali

luwih begja kang eling klawan waspada


Tembang 5


Wonten malih tuladha prayogi

satriya gung nagari ngalengka

sang kumbakarna namane

tur iku warna diyu

suprandene nggayuh utami

duk awit prang ngalengka

dennya darbe atur

mring raka amrih raharja

dasamuka tan keguh ing atur yekti


de mung mungsuh wanara.


1. Serat Tripama Piwulang Kaprawiran lan Tresna Tanah Air, karya KGPAA Mangkunegara IV.

Karya sastra iki kaanggit dening KGPAA Mangkunegara IV. Serat Tripama kapetung

serat kang ora kaya padatan jalaran amung dumadi saka sapupuh tembang, yaiku pupuh "Dhandhanggula" lan isine mung 7 pada (bait). Serat iki ngajarake patuladhan tumrap para prajurit supaya duweni watek satriya, teteg, tatag, lan tanggon jroning alabuh bangsa lan negara. Tripama asale saka tembung 'tri' kang ateges telu,lan 'pama' tegese upama utawa pepindhan.Menawa dirangkep,tripama yaiku telung tuladha saka satriya ing crita pewayangan; Patih Suwanda saka Maespati, Kumbakarna saka Nagara Ngalengka,lan Adipati Basukarna saka Ngawangga. Tetelune didadekake patuladhan jalaran setya lan labuh cipta kang luhur marang nagarane, sarta luwih nggatekake wigatining bangsa lan nagara ing sadhuwure kawigaten pribadhi lan kulawarga. Bab ik<i jumbuh klawan kapribaden Jawa sing bisa ditrepake jroning srawung ing masarakat,bangsa, lan nagara. Saiki ayo dipindai kodhe QR ing sisih tengen,banjur pethikan serat Tripama pupuh "Dhandhanggula"sing ana ing ngisor iki, coba tembangna miturut notasine.

S.M "Dhandhanggula" Laras Slendro Pathet 9 (Serat Tripama)

2 566612222

Yog-ya-ni-ra kang pa-ra pra-ju-rit,

22116666156

la-mun bi-sa si-ra a-tu-la-da,

5 6 6 6 6 6 61 65

duk ing ngu-ni ca-ri- ta-ne,

61216156

An-dê-li-ra Sang Pra-bu,

552256 16 1 216

Sa-sra-ba-u ing Ma-ès-pa-ti,

6111111

a-ran Pa-tih Su-wôn-da,

6566665

lê-la-buh-an-i-pun,

56122222

Kang gi-nê-lung tri pra-ka-ra,

2 2232 16 6 6 6 6 6122

Gu-na ka- ya pu-run ing-kang dèn an-tê-pi,

5616 2165 61

nu-ho-ni trah u- ta-ma

2. Serat Wulang Sunu Kawruh Piwulang kanggo Anak,Karya Pakubuwono IV

Karya sastra iki kaanggit dening Sunan Pakubuwono IV watara abad 18 nalika rakyat padha nalangsa lan rekasa jalaran anane panjajahan dening Walanda. Supaya bisa agawe ayem-tentrem ati lan batine rakyat, Sunan Pakubuwono IV nyerat piwulang-piwulang awujud karya sastra ajudhul Serat Wulang Sunu. MMiturut padatan, serat iki aweh panuntun marang anak supaya bekti marang wong tuwa, rukun karo sedulur, lan kepriye anggone urip bebrayan ing masarakat. Serat Wulang Sunu nduweni rong pupuh: pupuh I awujud tembang "Dhandhanggula" sing cacahe 12 pada (bait) lan pupuh Il awujud tembang "Asmaradana" sing cacahe 22 pada (bait).

