Materi Parikan

 PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen sing dumadi saka, rong gatra (larik) utawa patang gatra. Menawa dumadi saka rong gatra, gatra sepisan iku awujud purwaka, gatra kaping pindho awujud isi (maksude). Manawa, dumadi saka patang gatra, gatra kapisanlan kapindho awujud purwaka, gatra kaping telu lan gatra kaping papat awujud isine. Parikan dalam bahasa Indonesia disebut pantun.

paugeran parikan ana 4 (papat) yaiku;

cacahe wanda kapisan kudu padha karo ukara kapindho. Jumlah suku kata pertama harus sama jumlahnya dengan yang kedua.

Parikan kang kedadeyan saka rong larik, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kapindho minangka isi. Parikan yang terbuat dari dua baris, kalimat pertama sebagai purwaka dan yang kalimat kedua sebagai isi.

Parikan kang kedadeyan saka patang larik, ukara kasiji lan kaloro minangka purwaka, dene ukara katelu lan kapapat minangka isi. Sedangkan parikan yang terdiri dari 4 (empat) baris, kalimat pertama dan kedua sebagai purwaka, sedangkan baris ketiga dan keempat merupakan isi.

Tibaning swara kapisan kudu padha karo tibaning swara ukara kapindho. Dene yen kedadeyan saka patang larik, ukara sepisan tibaning swara kudu padha karo ukara katelu. Lan ukara kapindho tibaning swara kudu padha karo ukara kapapat. Jatuhnya akhir suara pertama harus sama dengan jatuhnya suara yang kedua. Adapun bila merupakan empat baris parikan maka jatuh akhir suara pertama harus sama dengan baris ketiga, dan baris kedua harus sama jatuhnya suara dengan baris yang keempat.


TULADHA PARIKAN

Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2

Pitik blorok, ngendhog siji

Jare kapok, malah ndadi

Artine 

Ayam blorok, bertelur satu

Katanya kapok malah semakin menjadi jadi


Wajik klethik, gula jawa

Luwih becik, sik prasaja

Wajik klethik gula jawa

Lebih baik yang sederhana


Nyangking ember, kiwa tengen

Lungguh jejer, tamba kangen

Membawa ember kiri kanan

Duduk sejajar obat kangen


 Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2

Manuk emprit, menclok godhong tebu

Dadi murid, sing sregep sinau

Burung emprit hingap di daun tebu

Menjadi siswa yang rajin belajar


Bisa nggender ora bisa ndemung

Bisa jejer ora bisa nembung

Bisa bermain gender tidak bisa bermain demung

Bisa jejer tapi tidak bisa melamar


 Parikan (3 wanda + 5 wanda) x2

Sirahe, diangguk-angguk

Senenge, yen wis kepethuk

Kepalanya diangguk-anggukan

Senangnya apabila sudah bersua

Ukara tuladha parikan (4 wanda + 8 wanda) x2

Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit

Isih murid aja seneng keceh dhuwit

Kelapa sawit, pohonnya tinggi buahnya kecil

Masih siswa jangan suka pegang uang banyak


Tawon madu, ngisep sari kembang jambu

Aja nesu, yen dituduhna luputmu

Tawon madu menghisap sari bunga jambu

Jangan marah jika ditunjukkan kesalahanmu


Parikan 8 wanda + 8 wanda x 2

Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula

Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa

Sayur kacang winor kara, banyak garam kurang gula

Pesanku kepada para murid, janganlah takut dalam susah


Kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati

Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Kayu hidup tidak bercabang, hijau – hijau daun jati

Orang hidup tidak mudah, makanya untuk berhati-hati.


GLADHEN PARIKAN

ngisor iki lanjutna isi parikan!

1.jangan kacang jangan gori

..................................................................................

2.mlaku-mlaku maring Semarang

oleh-olehe iwak bandheng

..................................................................................

3...............................................................................

muga-muga lulus, dadi wong sukses

4.ana gula, ana semut

..................................................................................

5.manuk emprit, mabur ing pawon

.................................................................................

6..............................................................................

aku seneng kowe

nanging kowe karo deweke

7. ijo godong

abang getih

................................................................................

8.............................................................................

dadi murid kudu sregep

9. kutha Brebes, endog asin

................................................................................

10...........................................................................

bisa nyawang ora bisa nyanding

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Novel Merdeka Xl

MATERI WACANA KELAS X KURMER

Materi Pariwara