PURWAKANTHI
Purwakanthi asale saka tembung purwa tegese wiwitan lan kanthi ateges gandheng. Purwakanthi yaiku ukara kang duweni ciri wanda utawa tembung kang meh padha merga dibaleni, disrempetake, lan digandheng wanda utawa ukara ngarep karo burine saengga surasane endah.
Jenis Purwakanthi
1. Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi utawa digandeng aksara swarane.
tuladha :
a. Gemi setiti ngati-ati
b. Desa mawa cara, negara mawa tata
2. Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi sing dikanthi utawa digandeng sastrane utawa aksarane.
tuladha:
a. kala kula kelas kalih kula kulak kolang-kaling kalih kilo.
b. tata titi tentrem kerta raharja.
3. Purwakanhi lumaksita/basa yaiku purwaknthi sing di kanthi utawa digandheng tembung pungkasan ukara
tuladha:
a. Jarwa pinter, pintere striya ing Pringgondani
b. Jarwa mudha, mudhane sang prabu Kresna
GLADHEN
Wangsulana pitakonan ngisor iki pilih wangsulan sastra, swara, apa basa!
1. Durung pecus keselak besus. (...................)
2. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah. (................)
3. Ora obah ora mamah. (................)
4. Tata titi tutug tatug, tanggung jawab. (.................)
5. Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana. (.................)
6. Desa mawa cara negara mawa tata. (....................)
7. Ora ngedan, ora keduman. (.................)
8. Babat, bibit, bobot, bebet. (...................)
9. Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.
(..................)
10. Katula-tula ketali. (................)
11. Becik ketitik, ala ketara. (..................)
12. Sluman, slumun, slamet. (...................)
13. Witing tresna jalaran saka kulina. (......................)
14. Sing sapa salah bakale seleh. (.................)
15. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lan waspada.
(.................)
Komentar
Posting Komentar