S. M. "Dhandhanggula" Laras Pelog Pathet 6 (Serat Wulang Sunu)

6 111122222

Wu-lang su-nu kang ki-nar-ya gen-dhing,

1121655555

kang pi-nur-wa ta-ta-ning nga-wu-la,

61iiii 21 65

su-wi-ta ing wong tu-wa-ne,

5 6 1 1 1 12 21

Po-ma pa-dha mi-tu-hu,

56211 1111

ing pi-tu-tur kang mu-ni tu-lis,

6122222

sa-pa kang tan nu-ru-ta,

1 61 1 21 65

Sa-u-ja-reng tu-tur,

56122222

tan u-rung ka-su-rang su-rang,

11216555 5612

Do-nya nga-kir tan u-rung mang-gih bil-la-hi,                       

2 2 2 23 21 321 1                                              

Tem-be ma-ti-ne nra-ka. 

Karya sastra iki kaanggit dening Raden Ngabehi Yasadipura Il,pujangga kraton Surakarta, watara taun 1819 Masehi. Miturut asal-usule, Sasana Sunu asale saka rong tembung kang ana ing basa Sansekerta, sasana saka tembung lingga 'sas', tegese mulang,pamulangan,utawa piwulang, dene 'sunu' tegese anak.Miturut padatan, serat iki ngandharake kepriye carane mulang anak sing becik ing kahanan aworing budaya Jawa karo prentah agama,mligine Islam ing jaman semana. Sing kawentar saka serat iki, yaiku piwulang catur budi sing isih gayut karo kahanan nganti saiki. Serat piwulang iki cacahe lumayan akeh, yaiku 14pupuh lan gunggunge nganti 493 pada. 

3. Serat Kalatidha Piwulang Kautaman Marang Obahing Kahanan,Karya R.

Ng. Ranggawarsita

Isi serat Kalatidha uga ora akeh jalaran digawe mung sapupuh,yaiku pupuh "Sinom" sing cacahe rolas pada. Sing mbedakake klawan serat piwulang liyane, yaiku anggone nulis ora nganggo aksara latin, nanging nganggo aksara Jawa gagrak Surakarta. Adate, karya sastra kang misuwur ditulis dening ratu utawa pujangganing kraton. Nanging jaman semana, Ranggawarsita yaiku pujangga kraton lan karyane iki minangka kritig marang pamarentahan kang sarwa ora bener mula nganggo istilah jaman edan. Ayo sinau nembangake pethikan serat Kalatidha pupuh "Sinom" ing ngisor iki.

S.M."Sinom" Laras Pelog Pathet 6 (Serat Kalatidha)

67222222

A-me-na-ngi ja-man e-dan,

2 3 31 2 3 2 32

E-wuh a-ya ing pam-bu-di,

2 33 3 2 7 7 65

Me-lu e-dan no-ra ta-han,

566 6533 23

Yen tan me-lu ang-la-ko-ni,

6667567

Bo-ya ke-du-man me-lik,

5665 3 5 67 5 6

Ka-li-ren we-kas-an-i-pun,

2355555

Ndi-la-lah kar-sa A-llah,

5 5565323

Beg-ja beg-ja-ne kang la-li,

35675 665 3 5 67 56

Lu-wih beg-ja kang e-ling la-wan was-pa-da.

4. Serat Sasana Sunu Wejangan Catur Budi Jroning Bebrayan

Karya sastra iki kaanggit dening Raden Ngabehi Ranggawarsita watara taun 1860 Masehi. Kalatidha asale saka tembung 'kala'ateges jaman, dene 'tidha' ateges samar utawa jaman kang sarwa ora genah,jaman edan. Serat iki kapetung misuwur jalaran nganti jaman saiki isih akeh wong tuwa sing kulina nembangake isine.

S.M. "Sinom" Laras Slendro Pathet (Serat Sasana Sunu)Text Box: ·1

2221111

Yen wus a-mri-ya-yi si-ra,

6     5556   1 21 65

Ngang-go-wa ka-wan pra-ka-wis,

122216656

Bu-bu-den aw-ya ti-ni-lar,

6  66562216

Kang dhi-ngin bu-di pri-ya-yi,

3   555666

Ping ka-lih bu-di san-tri,

1 23 1 6 5 65 32

Bu-di su-da-gar ping te-lu,

123333 3

Bu-di ta-ni ka-ping pat,

666  56221 6

Li-re kang bu-di pri-ya-yi,

355556   1   12 6 5 65 32

Ta-ta kra-ma ung-gah ung-guh ing wi-ca-ra


C. Nulis Tembang Macapat kanggo Ngaturake Gagasan

Tembang macapat mujudake salah sawijining karya sastra sing ngemot kaendahan lan kasusastran kang luhur jalaran luwih nengenake pamilihing tembung jroning ngrakit karya. Bab iki sing ndadekake nganggit utawa ngripta tembang macapat dadi kagiyatan kang ora entheng.Mula saka iku, para siswa kudu miwiti gladhen anggone ngrakit tembang macapat. Supaya bisa bener anggone ngrakit tembang macapat, para siswa bisa nindakake cara-cara ing ngisor iki.

1. Nemtokake salah siji jinis tembang macapat kang bakal digawe.

2. Milih idhe (tema/topik) sing bakal digawe dadi cakepan tembang macapat.

3. Nulis reng-rengan paugeran tembang macapat sing dipilih, kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Bab iki dadi pathokan jroning milih tembung (dhiksi).

4. Gawe cathetan tembung-tembung endah sing dipilih lan jumbuh karo idhe (tema)sing wis ditemtokake.

5. Pilih lan rakiten tembung-tembung mau, banjur ditata manut paugerane tembang macapat (gatra, wilangan, lan lagu).

6.Suntingen lan surasani maneh asiling karya. Aja lali dipriksa, wis ngemot piwulang luhur apa durung. Bab sing dadi pinunjuling jroning karya sastra,yaiku piwulang luhur kang kinandhut.


1. Nembang Macapat

Macapat kuwi dhasare lugu ora kakehan eluk wilet apadene gregel dene lakune utawa panindake nengenake rasa saka surasaning tembung kang kacetha inggatra tembang. Mulane pamedhoting tembung kudu cetha lan nggatekaken wutuhing tembung kang mengku surasa utawa makna kang kamot ing tembang.

Sadurunge nembang, perlu dimangerteni yen lelagon utawa tembang macapat kuwi bisa diarani endah lan kepenak dirungokake manawa leres lar laras. Lire, diarani leres manawa tembange pas guru gatra, guru wilangar lan guru lagune. Dene diarani laras manawa anggone nglagokake wis pas lar jumbuh karo titi laras gamelan Jawa.

2. Pangkur (Pl.P.Nem)


Mingkar mingkuring angkara

akara karenan marda siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih ketarta pukartining ilmu luhung
kang tumrap ing tanah jawa
agama ageming aji

DAFTAR PUSTAKA

Putut Setyadi,Dwi.Baud Basa Jawa. 2015. Klaten: Intan Pariwara

Gandung Widaryatmo. Prigel Basa Jawa. 2014. Jakarta: Erlangga

Riyanto Pujo. Lantip Basa lan Sastra Jawa. 2022. Jakarta: Erlangga

Triana Kanthi. Wibawa. 2023. Media Guru

 Nanik Herawati. Baud Basa Jawa. 2015. Klaten: Intan Pariwara

Sutardi. Pepak Basa Jawa. Pustaka Gemilang

https://kusumarizale.blogspot.com/2018/01/tegese-tembang-macapat.html

https://www.synaoo.com/tembang-gambuh-pengertene-tembang/

 


 

KONSEP PEMBELAJARAN TEMBANG MACAPAT

https://kusumarizale.blogspot.com/2018/01/tegese-tembang-macapat.html

https://www.synaoo.com/tembang-gambuh-pengertene-tembang/

Rectangle: Rounded Corners: MENGANALISIS NILAI PITUTUR
Rectangle: Rounded Corners: MEMBACA SYAIR TEMBANG
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Novel Merdeka Xl

MATERI WACANA KELAS X KURMER

Materi Pariwara